Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 22 Kitab Sutji (JAV)

Kidung pamuji-sokure Sang Prabu Dawud

22:1-51

1. Sang Prabu Dawud ngunjukake kidung pamuji sokur iki marang Sang Yehuwah, nalika Sang Yehuwah wus ngluwari Prabu Dawud saka tangane sakehing mungsuhe lan saka astane Sang Prabu Saul.

2. Unjuke:“Dhuh Sang Yehuwah, peparang kawula, beteng pangungsen lan pamarta kawula.

3. Gusti Allah kawula, peparang kawula, pangauban kawula, tameng kawula, singating karahayon kawula, kitha beteng kawula,papan pangungsen kawula, pamarta kawula;Paduka ingkang ngluwari kawulasaking panganiaya.

4. Kawula nguwuh: Pinujia Sang Yehuwah!Awit aku wus luwar saka tanganing mungsuhku.

5. Lah, aluning antaka wus ngepung aku,banjiring pepati wus nyempyok aku;

6. kendharating jagade wong mati wus nggubed aku,kalajireting pati wus pinasang ana ing ngarepku.

7. Nalika aku nandhang karibedan, aku sesambat marang Sang Yehuwah,marang Gusti Allahku anggonku sesambat.Lan Panjenengane miyarsakake swaraku saka ing padalemane,pasambatku nyuwun pitulung tumama ing talingane.

8. Bumi banjur horeg gonjang-ganjing,dhasaring langit geterlan horeg marga saka mulad-mulading bebendune.

9. Kukus kumelun saka ing granane,geni melet-melet saka ing tutuke,mawa mengangah metu saka Panjenengane.

10. Panjenengane mentiyungake langit, banjur tumedhak,petenging mendhung ana ing sangisoring padane.

11. Panjenengane nitih kerub, banjur mesat,lan katon ana ing swiwining angin.

12. Lan panjenengane damel pepeteng sakubenge dadi pakuwone,banyu udan kang peteng, mendhung kang kandel.

13. Marga cahyaning kilat ing ngarsanemawa dadi mengangah.

14. Sang Yehuwah ndhatengake gludhug saka ing angkasa,Kang Mahaluhur ngulukake swarane.

15. Panah-panah padha linepasake, temah padha pating blesar,yaiku kilat thathit, temah padha buyar kabeh.

16. Dhasar-dhasaring samodra banjur padha katon,tales-talesing jagad padha kaungkaban,marga dukane Sang Yehuwahlan sumiyuting napas saka granane.

17. Panjenengane mulungake astane saka ing ngaluhur,nyandhak aku lan ngentasake aku saka ing banjir.

18. Panjenengane ngluwari aku saka tangane mungsuhku kang prakosa,saka wong kang padha sengit marang aku,amarga karosane ngungkuli aku.

19. Padha nyegat aku ing dinaku kang siyal,nanging Sang Yehuwah dadi lendhehanku.

20. Panjenengane ngentasake aku menyang ing papan kang omber,Panjenengane ngluwari aku, amarga karenan marang aku.

21. Sang Yehuwah nandukake marang aku apa kang laras karo kabeneranku,Panjenengane males marang aku timbang karo karesikaning tanganku.

22. Amarga aku ngantepi anggonku lumaku ing margine Sang Yehuwah,lan ora nyingkur Allahku kaya dene wong duraka.

23. Amarga aku nggatekake sakehing angger-anggere,lan ora nyleweng saka ing katetepane.

24. Tindak-tandukku aja nganti cacad ana ing ngarsane,lan dakwekani aja nganti aku tumindak luput.

25. Amarga Sang Yehuwah males marang aku miturut kabeneranku,lan karesikanku ana ing tingale.

26. Tumrap tiyang setya, Paduka tumindak setya,tumrap tiyang ingkang tanpa cacad,Paduka tumindak tanpa cacad,

27. tumrap tiyang ingkang suci Paduka tumindak suci,nanging tumrap tiyang ingkang nylewengPaduka tumindak mbulat-mbulet.

