Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 12 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Natan ngengetake marang Sang Prabu Dawud temah Sang Prabu kaduwung

12:1-25

1. Sang Yehuwah Banjur utusan Nabi Natan sowan marang ngarsane Prabu Dawud. Tekan ing ngarsane Sang Prabu nuli munjuk, ature: “Ing satunggaling kitha wonten tiyang kalih: ingkang satunggal sugih, ingkang satunggal mlarat.

2. Ingkang sugih wau gadhah menda saha lembu kathah sanget.

3. Tiyang miskin punika boten gadhah punapa-punapa kejawi namung cempe estri alit satunggal, anggenipun tumbas lan dipun ingah. Cempe wau dados ageng sareng kaliyan anak-anakipun, nedha saking pulukanipun, ngombe saking tuwungipun lan tilemipun dipun keloni, prasasat anakipun estri kemawon.

4. Nuju ing satunggaling dinten tiyang sugih wau ketamuan; sarehne badhe mendhet salah satunggalipun menda utawi lembunipun piyambak kaolah kadamel nyegah tamunipun owel, pramila lajeng mendhet cempe estri gadhahanipun pun miskin wau, dipun olah kangge nyegah tiyang lelana ingkang dhateng ing griyanipun punika.”

5. Sang Prabu Dawud muntab dukane marga saka wong iku lan ngandika marang Nabi Natan: “Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, tiyang ingkang gadhah tindak kados makaten punika, kedah kaukum pejah.

6. Saha cempe estri punika mesthi kalintonan tikel sekawan, amargi nindakaken prakawis punika sarta boten gadhah piwelas.”

7. Nabi Natan banjur munjuk marang Prabu Dawud: “Inggih panjenengan dalem punika tiyangipun!” Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Ingsun kang njebadi sira dadi ratu, ngereh Israel lan Ingsun kang ngluwari sira saka ing tangane Saul.

8. Ingsun wus maringake sakukubaning daleme gustinira marang sira, apadene para garwane ana ing pangkonira. Ingsun wus maringake tedhak-turune Israel lan Yehuda marang sira; lan saupama iku durung cukup mesthi sunwuwuhi maneh apa bae marang sira.

9. Yagene sira kok nyawiyah marang Sang Yehuwah kanthi tindakira kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah? Uria wong Het iku kok sira pateni klawan pedhang; bojone sira alap lan Uria sira purih patine srana pedhange bani Amon.

10. Mulane pedhang ora bakal gumingsir saka tedhak turunira ing salawase, amarga sira wus ngremehake Ingsun lan ngalap bojone Uria wong Het iku sira dadekake bojonira.

11. Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndhawahake bilai marang sira kang timbul saka kulawarganira dhewe. Ingsun bakal mundhut para rabinira ana ing ngareping mripatira lan Sunparingake marang wong liyane, kang bakal nuroni iku ing wayah awan.

12. Awit dene sira wus tumindak klawan dhedhemitan, nanging Ingsun bakal nindakake prakara iku ana ing ngarepe wong Israel kabeh klawan blak-blakan.”

13. Prabu Dawud banjur ngandika marang Nabi Natan: “Kula sampun nglampahi dosa wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.” Lan Nabi Natan matur marang Prabu Dawud: “Sang Yehuwah sampun ngruwat dosa dalem, panjenengan dalem boten badhe seda.

14. Ewasemanten sarehne panjenengan dalem kanthi tumindak makaten punika, sampun damel sanget kuceming asmanipun Pangeran Yehuwah, putra ingkang miyos saking panjenengan dalem punika, mesthi badhe seda.”

15. Nabi Natan banjur kondur lan Sang Yehuwah nggebag putra kang miyos saka tilase somahe Uria, kang patutan karo Sang Prabu Dawud, temah gerah.

16. Sang Prabu Dawud nyenyuwun marang Gusti Allah kanggo kang putra iku, panjenengane nglampahi siyam kanthi tumemen lan bareng lumebet ing dalem sawengi natas tansah nggluntung ana ing jogan.

