Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 10 Kitab Sutji (JAV)

Prabu Dawud perang nglawan bani Amon lan bani Aram

10:1-19

1. Sawuse mangkono ratune bani Amon seda; lan Pangeran Hanun, putrane, jumeneng ratu nggentosi kang rama.

2. Sang Prabu Dawud nuli ngandika: “Ingsun bakal memitran karo Prabu Hanun bin Nahas, padha kaya ramane kang wus memitran karo ingsun.” Mulane Prabu Dawud banjur utusan ngaturake belasungkawa lumantar para punggawane marga saka sedane ramane. Nanging bareng para punggawane Prabu Dawud tekan ing ngarsane bani Amon,

3. para panggedhene bani Amon munjuk marang Sang Prabu Hanun, gustine: “Miturut panggalih dalem Prabu Dawud punika punapa badhe ngurmati kang rama, dene ngantos utusan abdi-abdinipun ingkang ngaturaken belasungkawa punika? Punapa boten kagungan karsa badhe niti-priksa kitha punika sarta nelik badhe nglebur kitha, pramila Prabu Dawud lajeng utusan para punggawanipun dhateng ngarsa dalem?”

4. Prabu Hanun banjur dhawuh nyekel para utusane Prabu Dawud, kadhawuhan nyukur jenggote separo lan ngethok panganggone saka perangan tengah tutug ing bokonge, nuli dieculake.

5. Prakara iki diaturake marang Prabu Dawud, kang banjur dhawuh mapag, amarga para utusan iku padha nandhang wirang banget. Sang Prabu ngandika: “Padha lerena ana ing Yerikho, nganti jenggotira pulih maneh, nuli muliha!”

6. Bareng bani Amon weruh, yen dimungsuh Prabu Dawud, banjur kongkonan nyewa wong Aram-Bet-Rekhob lan wong Aram saka Zoba rong puluh ewu wadyabala dharatan, saka ratu ing nagara Maakha wong sewu lan saka wong Tob rolas ewu.

7. Nalika Sang Prabu Dawud miyarsa prakara iku, banjur dhawuh marang Senapati Yoab supaya mangsah perang kanthi sakehing wadyabala para prawira.

8. Bani Amon banjur nata gelaring perang ana sangarepe gapura; dene wong Aram saka ing Zoba lan Rekhob, apadene para wong Tob lan Maakha padha ndhewe ana ing ara-ara.

9. Bareng Senapati Yoab mirsa, yen mungsuhe mbebayani tumrap panjenengane saka ing ngarep lan saka ing buri, banjur nglumpukake wong Israel kang peng-pengan lan nata gelaring perang adu arep karo bala Aram.

10. Kekarene saka bala iku dipasrahake marang pamimpine Sang Abisai, sadhereke, kang nata gelar perange adu arep karo bala Amon.

11. Senapati Yoab nuli meling: “Manawa aku kewalahan nglawan bala Aram, kowe kudu mbiyantu aku, nanging manawa kowe kewalahan nandangi bala bani Amon, aku bakal teka mbiyantu kowe,

12. Diteteg atimu lan payo padha nyantosakake atiku kanggo bangsa lan kutha-kuthane Gusti Allah kita. Muga Sang Yehuwah nindakna kang dadi karsane.”

13. Senapati Yoab sabalane banjur mangsah perang nglawan bala Aram lan mungsuhe padha keplayu saka ing ngarepe.

14. Bareng bala bani Amon weruh, manawa bala Aram padha keplayu, iya nuli padha mundur saka ngarsane Sang Abisai sarta lumebu ing kutha. Sawuse iku Senapati Yoab kondur, bubar nempuh marang bani Amon lan banjur wus rawuh ing Yerusalem.

15. Nalika bala Aram sumurup, yen wis padha disorake dening bala Israel, banjur padha nglumpuk.

16. Prabu Hadadezer dhawuh marang bala Aram kang ana ing sabrangane bengawan Efrat supaya mangsah perang, bala iku banjur wus tekan ing Helam, dipimpin dening Sang Sobakh, senapati Prabu Hadadezer.

17. Bareng bab iku diaturake marang Prabu Dawud, nuli sakehe wong Israel diklumpukake ana ing sabrangane bengawan Yarden, banjur wus tekan ing Helam. Wong Aram padha tata gelaring perang adu arep karo Prabu Dawud sarta banjur perang nglawan panjenengane.

18. Nanging bala Aram padha keplayu saka ing ngarepe bala Israel lan Prabu Dawud niwasake saka bala Aram: jaran kreta pitung atus lan bala jaranan patang puluh ewu. Sang Sobakh, senapatine bala Aram ketaton banget, temah seda ngenggon.

19. Bareng sakehe raja kang wus katelukake Prabu Hadadezer uninga, yen wis disorake bala Israel, banjur padha ngajak bedhamen karo wong Israel sarta padha teluk; sawuse iku para wong Aram padha wedi mbiyantu marang wong bani Amon maneh.