Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 18 Kitab Sutji (JAV)

Pangedume kekarening tanah Kanaan ana ing Silo

18:1-10

1. Wong Israel saumat kabeh banjur padha nglumpuk ana ing Silo sarta ngadegake Tarub Pasewakan ana ing kono, amarga nagara iku wus katelukake.

2. Ing nalika samana ing antarane Banisrael isih ana pitung taler kang durung oleh panduman tanah-pusaka.

3. Senapati Yusak banjur ngandika marang Banisrael: “Pira lawase anggonmu padha ngenak-enak lan ora tumandang ngejegi nagara peparinge Sang Yehuwah, Gusti Allahe leluhurmu?

4. Padha ngajokna wong telu saka saben taler, iku bakal padha dakdhawuhi siyaga arep dakutus ndlajahi nagara iku, sarta nyatheti kaanane miturut pandumane, banjur bali mrene.

5. Sawise iku tanahe kaperanga dadi pitung panduman. Taler Yehuda tetepa ana ing tlatahe kang kidul lan bani Yusup iya tetepa ana ing tlatahe kang lor.

6. Kowe padha nyathetana kaanane nagara iku dadi pitung panduman, cathetane iku banjur gawanen mrene, nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing kene ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.

7. Sabab wong Lewi padha ora oleh panduman ana ing tengahmu, amarga kalungguhane dadi imame Sang Yehuwah kang dadi pusakane sarta mungguh Gad lan Ruben apadene separone taler Manasye iku wus padha nampani tanah-pusaka ana ing sabrange bengawan Yarden ing sisih wetan, kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.”

8. Wong mau tumuli padha tata-tata lan banjur mangkat. Lungane mau kambi nyatheti kaanane nagara iku kaya sapiwelinge Senapati Yusak, kang mangkene: “Padha mangkata, nagara iku dlajahana lan cathetana kaanane, banjur padha balia mrene nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Silo kene.”

9. Wong-wong mau nuli padha mangkat ndlajahi nagara iku, lan nyatheti kaanane dadi pitung panduman, kutha siji lan sijine kamot ing daftar, banjur padha bali menyang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Silo.

10. Senapati Yusak banjur nguncalake undhi kanggo wong-wong mau ana ing Silo ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta tanahe didum-dum Sang Yusak kanggo Israel ana ing kono miturut pandumane dhewe-dhewe.

Tanah-pusakane taler Benyamin

18:11-28

11. Talere Benyamin iku katiban undhi miturut gotrahe, dene tlatahing panduman kang diundhekake iku prenahe ana ing antarane bani Yehuda lan bani Yusup.

12. Watese ing sisih lor wiwit ing bengawan Yarden, nuli munggah ing ereng-ereng gunung salore Yerikho, munggah mangulon menyang ing pagunungan lan ngener menyang ing ara-ara samun Bet-Awen.

13. Saka ing kono watese terus menyang ing Lus, mangidul, ngener ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Lus, yaiku ing Betel; nuli watese medhun menyang ing Atarot-Adar ing pagunungan kang ana ing sakidule Bet-Horon ing lebak,

14. watese mau banjur mlengkung, nuli menggok saka ing pagunungan ing sisih kanane Bet-Horon ing sisih kidul banjur menggok ngidul ngulon anjog ing Kiryat-Baal, yaiku ing Kiryat-Yearim, kutha darbeke bani Yehuda. Iku kang sisih kulon.

15. Dene sisihe kang kidul iku wiwit ing pungkasane Kiryat-Yearim,

16. banjur mangulon, lan ngener ing sendhang Me-Neftoah. Watese iku tumuli medhun tutug ing pungkasane pagunungan kang ana ing ngarepe Lebak Ben-Hinom, ing salore lebake wong Refaim, banjur mudhun menyang Lebak Hinom, ing saurute ereng-erenging gunung Yebus, mangidul, banjur mudhun maneh menyang ing sendhang En-Rogel.

17. Tumuli nekuk mangalor ngener ing En-Semes, banjur menyang ing Gelilot, ing sisih kanane unggah-unggahan ing Adumim, nuli medhun menyang ing watu Bohan bin Ruben,

18. banjur menyang ing ereng-erenging gunung ing sisih kanane Bet-Araba mangalor, banjur medhun menyang ing Araba-Yordan.

19. Watese nuli terus metu ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Bet-Hogla mengalor, sarta anjog ing teluke Sagara-Asin kang sisih lor, ing sungapane bengawan Yarden ing sisih kidul, iku watese kang kidul.

20. Dene bengawan Yarden iku kang dadi watese ing sisih wetan, yaiku kang dadi tanah-pusakane bani Benyamin miturut gotrahe kalawan wates-watese mubeng.

21. Mungguh kutha-kuthane taler bani Benyamin miturut gotrahe yaiku: Yerikho, Bet-Hogla, Emek-Kezis,

22. Bet-Araba, Zemaraim, Betel,

23. Haawim, Para, Ofra,

24. Kefar-Haamonai, Ofni lan Geba; kutha rolas karo desa-desane.

25. Gibeon, Rama, Beerot,

26. Mizpa, Kefira, Moza,

27. Rekem, Yirpeel, Tarala,

28. Zela, Elef lan Yebus, yaiku Yerusalem, Gibeat lan Kiryat; kutha patbelas karo desa-desane. Iku mau tanah-pusakane bani Benyamin miturut gotrah-gotrahe.