Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 2 Kitab Sutji (JAV)

Para telik ing Yerikho

2:1-24

1. Senapati Yusak bin Nun kalawan sidheman banjur ngutus wong loro saka Sitim kakarsakake nelik, pangandikane: “Kowe padha mangkata, niti-priksaa nagara iku lan kutha Yerikho.” Wong mau tumuli padha mangkat, lan teka ing omahe sawijining wong wadon tunasusila, jenenge Rakhab lan nginep ana ing kono.

2. Ratu ing Yerikho tumuli kaaturan uninga, mangkene: “Kala wau dalu wonten tiyang panunggilanipun bangsa Israel dhateng nelik negari ngriki.”

3. Ratu ing Yerikho banjur utusan menyang ing omahe Rakhab, dhawuhe: “Wong-wong kang padha nekani sira lan padha teka ing omahira iku padha ladekna mrene, amarga tekane arep nelik negara kene kabeh.”

4. Nanging wong wadon mau wus nggawa wong loro mau, kang banjur didhelikake. Ature: “Pancen wonten tiyang jaler ndhatengi kula, nanging kula boten mangertos saking pundi pinangkanipun;

5. lan sareng wancinipun gapuranipun badhe kakancing saha sampun peteng, tiyang-tiyang wau sami kesah; kula boten sumerep dhateng pundi purugipun; kula aturi ngoyak, mesthi badhe ketututan.”

6. Nanging satemene wong mau padha dikon munggah ing payon lan diumpetake ing ngisore tumpukan rami, kang didekek ing payon kono.

7. Para utusan banjur ngoyak wong mau ana ing dalan kang anjog ing bengawan Yarden, nganti tumeka ing pasabrangan, lan sawuse wong kang ngoyak padha metu, gapurane nuli kakancing.

8. Sadurunge wong loro iku padha turu Rakhab munggah marani wong-wong mau menyang ing payon,

9. sarta kandha: “Kula sumerep, bilih Sang Yehuwah sampun maringaken tanah punika dhateng panjenengan, sarta kula sami kataman giris margi saking panjenengan, punapa dene sakathahing tiyang pribumi ing ngriki sami gumeter wonten ing ngarsa panjenengan,

10. amargi kula sampun sami mireng wartos bab anggenipun Sang Yehuwah ngasataken toyanipun seganten Teberau wonten ing ngarsa panjenengan, nalika panjenengan tindak medal saking tanah Mesir, punapa dene pandamel panjenengan dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, inggih punika Prabu Sihon lan Prabu Og, ingkang sampun panjenengan tumpes.

11. Sareng kula sami mireng bab punika, manah kula sami lemes tanpa daya sarta boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang taksih gadhah krekat wonten ing ngarsa panjenengan, amargi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, punika Gusti Allah ingkang wonten ing langit ing nginggil saha ing bumi ing ngandhap.

12. Ingkang punika panjenengan mugi karsaa supaos atas asmanipun Sang Yehuwah, sarehning kula sampun nandukaken kasaenan dhumateng panjenengan, panjenengan ugi badhe males kasaenan dhateng kulawarga kula saha kula mugi panjenengan paringi pratandha ingkang kenging kapitados,

13. bilih panjenengan badhe nggesangi tiyang sepuh kula, mekaten ugi sadherek kula jaler estri dalah sakukubanipun sadaya sarta badhe ngentasaken nyawa kula saking bebaya pejah.”

14. Wangsulane telik loro mau marang Rakhab: “Kula sami nanggel gesang panjenengan klayan ngetohaken nyawa kula, janji panjenengan boten nglairaken prakawis kula punika; benjing samangsa Sang Yahuwah sampun maringaken negari punika dhateng kula, kula sami badhe ngatingalaken panarimah saha kasetyan kula dhateng panjenengan.”

15. Wasana telik-telik mau banjur padha diudhunake sarana dhadhung metu ing cendhela; amarga omahe iku prenahe ana ing dhuwur baluwartine kutha, dadi pamanggone ana ing baluwarti.

16. Pangucape Rakhab marang wong mau: “Panjenengan kula aturi tindak dhateng ing pareden, supados sampun ngantos kepanggih kaliyan ingkang sami ngoyak panjenengan; wonten ing ngriku panjenengan kula aturi umpetan tigang dinten, ngantos ingkang ngoyak panjenengan sami mantuk, wasana panjenengan kula aturi nglajengaken lampah.”

17. Wong loro mau nuli celathu marang Rakhab: “Kula sami badhe luwar saking sumpah, ingkang panjenengan pundhut dhateng kula wau, --

18. lah manawi kula sami lumebet ing kitha ngriki, tamparan benang abrit punika panjenengan tangsulaken angsal cendhela ingkang kangge margi anggen panjenengan ngandhapaken kula, punapa malih rama-ibu panjenengan saha sadherek panjenengan dalah sakukuban panjenengan sadaya sami panjenengan kempalaken wonten ing dalem panjenengan.

19. Sok sintena ingkang medal saking korining dalem panjenengan, kedah nanggel akibatipun piyambak; manawi kawutahaken rahipun, kula boten sami badhe kalepatan, nanging sok sintena ingkang wonten ing dalem panjenengan punika, manawi wonten ingkang ngganggu damel, rahipun katempuhna dhateng kula.

20. Namung kemawon manawi prakawis punika ngantos panjenengan wartos-wartosaken, kula lajeng sami luwar saking sumpah ingkang dados pamundhut panjenengan dhateng kula wau.”

21. Celathune wong wadon mau: “Mugi kalampahana kados pangandika panjenengan.” Wong loro mau tumuli padha pamitan lan padha mangkat. Wong wadon iku tumuli nalekake tamparan abang mau ing cendhela.

22. Telik loro mau banjur padha lunga njujug ing pagunungan sarta padha lereb ana ing kono lawase telung dina, nganti saulihe kang padha ngoyak, iku wis padha nglacak ing sadalan-dalan, nanging ora ketemu.

23. Wong loro mau nuli padha mulih mudhun saka ing pagunungan lan padha nyabrang, sarta banjur sowan marang ngarsane Sang Senapati Yusak bin Nun, ngaturake pawarta bab apa kang wus kelakon.

24. Ature marang Sang Senapati Yusak: “Yehuwah sampun maringaken saindenging nagari punika dhateng ing tangan kita, malah sakathahipun tiyang saisinipun negari punika sampun sami kekes wonten ing ngajeng kita.”