Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 6 Kitab Sutji (JAV)

Pethine Prajanjian kaelih menyang Yerusalem

6:1-23

1. Sang Prabu Dawud tumuli ngempalake sakehing wong pilihan saka ing antarane wong Israel, cacahe ana wong telung puluh ewu.

2. Sang Prabu Dawud nuli cecawis lan banjur tindak saka Baale-Yehuda, kadherekake sakehe para kawula, karsane arep ngusung pethine Allah, kang sinebut kalawan asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, kang lenggah ing dhampar ing sadhuwure kerubim.

3. Pethine Allah kaemotake ing kreta anyar, sawuse kausung saka ing omahe Abinadab, kang ana ing pagunungan. Uza lan Ahyo, anake Abinadab padha ngiringake kareta iku.

4. Uza lumaku ana ing ngiringane pethining Allah lan Ahyo ana ing ngarepe.

5. Sang Prabu Dawud lan sakehe wong Israel padha jejogedan sakatoge ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, binarung swaraning kekidungan, clempung, slukat, terbang klinthingan lan kecer.

6. Bareng tekan ing panutone Nakhon, Uza kumranggeh tangane marang pethine Allah iku, lan banjur nyekel, amarga sapine keplesed.

7. Bebendune Yehuwah mungkat marang Uza, Gusti Allah banjur nggebag wong iku, amarga sembranane. Uza mati ngenggon ana ing sandhinge pethine Gusti Allah mau.

8. Sang Prabu Dawud dadine duka banget, amarga Sang Yehuwah nggebag Uza kanthi patrap kang ngebat-ebati banget: panggonan iku banjur katelah karan Peres-Uza nganti saprene.

9. Ing nalika samana Sang Prabu Dawud banjur ajrih marang Sang Yehuwah, pangandikane: “Kapriye bisane pethine Sang Yehuwah tumeka ing ngarepku.”

10. Mulane Sang Prabu ora karsa mindhah pethine Sang Yehuwah menyang ing panggonane menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud, nanging Sang Prabu Dawud dhawuh ngenggokake menyang ing omahe Obed-Edom, wong ing Gat.

11. Pethine Gusti Allah iku ana ing omahe Obed-Edom, wong ing Gat mau telung sasi lawase, lan Sang Yehuwah mberkahi Obed-Edom lan sakukubane.

12. Sang Prabu Dawud diaturi pirsa mangkene: “Sang Yehuwah sampun mberkahi Obed-Edom lan sakukubanipun, amargi saking pethinipun Gusti Allah punika.” Sang Prabu Dawud banjur dhawuh ngelih pethine Sang Yehuwah saka ing omahe Obed-Edom menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud kanthi sukapirena.

13. Nalika wong kang padha ngusung pethine Sang Yehuwah iku lumaku oleh nem jangkah, panjenengane ngurbanake sapi lan pedhet lemon siji.

14. Lan Sang Prabu Dawud beksa-beksa kalawan mempeng ana ing ngarsane Sang Yehuwah, panjenengane ngagem rasukan efod lena.

15. Sang Prabu Dawud lan sakehe wong Israel ngusung pethine sang Yehuwah kambi surak-surak binarung swaraning kalasangka.

16. Nalika pethine Sang Yehuwah mlebu ing kuthane Sang Prabu Dawud, Sang Putri Mikhal putrane Sang Prabu Saul ngungak ing cendhela, mirsa yen Sang Prabu Dawud lincak-lincak lan beksa-beksa ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Mulane Sang Putri ing sajroning panggalih nyepelekake Sang Prabu Dawud.

17. Pethine Sang Yehuwah diusung mlebu banjur diprenahake ana ing panggonane, ing sajroning kemah kang wus dipasang dening Sang Prabu Dawud kanggo iku, lan sawuse iku nuli nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

18. Sawuse Sang Prabu Dawud nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan, bangsa iku banjur diberkahi atas asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.

19. Tumuli wong sabangsa kabeh lan wong sagolongane Israel kabeh, lananga wadona, siji-sijine padha diedumi roti bunder siji, daging sairis, lan panganan kismis saemplek. Sabubare iku wong sabangsa kabeh padha mulih menyang ing omahe sowang-sowangan.

20. Nalika Sang Prabu Dawud kondur arep andum slamet marang saisining kraton, Sang Putri Mikhal, putrane Prabu Saul, methukake Sang Prabu karo matur: “Kadospundi dene ratunipun Israel ing dinten punika kok lukar wonten ing ngajengipun para parekan, boten kraos wirang kados dene tiyang rucah?”

21. Nanging Sang Prabu Dawud ngandika marang Sang Putri Mikhal: “Ana ing ngarsane Sang Yehuwah kang wis milih aku kanthi nisihake ramamu lan wong sabrayate kabeh, sarta banjur nuding aku kadadekake ratuning umate Pangeran Yehuwah, yaiku Israel -- ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, aku mesthi jejogedan.

22. Malah aku nedya ngesorake sarira ngluwihi iki, kowe nganggep aku remeh, nanging bebarengan para parekan, kang kok sebut iku, aku arep kinurmatan.”

23. Sang Putri Mikhal ora kagungan putra, nganti tumeka ing sedane.