Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 17 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Hosea, ratu ing Israel

17:1-6

1. Ing taun kang kaping rolase jamane Sang Prabu Akhas, ratu ing Yehuda, Sang Hosea putrane Sang Ela, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria, dene anggone ngasta paprentahan lawase sangang taun.

2. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, nanging ora kaya ratu-ratu ing Israel kang ngrumiyini panjenengane.

3. Sang Prabu Salmaneser, ratu ing Asyur, nglurugi perang panjenengane, Sang Prabu Hosea teluk marang panjenengane lan ngaturake bulubekti.

4. Nanging Sang Nata ing Asyur banjur ngonangi anggone Sang Prabu nganakake sekuthon, amarga Sang Prabu Hosea wus ngintunake utusan marang Sang Prabu So, ratu ing Mesir lan ora nyaosi bulubekti maneh marang Sang Nata ing Asyur, kaya adate saben taun. Mulane Sang Nata tumuli dhawuh nyepeng panjenengane, banjur kabanda lan kalebetake ing pakunjaran.

5. Sawuse mangkono Sang Nata ing Asyur nuli tindak ndlajahi nagara kono kabeh, Samaria ditempuh lan dikepung nganti telung taun lawase.

6. Ing taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, Sang Nata ing Asyur ngejegi Samaria. Wong Israel padha diboyongi menyang ing Asyur, menyang ing pambuwangan, padha didhawuhi manggon ana ing Halah, ing pinggiring kali Habor, yaiku kaline nagara Gozan, lan ana ing kutha-kuthane wong Madhai.

Karajan Israel ambruk

17:7-23

7. Kelakone iku mau marga wong Israel wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, kang wus nuntun saka ing tanah Mesir, kaluwaran saka ing pangwaose Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, lan marga saka anggone wus padha nyembah marang allah liyane,

8. marga lakune manut adat-tatacarane para bangsa kang wus padha kasingkirake dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel, sarta marga saka anggone padha manut ing pranataning para ratu ing Israel.

9. Sabanjure wong Israel wus padha nglakoni bab-bab kang ora pantes tumrap Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe. Padha ngedegake tengger-tengger pangurbanan ana ngendi bae pamanggone, ana ing sacedhake panggung pajagan lan ana ing kutha-beteng;

10. padha ngedegake tugu-tugu brahala lan saka-saka brahala ana ing saben tengger kang dhuwur lan ana ing sangisoring wit-witan kang ngrembuyung,

11. ana ing kono ana ing sakehing tengger iku padha ngobong kurban kayadene bangsa-bangsa kang wus padha katawan kabucal dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe. Padha nglakoni panggawe ala, satemah njalari gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah; padha nyembah brahala,

12. sanadyan Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Sira aja padha nglakoni mangkono!”

13. Sang Yehuwah wus ngengetake wong Israel lan wong Yehuda lumantar sakehing nabi lan sakehe wong sidik: “Sira padha balia saka ing dalan-dalanira kang ala iku lan lestaria padha nindakake dhawuh lan pranataningSun, laras kalawan sakehing angger-angger kang wus Sunparingake marang para leluhurira kang wus Sunparingake lumantar para abdiningSun, para nabi.”

14. Nanging padha ora gelem ngrungokake, malah banjur padha ngakokake githoke kaya dene para leluhure kang padha ora pracaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe.

15. Padha nampik pranatane lan prajanjiane, kang wus dianakake kalawan para leluhure, uga ora maelu marang pepengeting Sang Yehuwah kang wus ngengetake marang dhawuh-dhawuhe, padha ngetut-buri dewa kang tanpa guna, dadine padha niru para bangsa ing saubenge, sanadyan Pangeran Yehuwah wus dhawuh: Aja padha tumindak kaya bangsa-bangsa iku.

16. Kabeh wus padha ninggal sakehing dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan wus padha gawe pedhet cithakan; uga wus padha gawe reca Asyera, padha sujud nyembah marang sakehe wadya-bala ing langit lan nindakake pangibadah marang Baal.

17. Wuwuh-wuwuh banjur padha misungsungake anak-anake kanggo kurban ing geni lan padha nindakake patenungan, sarta petungan apadene padha gawe asoring awake kalawan nglakoni apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, satemah ndadekake gerahing panggalihe Pangeran Yehuwah.

18. Mulane Pangeran Yehuwah duka banget marang Israel, kaedohake saka ing ngarsane; ora ana kang kari kejaba mung suku Yehuda. --

19. Uga Yehuda ora nggondheli marang dhedhawuhaning Sang Yehuwah, Gusti Allahe, nanging padha lumaku manut ing pranatan gaweane Israel,

20. dadine Pangeran Yehuwah banjur nampik marang sakehe turune Rama Israel: padha katindhes lan diulungake marang ing tanganing para tukang njarah-rayah, padha kabucal dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarsane nganti entek. --

21. Nalika Panjenengane methal Israel saka ing kulawargane Sang Prabu Dawud, Israel banjur ngangkat Yerobeam bin Nebat kadadekake ratu, nanging Sang Prabu Yerobeam dadi jalarane wong Israel padha ninggal Pangeran Yehuwah, satemah padha nglakoni panggawe dosa kang gedhe.

