Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 1 Kitab Sutji (JAV)

Senapati Dawud tampi pawarta bab sedane Sang Prabu Saul

1:1-16

1. Sasedane Sang Prabu Saul, nalika Senapati Dawud kondur saka ngasorake wong Amalek, sarta lereb rong dina ana ing Ziklag,

2. ing dina katelune ana wong panunggalane balane Sang Prabu Saul, panganggone rowak-rawek, lan sirahe kawur-wuran lemah. Bareng tekan ing ngarsane Sang Senapati Dawud, sujud konjem ing bumi sarta nyembah.

3. Sang Dawud ndangu wong mau: “Saka ngendi tekamu?” Atur wangsulane wong mau: “Kawula keplajeng saking pabarisanipun Israel.”

4. Pandangune maneh: “Kapriye pawartane? Mara aku caritanana!” Atur wangsulane: “Wadyabala sampun sami keplajeng saking paprangan, boten namung panunggilanipun wadyabala kemawon ingkang ambruk pejah, dalasan Sang Prabu Saul saha Pangeran Yonatan, putranipun, ugi sami seda.”

5. Senapati Dawud banjur ngandika marang wong kang nggawa pawarta iku: “Kapriye ngretimu, yen Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, putrane wis seda?”

6. Atur wangsulane kang nggawa pawarta mau: “Kapinujon kawula wonten ing pareden Gilboa; saking ngriku katingal Sang Prabu Saul lendhehan ing waosipun, mangka dipun oyak kreta-kreta tuwin bala kapalan.

7. Nalika noleh mawingking mirsani kawula, lajeng nimbali kawula, lan kawula matur: Nuwun, Gusti kawula.

8. Sang Prabu ndangu dhateng kawula: Kowe sapa? Wangsulan kawula: Kawula tiyang Amalek.

9. Lajeng pangandikanipun dhateng kawula: Mara mrenea, aku patenana, amarga aku krasa kejeng, nanging nyawaku isih.

10. Kawula nyelaki Sang Prabu lajeng kawula sedani, amargi kawula mangretos, bilih panjenenganipun temtu boten lestantun gesang, sasampunipun dhawah. Jamanging mustakanipun saha kelat baunipun sami kawula pendhet lan punika sadaya kawula aturaken wonten ing ngarsanipun gusti kawula.”

11. Senapati Dawud banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan wong kang padha ngadhep ana ing ngarsane iya padha tumindak mengkono.

12. Karodene padha nangis, anggone padha nangis karo puwasa nganti tumeka suruping srengenge, marga saka Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan putrane, marga saka umate sang Yehuwah lan bangsa Israel, jalaran padha mati kapupu ing pedhang.

13. Senapati Dawud banjur ndangu maramg wong kang nggawa pawarta mau: “Pinangkamu saka ngendi?” Atur wangsulane: “Kawula punika tiyang nglembara, tiyang Amalek.”

14. Sang Dawud banjur ngandika marang wong mau: “Kapriye? Apa kowe ora wedi ngangkat tanganmu nyedani kang jinebadan ing Sang Yehuwah?”

15. Senapati Dawud banjur nimbali salah sijine prajurit, dhawuhe: “Mara mrenea, wong iku pedhangen!” Prajurit mau banjur medhang wong iku, temah mati.

16. Lan Sang Dawud ngandika marang wong iku: “Getihmu nempuhna marang awakmu dhewe, amarga cangkemmu dhewe nekseni nglawan awakmu dhewe, amarga kandha: Kawula ingkang nyedani ingkang jinebadan ing Sang Yehuwah.”

Pamuwune Sang Dawud marga saka Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan

1:17-27

17. Sang Dawud ngulukake kidung panangis iku marga saka Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, putrane.

18. Lan panjenengane paring dhawuh marahake kidung iki marang bani Yehuda; iku tinulis ana ing layang bab Wong Temen.

19. He Israel, pepethinganmu seda kapupu ana ing pagununganmu!Kapriye dene para prawira padha sirna!

20. Iku aja diwartakake ana ing Gat,lan aja digiyarake ana ing lurung-lurunge Askelon,supaya para wanita ing Filisti aja nganti padha suka pari suka,lan para prawane wong ikutan padha jingklak-jingklak.

21. He gunung-gunung ing Gilboa,aja ana ebun utawa udan kang tumurun, nibani kowe, dhuh ara-araning pepati.Amarga ana ing kono tamenge para prawira padha reged,tamenge Prabu Saul kang ora kambon lenga jebad.

22. Wong kang mati kapupu tanpa wutahing getih,lan para prawira tanpa gajih.Jemparinge Sang Yonatan ora tau bali nglaha,pedhange Prabu Saul ora tau bali nglenthung.

23. Prabu Saul lan Sang Yonatan, wong kang kinasihan lan sumlondhoh,sugenge lan sedane ora pinisah.Kebate ngluwihi abure manuk garudha,rosane ngungkuli singa.

24. He para bocah wadon ing Israel, Prabu Saul tangisana,kang manganggoni kowe klawan sandhangan kang endah,kang bakale kain jingga,kang ngetrapake pasren emas ing sandhanganmu.

25. Kapriye ta dene para prawira padha kepupu ana ing satengahing paprangan!Sang Yonatan seda kapupu ana ing pagununganmu.

26. Kula ngraosaken sisah margi saking panjenengan,dhuh sadherek kula Yonatan;panjenengan rumaket sanget dhateng kula;tumrap kula katresnan panjenengan punika langkung nggumunaken katimbang katresnaning wanita.

27. Kapriye ta dene para prawira padha kapupu,lan gegamaning perang padha lebur!