Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 1 Kitab Sutji (JAV)

Sang Senapati Yusak kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah supaya ngrebut tanah Kanaan

1:1-18

1. Sawuse Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah seda, tumuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak, bin Nun, abdine Nabi Musa

2. mangkene: “AbdiningSun Musa wus mati, mulane ing samengko sira mangkata nyabrang ing kali Yarden iki, sira dalah sabangsa iki kabeh, menyanga ing tanah kang bakal Sunparingake marang wong-wong iku, yaiku marang wong Israel.

3. Saben panggonan kang bakal kaencikan ing tlapakanira iku wus Sunparingake marang sira kabeh, kaya kang dadi pangandikaningSun marang Musa.

4. Wiwit ing ara-ara samun lan ing gunung Libanon ing sisih kana tutug ing bengawan gedhe, yaiku bengawan Efrat, satlatahe wong Het kabeh lan tutug ing Segara Gedhe ing panggonan suruping srengenge, kabeh iku bakal dadi wewengkonira.

5. Sajegira urip bakal ora ana wong, kang bisa lestari ana ing ngarepira; kaya anggoningSun nunggil karo Musa, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nunggil karo sira. Sira ora bakal Suntegakake lan Suntilar.

6. Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntun bangsa iki supaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos marang para leluhure, menawa bakal kaparingake marang dheweke kabeh.

7. Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.

8. Sira aja lali ngrembug kitab Toret iki, sira gilut-giluta rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku, amarga kanthi patrap mangkono lakunira mesthi bakal lestari sarta sira bakal oleh kabegjan.

9. Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”

10. Senapati Yusak banjur prentah marang para tetindhihing bala, dhawuhe:

11. “Kowe padha midera ing pakemahan lan wong-wong padha prentahana mangkene: Padha cawisna sangumu, amarga ing sajroning telung dina kowe bakal padha nyabrang ing bengawan Yarden iki, lan banjur ngejegi nagara kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe dadi darbekmu!”

12. Wong trahe Ruben lan wong trahe Gad tuwin separone taler Manasye tumuli padha didhawuhi Senapati Yusak, mangkene:

13. “Kowe padha ngelingana marang dhawuh piwelinge Nabi Musa, abdine Pangeran Yehuwah marang kowe yaiku: Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu wus ngganjar katentreman marang kowe lan maringi tanah iki:

14. Wong wadon lan anakmu kang isih cilik ing antaramu apadene raja-kayamu padha kena keri ana ing tanah peparinge Nabi Musa marang kowe ana ing sabrangane bengawan Yarden; nanging kowe, para prawira lan kang gagah prakosa padha nyabranga ana ing ngarepe para sadulurmu kalawan sikep gegaman, iku padha biyantonana,

15. nganti para sedulurmu iku iya padha kaparingan katentreman kaya kowe kabeh sarta iya ngenggoni nagara, kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu. Sawuse mangkono kowe padha balia menyang ing nagaramu dhewe lan ngenggoni nagara kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah ana ing sabrange bengawan Yarden ing papan pletheking srengenge.”

16. Wong mau tumuli padha matur marang Senapati Yusak, mangkene: “Punapa sadhawuh panjenengan dhateng kula, badhe kula estokaken sarta dhateng pundi-pundia kemawon anggen panjenengan badhe ngutus, kula badhe sami mangkat.

17. Kados anggen kula sami manut-miturut dhateng Nabi Musa bab samukawis, mekaten ugi kula sami manut-miturut dhateng panjenengan; namung kemawon, mugi-mugi Pangeran Yehuwah Gusti Allah panjenengan karsaa nunggil kaliyan panjenengan sami kados dene anggenipun nunggil kaliyan Nabi Musa.

18. Sok sintena ingkang mbangkang dhateng dhawuh panjenengan, sarta boten manut dhateng dhawuh panjenengan ing bab samukawis ingkang panjenengan prentahaken punika, punika kadhawahana paukuman pejah. Namung panjenengan mugi ingkang teguh tuwin tatag ing panggalih.”