17. Para tuwa-tuwane abdi dalem ngarih-arih supaya Sang Prabu jumeneng saka ing jogan, nanging ora karsa; uga ora karsa kembul dhahar karo wong-wong iku.

18. Bareng ing pitung dinane kang putra nemahi seda. Lan para abdi dalem padha wedi ngaturi uninga marang Sang Prabu, yen kang putra wus seda. Amarga para abdi dalem padha rasanan: “Nalika kang putra isih sugeng, aku wus padha matur marang Sang Prabu, nanging aturku ora digalih. Kapriye anggonku arep padha matur, yen kang putra wis seda? Aja nganti Sang Prabu mbilaeni sarira.”

19. Nalika Sang Prabu nguningani, yen para abdi padha bebisikan, Sang Prabu ngretos, manawa kang putra wus seda. Sang Prabu banjur ndangu marang abdi dalem: “Bocahe apa wus mati?” Atur wangsulane para abdi “Nuwun inggih, sampun seda.”

20. Sang Prabu banjur jumeneng saka ing jogan, siram lan ngagem lenga jebad sarta santun pangageman; panjenengane lumebet ing padalemane Sang Yehuwah lan sujud manembah. Sawuse iku banjur kondur menyang kraton lan mundhut roti nuli iya disaosi sarta banjur dhahar.

21. Para abdi dalem banjur padha munjuk: “Punapa wadosipun ingkang panjenengan dalem lampahi punika? Nalika putra dalem taksih sugeng, panjenengan dalem siyam saha tansah muwun, mangka sareng putra dalem seda panjenengan dalem kok lajeng jumeneng tuwin dhahar?”

22. Pangandikane Sang Prabu: “Nalika bocah iku isih urip, aku puasa lan nangis, amarga pangunandikaku: Bokmanawa Sang Yehuwah karsa melasi marang aku, temah bocah iku lestari urip.

23. Nanging sarehne saiki wis mati apa perlune aku isih puwasa? Apa bocah iku bisa bali maneh marang aku? Aku kang bakal nusul bocah iku, nanging bocah iku ora bakal bali marang aku.”

24. Sang Prabu Dawud banjur ngimur-imur galihe Sang Putri Batsyeba, kang garwa; panjenengane banjur ngrawuhi Sang Putri sarta nunggil sare; lan Sang Putri banjur mbabar putra kakung, Sang Prabu Dawud maringi asma Suleman. Sang Yehuwah ngasihi marang putra iku

25. lan lumantar Nabi Natan maringi asma Yedija, marga saka karsane Sang Yehuwah.

Paprangan nglawan bani Amon wis rampung

12:26-31

26. Senapati Yoab andon perang nglawan Raba, kuthane bani Amon lan mbedhah kuthane krajan.

27. Senapati Yoab utusan wong marang ngarsane Sang Prabu Dawud sarta diwekas: “Kawula sampun andon perang nglawan kitha Raba lan ugi sampun mbedhah kitha pinggir lepen.

28. Pramila panjenengan dalem kawula aturi nglempakaken kekantuning wadyabala, kitha punika panjenengan dalem kepang lan panjenengan dalem bedhah, supados sampun ngantos kawula ingkang mbedhah kitha punika lan sampun ngantos nama kawula ingkang kocap wonten ing kitha punika.”

29. Sawuse iku Prabu Dawud nglempakake sakehing wadyabala, banjur nglurug menyang ing kutha Raba, lan perang nglawan kutha iku, banjur kabedhah.

30. Panjenengane mundhut makuthaning ratune bobote satalenta mas, tinatah mawa sesotya kang larang regane, nuli diagem ing mastakane. akeh barang jarahan kang diusungi saka ing kutha iku.

31. Wong isine kutha padha diboyongi lan dipeksa nglakoni pagawean mawa graji, bur lan wadung wesi; uga dikon nyambutgawe ana ing panggonan nyithak bata. Sakehe wong ing kutha-kutha bani Amon uga ditrapi gawean mengkono dening Sang Prabu Dawud. Sawuse mangkono Prabu Dawud nuli kondur menyang Yerusalem kadherekake wadyabala kabeh.