Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 23 Kitab Sutji (JAV)

Sesorahe Senapati Yusak nalika pamitan marang para panuntuning bangsa iku

23:1-16

1. Sawuse antara lawas, ing nalikane Sang Yehuwah wus paring tentrem marang Israel, uwal saka sakehe mungsuhe ing sakubenge, lan nalika Senapati Yusak wus sepuh, wus akeh yuswane,

2. Senapati Yusak banjur nimbali wong Israel kabeh, para tuwa-tuwane, para panggedhene, para hakime lan para tetindhihing wadyabala; iku kabeh padha dipangandikani mangkene: “Aku iki wus tuwa, wus akeh umurku,

3. lan kowe padha weruh dhewe apa kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang sakehe bangsa ing kene marga saka kowe kabeh, sabab Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku kang nyarirani perangmu.

4. Dieling, tlatahe sakehing para bangsa kang isih kari iku wus dakpandumake marang taler-talermu srana kaundhi dadi warisanmu wiwit ing bengawan Yarden, -- padha uga kaya sakehing bangsa kang wus daktumpes ing waktu iku, -- nganti tutug ing Segara Gedhe ing papan suruping srengenge.

5. Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang bakal nundhungi para bangsa mau ana ing ngarepmu lan nglungakake saka ing ngarepmu, temah kowe padha bisa ngejegi nagarane kaya kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah Allahmu marang kowe.

6. Kang iku kowe padha dipanggah anggonmu netepi lan nglakoni sakabehe kang katulisan ana ing kitab angger-anggere Nabi Musa, supaya aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen.

7. Aja nganti padha srawungan karo para bangsa kang isih ana ing tengah-tengahmu, sarta aja nganggep marang jenenge para allahe utawa supata demi iku, lan iku aja padha kokbekteni utawa koksujudi.

8. Nanging padha rumaketa marang Sang Yehuwah Allahmu dikaya anggonmu wus padha nglakoni nganti tumeka ing dina iki.

9. Sang Yehuwah rak wus nundhungi bangsa-bangsa kang gedhe lan santosa saka ing ngarepmu, sarta mungguh ing ngatase kowe ora ana wong siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepmu nganti tumeka ing dina iki.

10. Wong siji bae panunggalanmu bakal bisa mburu wong sewu, awit dene Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang nyarirani perangmu, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.

11. Kang iku dipadha mantep anggonmu padha asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang marga saka nyawamu.

12. Amarga manawa kowe padha mreduli lan padha rumaket marang kekarene para bangsa kang isih kari ana ing antaramu iki, malah nganti padha bebesanan lan sesrawungan karo wong-wong iku

13. titenana temenan, yen Sang Yehuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ora nundhungi para bangsa iku maneh saka ing ngarepmu, malah iku bakal padha dadi kala lan jiret tumrap ing kowe, tuwin dadi pecut tumrap ing lambungmu, apadene dadi klilip ana ing mripatmu, nganti kowe padha tumpes sirna saka ing tanah kang becik peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe iki.

14. Anadene ing samengko lah aku iki sadhela engkas bakal ngambah ing dalane samubarang kang kena ing rusak. Mulane kowe padha ngrasakna diklawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, yen mungguh sakehing prakara kang becik, kang wus dijanjekake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu ing ngatasi kowe, iku ora ana kang ora dileksanani.

15. Nanging padha kaya dene sakehing prakara kang becik kang wus kajanjekake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu iku kabeh wus kelakon, mangkono uga Sang Yehuwah iya bakal nekakake marang kowe sakehing prakara kang ora becik, nganti kowe padha katumpes kasirnakake saka ing tanah kang becik peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe iki,

16. menawa kowe padha nerak prajanjian kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe, sarta lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, ing kono bakal mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang kowe, temah kowe bakal enggal tumpes sirna saka ing nagara kang becik kang wus kaparingake marang kowe.”