Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 8 Kitab Sutji (JAV)

Kaunggulane Sang Prabu Dawud

8:1-14

1. Sawuse iku Prabu Dawud nggepuk wong Filisti lan ditelukake. Prabu Dawud nuli ngrebat pusaraning kutha krajan saka ing tangane wong Filisti.

2. Sang Prabu Dawud nuli ngasorake wong Moab, wong-wong iku padha didhawuhi turon ana ing bumi lan tanahe diukur klawan tali; kang diukur tikel lorone tali iku padha dipateni, lan kang satali kemput diuripi. Wong Moab padha teluk marang Sang Prabu Dawud diwajibake asok bulubekti.

3. Sabanjure Prabu Dawud ngasorake Prabu Hadadezer bin Rekhab, ratu ing Zoba, nalika panjenengane arep mulihake panguwasane ing bengawan Efrat.

4. Prabu Dawud nawan saka bangsa iku wong sewu pitung atus, wadya-bala jaranan, lan rong puluh ewu wadyabala dharatan; Prabu Dawud dhawuh ngenceti jaran kang nggered kareta, mung jaran satus kang dikarekake.

5. Tumuli bala Aram saka Damsyik teka mbiyantu Prabu Hadadezer, ratu ing Zoba, nanging bala Aram iku kang disirnakake dening Prabu Dawud wong rolikur ewu.

6. Prabu Dawud banjur paring bala sabregada kang ngebroki tlatahe wong Aram ing Damsyik. Wong Aram padha teluk marang Sang Prabu Dawud, lan banjur diwajibake ngaturake bulubekti, Sang Yehuwah paring kaunggulan marang Prabu Dawud menyanga ngendi bae anggone nglurug.

7. Sawuse iku Sang Prabu Dawud dhawuh ngangkuti tameng-tameng emas kang dianggo wadya-balane Prabu Hadadezer, banjur digawa menyang Yerusalem.

8. Apadene Sang Prabu ngangkuti tembaga akeh banget saka ing Betakh lan Berotai, yaiku kutha-kuthane Prabu Hadadezer.

9. Nalika Prabu Tou, ratu ing Hamat, miyarsa yen Sang Prabu Dawud wus ngasorake sakehing wadya-balane Prabu Hadadezer,

10. Prabu Tou banjur utusan Pangeran Yoram, kang putra, sowan marang ngarsane Prabu Dawud, ngaturake salam taklim lan ngaturake sugeng, dene wus nglurugi perang nglawan Prabu Hadadezer, lan wus ngasorake panjenengane, Prabu Hadadezer iku kerep nglawan Prabu Tou. Apadene Pangeran Yoram ngaturake barang-barang salaka, mas lan tembaga.

11. Barang-barang iku sinengker Prabu Dawud kagem Sang Yehuwah, bareng karo barang-barang selaka lan mas, kang saka sakehe bangsa kang ditelukake,

12. yaiku selaka lan mas saka bangsa Aram, bangsa Moab, bangsa Amon, bangsa Filisti lan bangsa Amalek apadene saka jarahan kang saka Prabu Hadadezer bin Rekhab, ratu ing Zoba.

13. Kalawan mangkono Sang Prabu Dawud banjur kondhang asmane, lan nalika kondur, niwasake bala Edom wolulas ewu ing Lebak Asin.

14. Panjenengane banjur mrenahake bala sabregada kang ngebroki Edom, temah tlatah Edom kabeh dadi kawulane. Sang Yehuwah paring kaunggulan marang Prabu Dawud menyanga ngendi bae anggone nglurug perang.

Para punggawane Sang Prabu Dawud

8:15-18

15. Mengkono Sang Prabu Dawud anggone ngasta paprentahan ing satanah Israel kabeh, sarta njejegake kaadilan lan kabeneran tumrap ing bangsa kabeh.

16. Sang Yoab bin Zeruya kawisuda dadi senapati; Sang Yosafat bin Ahilud kang ngreksa bandhaning praja,

17. Sang Zadok bin Ahitub lan Sang Akhimelekh bin Abyatar dadi imam; Seraya dadi panitra praja;

18. Benaya bin Yoyadha dadi tetindhihing wong Kreti lan Pleti; dene putra-putrane Prabu Dawud dadi nayaka kraton.