Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 17 Kitab Sutji (JAV)

1. Taler Manasye undhiane iya banjur oleh, amarga iku putra pambajenge Sang Adipati Yusup. Makhir pembarepe Manasye, bapakne Gilead, iku sarehne prajurit, mulane wus kaparingan tanah Gilead lan Basan.

2. Mulane turune Manasye liyane padha oleh panduman iku miturut gotrahe, yaiku kanggo bani Abiezer, bani Helek, bani Asriel, bani Sekhem, bani Hefer, lan bani Semida; iku turune lanang Manasye putrane Sang Yusup miturut gotrah-gotrahe.

3. Dene Zelafehad trahe Hefer bin Gilead, bin Makhir, bin Manasye iku ora duwe anak lanang, nanging mung anak wadon, yaiku: Makhla, Noa, Hogla, Milka lan Tirza.

4. Iku padha marak marang ing ngarsane Imam Eleazar lan marang ing ngarsane Senapati Yusak bin Nun sarta ing ngarsane para panggedhe, ature: “Sang Yehuwah sampun dhawuh dhateng Nabi Musa supados kula sami kaparingana tanah-pusaka wonten ing satengahing sanak-sadherek kula.” Mulane anake wadon Zelafehad mau banjur padha diparingi tanah-pusaka ana ing satengahe para sadulure bapakne, condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah.

5. Mulane taler Manasye oleh sepuluh panduman, liya saka tanah Gilead lan tanah Basan kang ana ing sabrange bengawan Yarden.

6. Amarga turune Manasye kang wadon padha melu oleh tanah-pusaka ana ing satengahe anak lanang; dene tanah Gilead wus tumiba ing turune Manasye kang lanang liyane.

7. Dadine tapel-watese tlatahe taler Manasye iku wiwit saka ing Asyer tutug ing Mikhmetat, ing sawetane Sikhem, banjur mangidul tutug ing panggonane wong ing En-Tapuah.

8. Dene tanah Tapuah iku, duweke suku Manasye, nanging kutha Tapuah dhewe kang cedhak karo tapel-watese dhaerah Manasye, iku duweke bani Efraim.

9. Wates mau banjur medhun menyang ing kali Kana, ing sakidule kali iku; dene kutha-kutha ing kono iku padha melu Efraim sanadyan ana ing tengah-tengahe kutha-kuthane Manasye; watese tlatahe Manasye nuli metu ing saloring kali, anjog ing segara.

10. Kang sisih kidul melu Efraim, kang sisih lor melu Manasye, dene kang dadi watese segara; ing sisih lor tunggal wates karo Asyer, lan ing sisih wetan karo Isakhar.

11. Nanging taler Manasye iya duwe dhaerah kang ana sajroning wilayahe Isakhar lan Asyer, iya iku: Bet-Sean dalah sakehe kutha-kutha wewengkone, Yibleam dalah sakehe kutha-kutha wewengkone, wong ing Dor sakutha-kuthane, wong En-Dor sakutha-kuthane, wong ing Taanakh sakutha-kuthane, apadene wong ing Megido sakutha-kuthane, dadi tlatah tengger telu iku.

12. Nanging wong trahe Manasye padha ora kwagang ngrayud kutha-kutha iku mau, sabab wong Kanaan nekad padha manggon ana ing kono.

13. Anadene bareng wong Israel wus dadi santosa, wong Kanaan mau padha didadekake kuli nyanga karya, mung bae ora nganti ditundhung.

14. Bani Yusup banjur padha matur marang Senapati Yusak mangkene: “Punapaa dene kula kok namung panjenengan paringi saundhian saha tanah-pusaka namung pasiten, mangka kula punika bangsa ingkang kathah jiwanipun, amargi saking berkahipun Sang Yehuwah dhateng kula ngantos sapriki punika?”

15. Paring wangsulane Senapati Yusak marang para wong mau: “Manawa kowe iku bangsa kang cacahe jiwamu akeh, mangka pagunungan ing Efraim ora nyukupi kanggo kowe kabeh, becike kowe menyanga ing alas ing nagarane wong Feris lan wong Refaim, manawa pagunungan Efraim kurang amba kanggo kowe.”

16. Bani Yusup banjur matur: “Tanah pareden punika boten badhe nyekapi tumrap kula, tuwin sadaya tiyang Kanaan ingkang manggen wonten ing papan-papan wradin ngriku sami gadhah kareta tosan, inggih ingkang wonten ing Bet-Sean saha kitha-kitha wewengkonipun, inggih ingkang wonten lebak Yizreel.”

17. Senapati Yusak tumuli ngandika marang bani Yusup, yaiku bani Efraim lan bani Manasye, dhawuhe: “Kowe iku akeh jiwamu lan gedhe karosanmu, mulane ora mung saundhian kang katemtokake kanggo kowe.

18. Nanging pagunungan iku dadia darbekmu, mung sarehne wujud alas, mulane babadana, nganti tekan ing poncot-poncote pisan bakal dadi duwekmu, amarga bangsa Kanaan iku sanadyan padha duwe kareta wesi lan padha santosa, ewadene iya mesthi bakal bisa koktundhung uga.”