Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 8 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu paring pitulungan marang wong wadon ing Sunem

8:1-6

1. Nabi Elisa maune wus ngandika marang wong wadon kang anake diuripake maneh: “Kowe tata-tataa lan lungaa sabrayatmu, manggona dadi wong neneka ana ing ngendi bae anggonmu bisa oleh panggonan, sabab Pangeran Yehuwah wus ndhawuhake anane pailan, kang mesthi bakal tumempuh marang ing nagara iki lawase nganti pitung taun.”

2. Wong wadon mau nuli tata-tata lan nglakoni apa kang kapangandikakake dening abdining Allah; dheweke lunga sakulawargane sarta banjur manggon dadi wong neneka ana ing nagarane wong Filisti lawase pitung taun.

3. Bareng wus pitung taun wong wadon iku bali saka ing nagarane wong Filisti lan banjur marek marang ing ngarsane Sang Nata lapur bab omah lan pategalane.

4. Ing nalika iku Sang Prabu lagi ngandika marang Gehazi, rencange abdining Allah: “Coba ingsun caritanana bab sakehing panggawene Nabi Elisa kang linuwih!”

5. Bareng Gehazi lagi nyritakake bab anggone Nabi Elisa nggesangake bocah kang wus mati, wong wadon kang anake diuripake iku teka marek marang ing ngarsane Sang Nata lapur bab omah lan pategalane. Gehazi tumuli munjuk: “Dhuh gusti kawula Sang Prabu, punika tiyangipun estri saha punika ingkang dipun gesangaken dening Nabi Elisa.”

6. Sang Nata tumuli ndangu marang wong wadon iku, dene wong wadon iku iya banjur mratelakake caritane kabeh marang panjenengane. Sang Prabu tumuli paring dhawuh marang sawijining punggawa kraton supaya mbarengi lakune wong wadon mau kalawan kaparingan piweling: “Sakehing barang darbeke lan sakehing pametune pategalane wiwit nalika wong wadon iku lunga saka ing nagara kene nganti saprene, iku balekna marang dheweke.”

Nabi Elisa ana ing Damsyik

8:7-15

7. Kacarita Nabi Elisa rawuh ing kutha Damsyik. Nalika iku Sang Prabu Benhadad, ratu ing nagara Aram pinuju gerah. Bareng Sang Prabu dicaosi uninga: “Abdining Allah sampun rawuh mriki.”

8. Sang Prabu dhawuh marang Hazael: “Sira nggawaa atur-atur lan methuka abdining Allah iku sarta nyuwuna pitedahe Pangeran Yehuwah lumantar abdine iku: Ingsun apa bakal senggang anggoningsun gerah iki.”

9. Hazael banjur methuk marang Nabi Elisa kalawan nggawa atur-atur arupa sakehing barang ing Damsyik kang endah-endah, kehe patang puluh momotan unta. Bareng wis tekan nuli sowan ing ngarsane Nabi Elisa lan matur: “Ingkang putra Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram, utusan kula aturipun: Punapa kula badhe senggang anggen kula gerah punika?”

10. Wangsulane Nabi Elisa: “Balia, matura marang panjenengane: Panjenengan dalem temtu badhe senggang. Nanging sanadyan mangkono, Pangeran Yehuwah wus paring wangsit marang aku, manawa panjenengane mesthi bakal seda, marga disedani.”

11. Nabi Elisa nuli mandeng mangarep nganti suwe, wasana abdining Allah iku banjur muwun.

12. Hazael matur: “Punapa sababipun dene bendara kula kok muwun?” Wangsulane Nabi Elisa: “Sabab aku sumurup, manawa kowe bakal nandukake piala kang gedhe banget marang wong Israel: kuthane beteng bakal padha kokobongi, wonge nonoman bakal padha kokpateni kalawan pedhang, bayine bakal padha kokbantingi lan wonge wadon kang ngandheg bakal padha kokbedheli.”