28. Bangsa ingkang tinindhes Paduka pitulungi,nanging tingal paduka nglawan tiyang-tiyang angkuh,badhe Paduka soraken.

29. Amargi Paduka punika damar kawula, dhuh Sang Yehuwah,lan Sang Yehuwah madhangaken pepeteng kawula.

30. Wonten ing patunggilan Paduka kawula wantun mapagaken grombolan,tuwin manawi kaliyan Gusti Allah kawula, kawula wantun nglumpati balowarti.

31. Anadene Gusti Allah iku margine sampurna,sabdane Sang Yehuwah iku murni,Panjenengane iku dadi tameng tumrap sakehing wong,kang ngaub marang Panjenengane.

32. Ujer sapa ta kang jumeneng Allah aliya Sang Yehuwah,lan sapa ta kang dadi peparang kajaba Gusti Allah kita?

33. Mung Gusti Allah piyambak kang dadi pangungsenku kang santosa,lan ngrata dalanku;

34. kang ndadekake sikilku prasasat sikil menjangan,lan ngadegake aku ana ing gunung;

35. kang mulang tanganku ulah perang,temah tanganku bisa menthang gandhewa tembaga.

36. Kawula ugi Paduka paringi tamenging karahayon kawula,lan sihkadarman Paduka sampun ngagungaken kawula.

37. Paduka paring papan omber tumrap jangkah kawula,lan polok kawula boten keklok.

38. Mengsah kawula, kawula oyak-oyak lajeng kawula tumpes,lan boten wangsul-wangsul saderengipun sami kawula sirnakaken;

39. kawula sirnakaken lan kawula ejur, temah boten tangi malih,lan sami ambruk wonten ing sangandhaping suku kawula.

40. Paduka sampun ningseti lambung kawula kanthi karosan tumrap ing perang.Tiyang-tiyang ingkang gumregah nglawan kawula,Paduka telukaken ing sangandhaping panguwaos kawula.

41. Mengsah kawula Paduka dadosaken keplajeng saking kawula,tiyang ingkang nyengiti kawula, sami kawula tumpes.

42. Sami sambat-sambat nedha pitulungan, nanging boten wonten ingkang mitulungi,sami ngadhuh-adhuh dhumateng Sang Yehuwah,nanging boten kaparingan wangsulan.

43. Sami kawula giles ngantos kados lebuning siti,kawula gecak lan kawula idak-idak kados blethok ing margi.

44. Lan Paduka nguwalaken kawula saking pasulayanipun bangsa kawula,Paduka rumeksa dhumateng kawula kados dene pangagengipun para bangsa;bangsa ingkang boten kawula tepangi sami ngabdi dhateng kawula.

45. Tiyang ngamanca sami nungkul ngrerepa dhumateng kawula,saweg kemawon kupingipun mireng,lajeng sami sumuyud dhateng kawula.

46. Tiyang ngamanca sami pucet aclum,lan gumeter medal saking betengipun.

47. Sang Yehuwah iku agesang! Pinujia peparangku,linuhurna Gusti Allah paranging karahayonku.

48. Gusti Allah kang malesake aku,lan nungkulake para bangsa ana ing sangisoring pangwasaku,

49. tuwin wus ngluwari aku saka tanganing mungsuhku.Lan Paduka sampun ngluhuraken kawula ngungkuli ingkang tumandang nglawan kawula;Paduka sampun ngluwari kawula saking para juru panganiaya.

50. Pramila kawula badhe ngidungaken pamuji sokur, konjuk dhumateng Paduka, dhuh Sang Yehuwah, wonten ing antawisipun para bangsa,lan kawula badhe ngidungaken masmur kagem asma Paduka.

51. Panjenengane maringi karaharjan kang gedhe marang ratu kang dijumenengake,lan nandukake sihkadarman marang kang jinebadan,marang Dawud lan anak-putune nganti salawas-lawase.”