Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 14 Kitab Sutji (JAV)

Pengedume tanah Kanaan

14:1-5

1. Iki kabeh kang ditampani wong Israel minangka tanah-pusakane ana ing tanah Kanaan, kang wus kaedumake marang wong Israel dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak bin Nun sarta para panggedhening kulawargane taler-talere,

2. sarana ngundhi tanah-pusaka iku, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa ing ngatase taler kang sanga satengah.

3. Amarga taler kang loro satengah iku wus padha diparingi tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrange bengawan Yarden; mung wong Lewi kang padha ora diparingi tanah-pusaka ana ing tengahe.

4. Amarga bani Yusup iku didadekake rong taler: Manasye lan Efraim, dadine wong Lewi padha ora diparingi tanah-pusaka ana ing nagara kono, kajaba mung kutha-kutha kang padha dienggoni karo pangonan kanggo rajakayane lan kewane.

5. Kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, iya mangkono iku kang dilakoni wong Israel anggone padha ngedum nagara kono.

Kaleb diwenehi Hebron

14:6-15

6. Wong bani Yehuda padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing Gilgal. Ing nalika iku Kaleb bin Yefune, wong Kenas matur marang panjenengane: “Panjenengan sampun nguningani pangandikanipun Sang Yehuwah dhateng Nabi Musa, abdinipun Pangeran, ing ngatasipun kula sami ugi kados tumrap panjenengan wonten ing Kadesy-Barnea.

7. Umur kula kawandasa taun, kala kula dipun utus Nabi Musa, abdinipun Sang Yehuwah saking Kadesy-Barnea wau kakarsakaken nelik tanah ngriki; lan mantuk kula mbekta pawartos ingkang satemen-temenipun kagem panjenenganipun.

8. Nanging para sadherek kula ingkang sami tumut lampah kula sami damel pepesing manahipun tiyang sabangsa; ewadene kula tetep mantep dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kula, kanthi gumolonging manah.

9. Kala semanten Nabi Musa supaos, pangandikanipun: Satemene bumi kang wus kaambah ing sikilmu iku mesthi dadi tanah pusakamu ing salawas-lawase turun-tumurun, amarga kowe tetep mantep marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu kanthi gumolonging ati.

10. Lah sapunika Sang Yehuwah sampun ngreksa gesang kula ngetrepi ing prasetyanipun. Sapunika sampun kawandasa gangsal taun, wiwit rikala Sang Yehuwah ngandika makaten wau dhateng Nabi Musa, saha ing sadangunipun punika tiyang Israel nglembara wonten ing ara-ara samun. Lah punika kula sampun umur wolung dasa gangsal taun.

11. Kekiyatan kula ing dinten punika taksih ajeg kados nalika kula dipun utus Nabi Musa; sapunika kekiyatan kula taksih sami kemawon kados kekiyatan kula ing wekdal samanten, inggih tumrap ing perang lan kadamel mlebet medal.

12. Milanipun kula mugi panjenengan paringi pareden, ingkang sampun kajanjekaken Sang Yehuwah kala samanten; panjenengan piyambak kala samanten rak sampun mindhanget pawartos, bilih ing ngriku dipun enggeni bangsa Enak, saha wonten kithanipun ingkang ageng-ageng santosa. Bokmanawi Sang Yehuwah karsa nunggil kaliyan kula, temah sami kenging kula tundhung kados ingkang sampun kapangandikakaken Sang Yehuwah.”

13. Senapati Yusak tumuli mberkahi Kaleb bin Yefune sarta diparingi Hebron dadi tanah-pusakane.

14. Yaiku jalarane Hebron banjur dadi tanah-pusakane Kaleb, bin Yefune, wong Kenas iku, turun-tumurun nganti saprene, mulane mangkono amarga tetep mantep marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kanthi gumolonging ati.

15. Dene Hebron iku biyen jenenge Kiryat-Arba; Arba iku arane wong kang linuwih gedhene ana ing antarane wong Enak. Lan nagara iku banjur tentrem, wus ora ana perang.