Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 6:32 Kitab Sutji (JAV)

Anadene Nabi Elisa lelenggahan ana ing daleme karo para pinituwa. Sang Nata utusan wong ndhisiki panjenengane, nanging sadurunge kang kautus mau tekan ing ngarsane Nabi Elisa, Nabi Elisa wus ngandika marang para pinituwa iku: “Apa kowe padha sumurup, si tukang mateni iku kongkonan wong ngethok guluku? Padha sing awas, manawa kongkonan iku teka, banjur enggal-enggal inebana lawang sarta wonge iku dedelen ing lawang, supaya ora bisa lumebu. Swaraning tindake gustine rak wus keprungu ana ing buri?”

maca bab lengkap 2 Para Raja 6

tampilan 2 Para Raja 6:32 ing konteks