Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 20 Kitab Sutji (JAV)

Kutha-kutha pangungsen

20:1-9

1. Sang Yehuwah banjur ngandika maneh marang Senapati Yusak:

2. “Sira kandhaa marang wong Israel mangkene: Padha nemtokna kutha pangungsen kang wus Sundhawuhake marang sira lumantar Musa,

3. supaya dadia papan pangungsen tumrap wong kang gawe pati ora kanthi ditemaha, iya ora dirantam sadurunge, padha dadia pangungsene ana ing ngarepe wong kang nedya njaluk supaya nyaur pati.

4. Samangsa wong mau ngungsi menyang ing salah sawijining kutha mau, banjur ngadega ana ing ngarepe gapurane kutha, ngaturna prakarane marang tetuwane kutha iku; iki kudu gelem nampani wong mau ana ing kutha kono lan menehana panggonan kang kena dienggoni ana ing satengahe.

5. Anadene manawa dioyak wong kang nedya njaluk supaya nyaur pati mau, wong kang gawe pati mau aja diulungake ing tangane, amarga anggone mateni pepadhane iku ora kanthi dirantam sadurunge lan ora sengit ing sadurunge.

6. Dene wong iku banjur manggona ana ing kutha kono, nganti tumeka ing wayahe kaladekake marang ing parepataning pasamuwan supaya diadili, nganti tumeka ing sedane imam agung kang jumeneng ing nalika samana; sawuse mangkono kang gawe pati mau nuli kena mulih menyang ing kuthane lan menyang ing omahe, yaiku menyang ing kutha, nalika wong mau lumayu ngungsi.”

7. Wong Israel nuli nyengker kutha-kutha kang kadadekake kutha pangungsen, yaiku: Kadesy, ing tanah Galilea, ing pagunungan Naftali, lan Sikhem, ing pagunungan Efraim, lan Kiryat-Arba yaiku Hebron, ing pagunungan Yehuda.

8. Apadene ing sabrange bengawan Yarden, ing sawetane kutha Yerikho kang kapilih: Bezer ing ara-ara samun ing tanah warata ing pagunungan, saka taler Ruben; banjur Ramot, ing tanah Gilead, saka taler Gad; sarta Golan ing tanah Basan, saka taler Manasye.

9. Yaiku kutha-kutha kang ditetepake kanggo wong Israel kabeh lan kanggo para wong neneka kang ana ing tengahe, supaya kenaa diungseni sok wonga kang gawe pati klawan ora ditemaha, aja nganti dipateni kang nedya njaluk supaya nyaur pati, sadurunge wong mau kaladekake marang ing parepataning pasamuwan.