Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 19 Kitab Sutji (JAV)

Tanah pusakane taler Simeon

19:1-9

1. Undhian kang kapindho tumiba marang taler Simeon, yaiku talere bani Simeon miturut gotrahe, tanah-pusakane kaprenah ana ing tengah-tengahing tanah-pusakane bani Yehuda.

2. Dene kang dadi darbeke yaiku: Bersyeba, Syeba, Molada,

3. Hazar-Sual, Bala, Ezem,

4. Eltolad, Betul, Horma,

5. Ziklag, Bet-Hamarkabot, Hazar-Susa,

6. Bet-Lebaot lan Sarukhen, kutha telulas lan desa-desane,

7. En-Rimon, Eter, lan Asan, kutha papat lan desa-desane,

8. uga sakehing desa kang ana ing sakubenge kutha iku mau tutug ing Baalat-Beer, yaiku Rama, ing tanah kidul. Iku tanah-pusakane talere bani Simeon, miturut gotrahe.

9. Tanah-pusakane bani Simeon iku kajupuk saka pandumane bani Yehuda, amarga tanah-pusakane bani Yehuda kakehan, mulane bani Simeon padha oleh tanah-pusaka ana ing satengahe tanah-pusakane Yehuda.

Tanah-pusakane taler Zebulon

19:10-16

10. Undhian kang katelu iku tumiba marang bani Zebulon miturut gotrahe; watesing tanah-pusakane iku tutug ing Sarid.

11. Watese banjur mangulon munggah menyang ing Marala, nyrempet ing Dabeset, lan nuli nyrempet kali kang mili ngliwati Yokneam.

12. Saka ing Sarid watese mau menggok mangetan ngener pletheking srengenge, ngliwati dhaerah Khislot-Tabor, ngener ing Dobrat, nuli munggah menyang ing Yafia.

13. Saka ing kono terus mangetan ngener pletheking srengenge, menyang ing Gat-Hefer, menyang ing Et-Kazim, ngener ing Rimon lan mlengkung menyang ing Nea.

14. Watese banjur menggok ngubengi kutha iku ana ing salore Hanaton lan anjog ing lebak Yiftah-El.

15. Banjur Katat, Nahalal, Simron, Yidala lan Betlehem; kutha rolas karo desa-desane.

16. Yaiku tanah-pusakane wong bani Zebulon miturut gotrahe, iya iku kutha-kuthane mau karo desa-desane.

Tanah-pusakane taler Isakhar

19:17-23

17. Undhian kang kapat iku tumiba marang talere Isakhar, yaiku marang bani Isakhar miturut gotrahe.

18. Kang dadi tlatahe yaiku: Yizreel, Khesulot, Sunem,

19. Hafaraim, Sion, Anakharat,

20. Rabit, Kisyon, Ebes,

21. Remet, En-Ganim, En-Hada, lan Bet-Pazes.

22. Watese nyrempet ing Tabor, ing Sahazima, lan Bet-Semes, dene watese anjog ing bengawan Yarden: gunggung kutha nembelas lan desa-desane.

23. Yaiku tanah-pusakane taler bani Isakhar miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.

Tanah-pusakane taler Asyer

19:24-31

24. Undhian kang kalima iku tumiba marang taler bani Asyer miturut gotrahe.

25. Kang dadi dhaerahe yaiku: Helkat, Hali, Beten, Akhsaf,

26. Alamelekh, Amad lan Misal, sarta watese nyrempet ing gunung Karmel lan ing kali Libnat ing sisih kulon.

27. Banjur menggok ngener pletheking srengenge menyang ing Bet-Dagon; nyrempet dhaerah Zebulon lan ing lebak Yiftah-El ing sisih lor, Bet-Emek lan Nehiel, lan ngener ing Kabul ing sisih lor.

28. Banjur menyang ing Ebron, Rehob, Hamon lan Kana nganti tutug ing Sidon Gedhe.

29. Wates iku nuli mbalik menyang ing Rama lan tutug ing kutha beteng tirus, watese banjur mbalik maneh menyang Hosa, lan anjog ing segara; apadene Mahalab, Akhzib,

30. Uma, Afek lan Rehob kutha rolikur karo desa-desane.

31. Yaiku tanah-pusakane taler bani Asyer miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.

Tanah-pusakane taler Naftali

19:32-39

32. Undhian kang kanem iku tumiba marang bani Naftali, yaiku marang bani Naftali miturut gotrahe.

33. Dhaerahe wiwit ing Helef, saka wit kayu elon ing Zaananim, Adami-Nekeb lan Yabneel tutug ing Lakum, sarta anjog ing bengawan Yarden.

34. Watese banjur bali mangulon menyang ing Asnot-Tabor, terus menyang ing Hukok, nyremped ing tlatahe Zebulon sisih kidul, nyremped tlatahe Asyer, ing sisih kulon sarta laladan Yehuda ing bengawan Yarden, pener pletheking srengenge.

35. Kutha-kuthane beteng yaiku: Zidim, Zer, Hamat, Rakat, Kineret.

36. Adama, Rama, Hazor,

37. Kedesy, Edrei, En-Hazor,

38. Yiron, Migdal-El, Horem, Bet-Anat, lan Bet-Semes, kutha sangalas karo desa-desane.

39. Iku tanah-pusakane taler bani Naftali miturut gotrahe, iya kutha-kutha iku karo desa-desane.

Tanah-tanah pusakane taler Dhan

19:40-48

40. Undhian kang kapitu iku tumiba marang talere bani Dhan miturut gotrahe.

41. Kang dadi tanah-pusakane yaiku: Zora, Esytaol, Ir-Semes,

42. Saalabin, Ayalon, Yitla,

43. Elon, Timna, Ekron,

44. Elteke, Gibeton, Baalat,

45. Yehud, Bene-Berak, Gat-Rimon,

46. Me-Yarkon lan Rakon, karo tlatah ing sisih kanane Yafo.

47. Nanging sarehne tlatahe bani Dhan iku kerupeken, bani Dhan banjur padha nglurug perang nglawan kutha Lesem; iku nuli kabedhah, wonge padha katumpes klawan landheping pedhang, sarta nagarane tumuli diejegi lan dienggoni; kutha Lesem mau tumuli dielih arane dadi Dhan, miturut asma Dhan leluhure.

48. Iku mau tanah-pusakane talere bani Dhan miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.

Tanah-pusakane Sang Yusak

19:49-51

49. Sawuse wong Israel rampung anggone padha ngedum nagara iku dadi tanah-pusakane miturut dhaerah-dhaerahe, wong Israel banjur padha ngaturi tanah-pusaka marang Senapati Yusak, bin Nun ana ing satengahe.

50. Manut dhawuhe Sang Yehuwah Senapati Yusak diaturi kutha kang dikarsakake, yaiku: Timnat-Serah ing pagunungan Efraim; kutha iku nuli dibangun lan didalemi.

51. Iku mau tanah-pusaka kang padha didum-dumake sarana kaundhi ana ing Silo dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak, bin Nun sarta para panggedhening taler ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe lawang Tarub-Pasewakan. Mangkono anggone padha ngrampungake pangeduming nagara iku.