Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 5 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Dawud jumeneng ratu ngereh satlatahe Israel kabeh

5:1-5

1. Sakehe taler Israel kabeh banjur padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ing Hebron sarta munjuk: “Kauningana, kawula punika sami tunggil rah saha tunggil daging kaliyan panjenengan dalem.

2. Sampun lami, nalika Sang Prabu Saul ngereh kawula sadaya, panjenengan dalem ingkang mimpin sadaya mobah-mosikipun tiyang Israel. Saha Sang Yehuwah sampun ngandika dhateng panjenengan dalem: “Sira kang bakal ngengon umatingSun Israel lan sira kang jumeneng ratu mengku Israel.”

3. Dadine sakehe para tuwa-tuwane Israel padha seba ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron; Sang Prabu banjur nganakake prajanjian karo para wong iku ana ing Hebron, ing ngarsane sang Yehuwah; wasana padha njebadi Sang Prabu Dawud dadi ratu mengku Israel.

4. Sang Prabu Dawud yuswane telung puluh taun, nalika jumeneng ratu: patang puluh taun lawase anggone ngasta paprentahan.

5. Ana ing Hebron panjenengane ngereh Yehuda pitung taun nem sasi lan ana ing Yerusalem anggone ngratoni satlatahe Israel lan Yehuda kabeh lawase telung puluh telu taun.

Sang Prabu Dawud ngrebat kutha Yerusalem lan dedalem ana ing kono

5:6-10

6. Sang Prabu Dawud kadherekake para wadyabalane nglurug menyang Yerusalem, nempuh wong Yebus, kang ngenggoni nagara kono. Wong iku padha nguwuh marang Prabu Dawud: “Kowe mangsa bisaa mrene, wong wuta lan wong pincang bakal mbalekake kowe.” Karepe wong iku: Sang Prabu Dawud ora bakal bisa mlebet mrono.

7. Nanging Sang Prabu Dawud bisa ngrebat kuthaning beteng Sion, yaiku kuthane Sang Prabu Dawud.

8. Sang Prabu Dawud nalika samana wus ngandika: “Sapa kang arep nelukake wong Yebus kudu mlebu ngliwati ilen-ilen iki; Prabu Dawud gething banget marang wong wuta lan wong pincang.” Mulane ana bebasan: “Para wong wuta lan wong pincang ora kena mlebu ing omah.”

9. Lan Sang Prabu Dawud banjur ngadhaton ana ing beteng kono, kang banjur kaparingan jeneng: Kuthane Sang Prabu Dawud. Panjenengane nyantosani kutha iku ing saubenge wiwit saka Milo manjero.

10. Sang Prabu Dawud sangsaya suwe sangsaya gedhe pangwasane, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi nunggil karo panjenengane.

Kratone Sang Prabu Dawud lan kulawargane

5:11-16

11. Prabu Hiram, ratu ing nagara Tirus, nglampahake utusan marang ngarsane Sang Prabu Dawud lan ngintuni kayu eres sarta tukang kayu lan tukang batu; iku padha ngyasakake kraton Sang Prabu Dawud.

12. Sang Prabu banjur manggretos, yen Sang Yehuwah wis netepake panjenengane dadi ratune Israel lan ngluhurake paprentahane marga saka Israel, umat kagungane.

13. Sang Prabu Dawud banjur mundhut ampil lan garwa maneh saka ing Yerusalem, sawise pindhah dalem saka Hebron lan banjur kagungan putra kakung lan putri maneh.

14. Iki asmane putra-putra kang miyos ana ing Yerusalem: Syamua, Sobab, Natan, Suleman,

15. Yibkhar, Elisua, Nefeg, Yafia,

16. Elisama, Elyada lan Elifelet.

Prabu Dawud nelukake wong Filisti

5:17-25

17. Bareng wong Filisti padha krungu, yen Prabu Dawud wus dijebadi jumeneng ratu mengku Israel, kabeh banjur padha nglurug sumedya nyekel Prabu Dawud. Nanging Prabu Dawud mirsa prakara iku banjur mlebet ing beteng.

18. Nalika wong Filisti padha nekani lan pating prenca ana ing lebak Refaim,

19. Sang Prabu Dawud neges marang Sang Yehuwah: “Kawula punapa Paduka karsakaken mangsah perang nglawan tiyang Filisti punika? Punapa tiyang-tiyang punika badhe Paduka ulungaken dhateng ing tangan kawula?” Paring wangsulane Sang Yehuwah marang Prabu Dawud: “Majua perang, amarga Ingsun bakal ngulungake wong iku marang ing tanganira.”

20. Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang ing Baal- Perasim lan ngasorake wong iku ana ing kono. Pangandikane Sang Prabu: “Pangeran Yehuwah njebolake mungsuhku ana ing ngarepku kaya panjeboling banyu.” Mulane wong padha ngarani panggonan kono: Baal-Perasim.

21. Wong Filisti padha ninggal brahalane kang ana ing kono, Sang Prabu Dawud sabalane padha ngusungi.

22. Nalika bala Filisti nglurugi sapisan engkas lan pating prenca ana ing lebak Refaim,

23. Sang Prabu Dawud neges marang Pangeran Yehuwah lan kaparingan wangsulan: “Aja methukake, nanging mubenga, nganti tekan ing saburine wong-wong iku, temah sira bisa nempuh saka urute wit-wit baka.

24. Lan manawa sira krungu gumedruging sikil ing pucuking wit-wit baka iku, sira kudu tumandang cekat-ceket, amarga ing wektu iku Sang Yehuwah nyarirani perang ana ing ngarepira lan bakal ngasorake bala Filisti.”

25. Sang Prabu Dawud iya banjur tumindhak mengkono, yaiku kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, temah bisa nggepuk bala Filisti, nganti kasoran, wiwit saka ing Geba tutug ing cedhake Gezer.