Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 13 Kitab Sutji (JAV)

Dhaerah-dhaerah kang durung dirayud

13:1-7

1. Bareng Senapati Yusak wus sepuh, wus akeh yuswane, banjur dipangandikani Sang Yehuwah: “Sira wus tuwa, wus akeh umurira, sarta nagara kang durung sira ebeki iku isih akeh banget.

2. Dene nagara kang isih kari yaiku: sakehe tlatahe wong Filisti lan saindenging nagarane wong Gesur,

3. wiwit saka kali Sikhor ing sawetane tanah Mesir tutug ing tlatah Ekron mangalor, -- iku kaetung tanahe wong Kanaan; -- panggedhene wong Filisti iku lima, yaiku ing Gaza, Asdod, Askelon, Gad lan Ekron, -- apadene bangsa Awi

4. ing sisih kidul, sarta saindenging nagarane wong Kanaan lan Meara, darbeke wong Sidon, tutug ing Afek, iya iku tutug ing tlatahe wong Amori;

5. sabanjure nagarane wong Gebal lan kabeh tlatahe gunung Libanon ing sisih pletheking srengenge, saka ing Baal-Gad ing sikile gunung Hermon, nganti tutug ing dalan kang menyang ing Harmat;

6. sakehing wong kang manggon ing pagunungan, wiwit saka ing gunung Libanon tutug ing Misrefot-Maim; sakehe wong Sidon, iku bakal Suntundhung piyambak saka ing ngarepe wong Israel; mung bae tanahe sira paringna marang wong Israel sarana kaundhi, kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.

7. Kang iku nagara iki sira edum-edumna marang taler kang sanga lan marang saparoning talere Manasye minangka tanah pusakane.”

Pangedume tanah kang ana ing sabrangane bengawan Yarden

13:8-33

8. Bebarengan karo taler Manasye kang separone, wong Ruben lan wong Gad, wus padha kaparingan tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrangane kali Yarden sisih wetan, kaya kang wus katemtokake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, kanggo wong-wong mau,

9. yaiku wiwit ing Aroer ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta saindenging tanah warata ing pagunungan wiwit ing Medeba nganti tutug ing Dibon,

10. apadene sakehing kuthane Prabu Sihon, ratune wong Amori, kang akedhaton ana ing Hesybon, nganti tutug ing tlatahe wong Amon,

11. apamaneh tanah Gilead tuwin tlatahe wong Gesur lan wong Maakha sarta sawratane gunung Hermon lan satlatahe tanah Basan kabeh tutug ing Salkha,

12. iya satlatahe karajane Prabu Og, ratu ing Basan, kang ngereh ing Asytarot lan ing Edrei, iku dhewe kang dadi kekarene wong Refaim, kang wus padha dikalahake lan ditundhung dening Nabi Musa.

13. Nanging wong Israel ora nundhungi wong Gesur lan wong Maakha mau, satemah wong Gesur lan wong Maakha lestari padha manggon ana ing tengahe wong Israel nganti tumeka saprene.

14. Mung taler Lewi kang ora kaparingan tanah-pusaka, Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel, iku kang dadi pusaka darbeke, kaya kang wus dijanjekake marang dheweke kabeh.

15. Talere bani Ruben iku wus padha kaparingan dening Nabi Musa miturut gotrah-gotrahe, panduman iki:

16. tlatah pandumane wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta tanah warata ing pagunungan sacedhake Medeba kabeh;

17. Hesybon dalah sakehe kutha wewengkone, kang kaprenah ing tanah warata ing pagunungan mau, yaiku: kutha Dibon, Bamot-Baal, Bet-Baal-Meon,

18. Yahas, Kedemot, Mefaat,

19. Kiryataim, Sibma, Zeret-Hasahar ana ing lembahe gunung iku,

20. Bet-Peor, peperenge gunung Pisga, lan Bet-Yerimot,

21. sabanjure sakehe kutha ana ing tanah warata ing pagunungan lan satlatahe karajane Prabu Sihon; ratuning wong Amori, kang ngereh ing Hesybon, kang dikalahake Nabi Musa, uga para ratu ing Midian, yaiku Prabu Ewi, Prabu Rekem, Prabu Zur, Prabu Hur, lan Prabu Reba, para raja kalerehane Prabu Sihon, kang padha dedalem ana ing negara kono.

22. Uga juru tenung Bileam, bin Beor wus dipateni klawan pedhang dening wong Israel, bebarengan karo wong kang padha mati ketaman ing pedhange.

23. Dadi tapel-watese dhaerahe bani Ruben iku bengawan Yarden lan tlatahing sapinggire. Yaiku kang dadi tanah pusakane bani Ruben miturut gotrah-gotrahe, yaiku kutha-kuthane dalah desa-desane.

24. Taler Gad, yaiku bani Gad, wus padha kaparingan dening Nabi Musa miturut gotrah-gotrahe panduman iki:

25. kang dadi darbeke yaiku: Yaezer lan sakehing kuthane nagara Gilead, sarta saparoning nagarane wong Amon tutug ing Aroer, kang kaprenah ing sawetane Raba,

26. yaiku wiwit ing Hesybon tutug ing Ramat-Mizpa lan ing Betonim, sarta saka ing Mahanaim tutug ing tlatahe Debir,

27. lan ing lebak Bet-Haram, Bet-Nimra, Sukot lan Zafon, kekarening karajane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; bengawan Yarden lan dhaerah pinggire tutug ing pungkasaning telaga Kineret, ing sawetane bengawan Yarden.

28. Iku tanah-pusakane wong bani Gad miturut gotrah-gotrahe, yaiku kutha-kuthane dalah desa-desane.

29. Saparone taler Manasye, yaiku kulawangsane bani Manasye kang separo wus kaparingan dening nabi Musa, miturut gotrah-gotrahe, panduman iki:

30. kang dadi dhaerahe: wiwit saka ing Mahanaim: satanah Basan kabeh, krajane Prabu Og kabeh, ratu ing nagara Basan, lan wewengkone Hawot-Yair kabeh, kang ana ing Basan kono, cacahe kuthane sawidak,

31. sabanjure saparone tanah Gilead, Asytarot lan Edrei, kutha-kuthane krajane Prabu Og ing Basan, iku dadi pandumane bani Makhir, putrane Rama Manasye, yaiku pandumane separone bani Makhir miturut gotrah-gotrahe.

32. Iku kabeh kang wus didum-dumake dening Nabi Musa minangka tanah-pusakane nalika ana ing tanah ngare ing Moab, ing sawetane bengawan Yarden, ing sacedhake Yerikho.

33. Nanging taler Lewi ora diparingi tanah-pusaka dening Nabi Musa: Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel piyambak iku kang dadi pusakane kaya kang wus kajanjekake marang dheweke kabeh.