Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 21 Kitab Sutji (JAV)

Kutha-kutha trahe Lewi

21:1-42

1. Para panggedhening kulawargane wong Lewi banjur padha sowan ing ngarsane Imam Eleazar lan ing ngarsane Senapati Yusak, bin Nun sarta marang ing ngarsane para kepalaning kulawargane taler-taler Israel.

2. Nuli padha matur marang panjenengane ana ing Silo tanah Kanaan mangkene: “Sang Yehuwah sampun paring dhawuh lumantar Nabi Musa, supados kula kaparingana kitha-kitha ingkang sami kula enggeni, dalah pangenanipun kangge raja-kaya kula.”

3. Wong Israel banjur masrahake kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki dalah pangonane marang wong Lewi, kajupukake saka ing tanah-pusakane manut dhawuhe Sang Yehuwah.

4. Undhiane nuli tumiba marang gotrah-gotrahe wong Kehat. Panunggalane wong Lewi kang klebu tedhake Imam Harun padha oleh undhian kutha telulas saka taler Yehuda, taler Simeon lan taler Benyamin.

5. Dene kekarene wong Kehat iku padha oleh kutha sepuluh sarana kaundhi saka taler Efraim, taler Dhan lan saka separone taler Manasye.

6. Turune Gerson padha oleh kutha telulas sarana kaundhi saka taler Isakhar, taler Asyer, taler Naftali lan saka separoning taler Manasye kang ana ing tanah Basan.

7. Trahe Merari padha oleh kutha rolas sarana kaundhi saka taler Ruben, teler Gad, lan taler Zebulon.

8. Mangkono dadine kutha-kutha mau dalah pangonane padha dipasrahake wong Israel marang wong Lewi sarana kaundhi, kaya kang wus didhawuhake Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.

9. Kang dipasrahake saka taler bani Yehuda lan saka taler bani Simeon iku kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki:

10. Para tedhake Imam Harun, kang klebu gotrahe wong Kehat, panunggalane bani Lewi, sarehne iku kang padha tampa undhian kang wiwitan,

11. iku padha dipasrahi Kiryat-Arba, yaiku Hebron, -- Arba iku leluhure suku Enak, -- ana ing pagunungan Yehuda, dalah pangonane sakubenge;

12. nanging pategalane kutha iku lan padesane iku wus dipasrahake marang Kaleb bin Yefune dadi darbeke.

13. Tedhake Imam Harun iku padha diwenehi Hebron, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah sapangonane, Libna sapangonane,

14. Yatir sapangonane, Estemoa sapangonane,

15. Holon sapangonane, Debir sapangonane,

16. Ain sapangonane, Yuta sapangonane lan Bet-Semes sapangonane: kutha sanga saka taler loro mau.

17. Saka taler Benyamin: Gibeon sapangonane, Geba sapangonane,

18. Anatot sapangonane lan Almon sapangonane: kutha papat.

19. Kuthane tedhake Imam Harun, yaiku para imam, iku kabeh ana kutha telulas sapangonane.

20. Gotrah-gotrahe bani Kehat, yaiku kekarene wong Lewi, saka ing antarane bani Kehat mau, iku pandumane kutha-kutha kang sarana kaundhi saka talere Efraim.

21. Iku padha diparingi Sikhem, kutha pangungsening wong dosa pati, dalah pangonane, kaprenah ana ing pagunungan Efraim lan Gezer sapangonane,

22. Kibzaim sapangonane lan Bet-Horon sapangonane: kutha papat.

23. Saka taler Dhan: Elteke sapangonane, Gibeton sapangonane,

24. Ayalon sapangonane lan Gat-Rimon sapangonane: kutha papat.

25. Saka separone taler Manasye: Taanakh sapangonane lan Gat-Rimon sapangonane: kutha loro.

26. Gunggunge ana kutha sepuluh sapangonane kanggo gotrah-gotrahe kekarene bani Kehat.

27. Bani Gerson, panunggalane gotrahe wong Lewi, diparingi saka separoning talere Manasye: Golan ing tanah Basan, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane lan Beestera sapangonane: kutha loro.

28. Saka taler Isakhar: Kisyon sapangonane, Dobrat sapangonane,

29. Yarmut sapangonane lan En-Ganim sapangonane: kutha papat.

30. Saka taler Asyer: Misal sapangonane, Abdon sapangonane,

31. Helkat sapangonane lan Rehob sapangonane: kutha papat.

32. Tuwin saka taler Naftali: Kedesy ing tanah Galilea, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Hamor-Dor sapangonane lan Kartan sapangonane: kutha telu.

33. Kuthane wong Gerson miturut gotrahe iku kabeh ana telulas sapangonane.

34. Gotrah-gotrahe wong bani Merari, yaiku kekarene wong Lewi, iku padha diparingi saka taler Zebulon: Yokneam sapangonane, Karta sapangonane,

35. Dimna sapangonane lan Nahalal sapangonane: kutha papat.

36. Saka taler Ruben: Bezer sapangonane, Yahas sapangonane,

37. Kedemot sapangonane lan Mefaat sapangonane: kutha papat.

38. Saka Taler Gad: Ramot ing tanah Gilead, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Mahanaim sapangonane,

39. Hesybon sapangonane, Yaezer sapangonane, kabeh ana kutha papat.

40. Sakehe kutha iku mau dadi darbeke bani Merari miturut gotrahe, yaiku kekarene gotrahe wong Lewi, pandumaning undhiane kutha rolas.

41. Sakehe kuthane wong trahe Lewi ana ing satengahe darbeke wong Israel iku ana kutha patang puluh wolu sapangonane.

42. Siji-sijining kutha ana pangonane ing sakubenge, kuthane kabeh padha kaya mangkono.

Ketentremaning nagara kang diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah

21:43-45

43. Mangkono dadine saindenging nagara iku diparingake Sang Yehuwah marang wong Israel, yaiku nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos, yen bakal diparingake marang para leluhure, iya banjur kelakon diejegi lan dienggoni.

44. Sabanjure padha diparingi tentrem ing sakubenge dening Sang Yehuwah netepi prasetyane kang kanthi supaos marang para leluhure. Sakehing mungsuhe ora ana siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepe: Sakehing mungsuhe padha diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane.

45. Samubarang kang becik, kang wus kaprasetyakake kabeh dening Sang Yehuwah marang turune Israel ora ana kang lincat, kabeh kelakon.