22. Kaya mangkono anggone wong Israel urip manut ing sakehe dosa kang katindakake dening Sang Prabu Yerobeam,

23. ora padha didohi, nganti Pangeran Yehuwah nebihake wong Israel iku saka ing ngarsane, kaya kang wus kapangandikakake lumantar sakehing abdine, para nabi. Wong Israel diangkut saka ing tanahe menyang ing nagara Asyur, kaparakake marang ing pambuwangan. Mangkono iku nganti saprene.

Para wong Samaria

17:24-41

24. Sang Raja ing Asyur dhawuh mboyongi wong saka ing Babil, Kuta, Awa, Hamat lan Sefarwaim, padha dipanggonake ing kutha-kutha ing Samaria dadi gentine wong Israel; wong-wong iku iya banjur padha ngebeki Samaria lan manggon ana ing kutha-kuthane.

25. Nalika lagi bae manggon ing kono, wong-wong mau padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mulane Sang Yehuwah nuli ndhatengake singa ana ing satengahe wong-wong iku; ana wong sawetara kang padha dipateni dening singa-singa mau.

26. Nuli ana wong kang munjuk marang Sang Nata ing Asyur: “Bangsa-bangsa ingkang panjenengan dalem boyongi dados tawanan saha kadhawuhan manggen ing kitha-kitha ing Samaria punika boten sami mangretos dhateng tatananing pangibadah dhateng Gusti Allahipun nagari ngriku, milanipun Gusti Allah wau lajeng nguculaken singa wonten ing satengahipun, lan tiyang-tiyang wau nunten sami dipun pejahi dening singa-singa punika, awit boten sami mangretos dhateng tatananing pangibadah dhateng Gusti Allahipun nagari ngriku.”

27. Sang Raja ing Asyur tumuli paring dhawuh mangkene: “Salah sijining imam panunggalane kang wus padha sira tawan lan sira parakake marang pambuwangan iku konen mrana, kareben manggon ing kana lan mulang marang wong-wong iku bab tatananing pangibadah marang Allahe nagara kono!”

28. Salah sawijining imam kang wus diboyong saka ing Samaria menyang ing pambuwangan nuli mangkat lan manggon ing Betel sarta banjur mulang marang wong-wong bab patrape ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

29. Nanging saben bangsa iku wus gawe allahe dhewe, kang kapapanake ana ing omah-omah pepundhen ana ing tengger-tengger pangurbanan kang digawe dening para wong Samaria; saben bangsa tumindak mangkono ana ing kutha kang dienggoni:

30. wong Babil gawe reca Sukot-Benot, wong Kuta gawe reca Nergal, wong Hamat gawe reca Asima,

31. lan wong Awa gawe reca Nibhas tuwin Tartak. Wong Sefarwaim padha ngobong anak-anake minangka kurban marang Adramelekh lan Anamelekh, allah-allah ing Sefarwaim.

32. Kejaba iku wong-wong mau padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah sarta ngangkat imam kanggo tengger-tengger pangurbanan saka ing kalangane dhewe; iya wong iki kang padha nindakake pangibadah kanggo dheweke kabeh ana ing omah-omah pepundhen ing tengger-tengger pangurbanan kono.

33. Dadine padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, nanging iya ngabekti marang allahe dhewe, cundhuk karo adat-tatacarane bangsa asale, nalika padha kaboyong dadi tawanan.

34. Nganti saprene wong-wong mau padha nindakake adat-tatacarane kang biyen.Wong-wong iku ora padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah lan ora nglakoni kang laras karo pranatan, angger-angger, undhang-undhang lan dhawuh-dhawuh peparinging Sang Yehuwah marang para turune Rama Yakub, kang wus kaparingan asma Israel.

35. Pangeran Yehuwah wus nganakake prajanjian karo para turune Rama Yakub iku lan wus padha diparingi dhawuh: “Sira aja padha ngabekti marang allah liyane, sira aja padha sujud nyembah marang iku, sira aja padha ngibadah marang iku lan aja padha misungsung kurban marang iku.

36. Nanging Pangeran Yehuwah kang wus nuntun sira kabeh saka ing tanah Mesir kalawan kekiyatan kang gedhe, kalawan ngacungake astane, iku kang kudu sira bekteni, iku kang kudu sira sujudi lan sira sembah lan kang kudu sira caosi kurban,

37. sarta pranatan-pranatan, tatanan-tatanan, angger-angger lan dhawuh-dhawuh kang wus diserat kanggo sira kabeh, iku padha sira gatekna tuwin tansah padha sira lakonana kalawan setya, apadene aja padha ngabekti marang allah liyane.

38. Sira aja padha lali marang prajanjian kang wus Ingsun anakake kalawan sira kabeh sarta sira aja padha ngabekti marang allah liyane,

39. kejaba marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, iku kang kudu sira bekteni. Manawa mangkono Panjenengane bakal ngluwari sira saka ing tangane sakehing mungsuhira.”

40. Nanging ora padha gelem ngrungokake, malah padha nglakoni adat-tatacarane kang biyen.

41. Dadine bangsa-bangsa iku padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, nanging iya padha nyembah marang reca-recane; iya anak-anake, iya putu-putune lan buyut-buyute, kabeh padha nglakoni apa kang ditindakake dening para leluhure, nganti tumeka ing dina iki.