13. Bareng mangkono Hazael matur: “Nanging ingkang abdi punika sinten ta, rak namung segawon ta, lah kok saged nindakaken prakawis ingkang ngedab-edabi makaten?” Wangsulane Nabi Elisa: “Pangeran Yehuwah wus paring wangsit marang aku, manawa kowe bakal dadi ratu ing Aram.”

14. Hazael tumuli mundur saka ing ngarsane Nabi Elisa sarta bareng wus tekan ing ngarsane gustine, Sang Prabu ndangu: “Kapriye pangandikane Nabi Elisa marang kowe?” Unjuke: “Pangandikanipun dhateng kawula, panjenengan dalem temtu badhe senggang.”

15. Nanging esuke Hazael njupuk kemul kang wus kacelupake ing banyu, banjur dikrukubake ing pasuryane Sang Prabu, temah Sang Prabu tumuli seda; Hazael tumuli jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.

Sang Prabu Yoram, ratu ing Yehuda

8:16-24

16. Ing taun kang kaping limane jamane Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel -- ing nalika iku kang jumeneng ratu ing Yehuda Sang Prabu Yosafat -- Pangeran Yoram, putrane Sang Prabu Yosafat ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.

17. Nalika jumeneng ratu iku yuswane telung puluh loro taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem suwene wolung taun.

18. Sugenge niru tindake para ratu ing Israel kaya kang dilampahi dening kulawargane Sang Prabu Akhab, amarga kang dadi garwane iku putri putrane Sang Prabu Akhab. Panjenengane nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah.

19. Ewasamono Sang Yehuwah ora karsa nyirnakake Yehuda, marga saka Sang Prabu Dawud, abdine, nocogi ing prasetyane marang Sang Prabu Dawud, manawa bakal paring turun marang panjenengane lan marang para putrane nganti ing salawas-lawase.

20. Nalika jamane Sang Prabu Yoram mau bangsa Edom mbalela lan uwal saka ing pangwasane Yehuda sarta banjur njumenengake ratu dhewe.

21. Sang Prabu Yoram tumuli nglurug menyang ing Zair mbekta sakehe wadya-bala kreta. Bareng ing wayah bengi Sang Nata wungu lan banjur nrobos barisaning wong Edom, kang ngepung panjenengane bebarengan karo para panggedhening bala kretan, nanging rakyate padha mlayu lan padha mulih menyang ing tarube.

22. Kaya mangkono anggone bangsa Edom mbalela lan banjur uwal saka ing pangwasane Yehuda nganti ing saiki. Sawuse iku Libna uga mbalela, iya dhek jaman samana iku.

23. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoram lan sakehe pandamele, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para raja ing Yehuda.

24. Sang Prabu Yoram nuli kepareng aso nunggil karo para leluhure sarta banjur kasarekake ana ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Pangeran Ahazia, ingkang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

Sang Prabu Ahazia ratu ing Yehuda

8:25-29

25. Ing taun kang kaping rolase jamane Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel, Pangeran Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.

26. Nalika jumeneng ratu iku yuswane rolikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem suwene setaun. Kang ibu asmane Atalya, wayahe Sang Prabu Omri, ratu ing Israel.

27. Sugenge ngenut pratingkahe kulawargane Sang Prabu Akhab sarta nglampahi apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah kayadene kulawargane Sang Prabu Akhab, amarga dadi mantune kulawarga iku.

28. Sang Prabu Ahazia iku tumut karo Sang Prabu Yoram putrane Sang Prabu Akhab, nglurugi perang Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, ana ing Ramot-Gilead.

29. Nanging bareng Sang Prabu Yoram ditatoni dening wong Aram, banjur kondur menyang ing Yizreel, supaya tatune, kang marga saka panempuhe wong Aram ana ing Rama nalika perang nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, iku dijampenana. Anadene Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram, ratu ing Yehuda banjur tindak martuwi marang Sang Prabu Yoram putrane Sang Prabu Akhab, marga iku nandhang gerah.