Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 18 Kitab Sutji (JAV)

Pangeran Absalom kasoran perange lan kasedanan

18:1-18

1. Sang Prabu Dawud mriksa barisaning wadyabala kang ndherek panjenengane, banjur njunjung tetindhihing prajurit sewu lan tetindhihing prajurit satus.

2. Sang Prabu banjur ngabani wadyabala mangsah perang, kang sapretelon dipanggedheni dening Sang Yoab, kang sapretelon dening Sang Abisai bin Zeruya, sadhereke Sang Yoab lan sapretelon maneh kang dadi tetindhih Sang Itai, wong ing Gat. Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang wong akeh: “Ingsun piyambak uga bakal mangsah perang bareng klawan sira.”

3. Nanging unjuke wong akeh: “Panjenengan dalem sampun ngantos mangsah perang, amargi saupami kawula ngantos keplajeng, tiyang-tiyang punika boten badhe mreduli dhateng kawula sadaya, malah sanadyan sami pejah ingkang sepalih, mesthi sami boten mreduli dhateng kawula sadaya, nanging gusti kawula punika aosipun sami kaliyan panunggilan kawula sadasa ewu. Pramila langkung sae, bilih gusti kawula siyaga mbiyantu kawula saking kitha.”

4. Sang Prabu banjur ngandika marang wong akeh iku: “Apa kang sira wawas becik, bakal sunlakoni.” Sang Prabu banjur jumeneng ana ing sandhing gapura lan wadyabala kabeh padha metu budhal pepanthan atusan lan ewon.

5. Lan Sang Prabu paring dhawuh marang Sang Yoab, Abisai lan Itai, pangandikane: “Pangrengkuhira marang Absalom, wong anom iku, sing alus, marga saka ingsun. “Lan wadyabala padha krungu kabeh, nalika Sang Prabu paring dhawuh marang para tetindhihing bala tumrap Pangeran Absalom iku.

6. Wadyabala banjur mangkat menyang ing ara-ara nempuh marang bala Israel lan campuhing perang ana ing alas Efraim.

7. Bala Israel temah padha kasoran kagepuk ing perang ana ing kono dening balane Prabu Dawud lan ing dina iku wutahing getih nggegirisi banget: wong kang tiwas rong puluh ewu.

8. Campuhing perang ngambra-ambra nyrambahi saindenging tlatah lan alas iku nekakake pepati luwih akeh katimbang karo kang mati kamangsa ing pedhang.

9. Dumadakan Pangeran Absalom kepregok karo balane Sang Prabu Dawud. Anadene Pangeran Absalom nitih bihal, nalika bihal iku liwat ing sangisore bebuletaning pang wit tarbantin kang gedhe, mustakane kecantol ing wit ela iku, temah genteyongan ana ing antarane langit lan bumi, mangka bihal kang dititihi mbedhal terus.

10. Bareng kaweruhan ing wong, dilapurake marang Senapati Yoab, ature: “Kula sumerep Pangeran Absalom genteyongan wonten ing wit ela.”

11. Senapati Yoab banjur ngandika marang wong kang ngaturi pirsa iku: “Apa? Yen kowe meruhi, yagene ora kokbanting ing lemah ana ing kono. Wis sapatute yen aku banjur ngganjar kowe dhuwit sekel selaka sepuluh sekel lan sabuk siji.”

12. Nanging wong mau matur marang Senapati Yoab: “Sanadyan kula kaganjara selaka sewu sekel, kula boten badhe nggepok putranipun Sang Prabu, amargi kula sami mireng piyambak, pangandikanipun Sang Prabu dhateng panjenengan, Sang Abisai lan Itai, dhawuhipun: Wong anom Absalom iku ayomana marga saka ingsun.

13. Kosokwangsulipun, manawi kula ngantos nyedani panjenenganipun, boten sande prakawis punika kauningan dening Sang Prabu sarta panjenengan temtu badhe nebih kemawon.”

14. Nanging Senapati Yoab ngandika: “Aku ora arep nyenyuwe ana ing ngarepmu kaya mangkene.” Banjur mundhut towok telu lan dijojohake ing jajane Pangeran Absalom, nalika isih sugeng gumantung ana ing satengahing epange wit ela mau.

15. Tumuli ana balane Senapati Yoab wong sepuluh, kang ngampil gegamane Sang Yoab, kang banjur ngepung Pangeran Absalom. Sang Pangeran digebagi lan disedani.

16. Senapati Yoab banjur ngunekake kalasangka, dadine para balane Sang Yoab padha mandheg anggone ngoyak-oyak marang bala Israel, amarga Senapati Yoab nyandet balane.

17. Banjur padha ngudhunake layone Pangeran Absalom lan dicemplungake ana ing luwangan kang gedhe ing alas kono, nuli didegi tumpukan watu kang gedhe banget. Sakehe bala Israel mlayu nggendring mulih marang kemahe sowang-sowangan.

18. Nalika isih sugeng Pangeran Absalom wis ngadegake tugu kagem sarirane piyambak, kang tumeka saiki isih ana ing lebak Ratu, awit pangandikane: “Aku ora duwe anak lanang, kang nglestarekake pangeling-eling marang jenengku.” Lan tugu iku dijenengake manut asmane piyambak, mulane tugu iku nganti saprene diarani: tugu pangeling-elinge marang Pangeran Absalom.

Pawarta bab sedane Pangeran Absalom diaturake marang Prabu Dawud

18:19-32

19. Ahimaas bin Zadhok banjur matur: “Kawula mugi kalilana mlajeng ngunjuki pawartos ingkang sae punika dhateng Sang Prabu, bilih Sang Yehuwah sampun paring adil dhateng Sang Prabu, inggih punika kaluwaran saking tanganing mengsahipun.”

20. Nanging Senapati Yoab ngandika: “Ing dina iki aja kowe kang nggawa pawarta, mung dina liyane kowe sing nggawa pawarta, mung ing dina iki kowe aja ngunjukake pawarta, manawa putrane Sang Prabu seda.”

21. Senapati Yoab banjur ngandika marang sawijining wong Etiopia: “Lungaa, ngaturna uninga marang Sang Prabu, apa kang wis kokdeleng.” Wong Etiopia iku sujud nyembah marang Senapati Yoab, banjur mangkat kanthi lumayu.

22. Ahimaas bin Zadhok banjur matur marang Senapati Yoab: “Punapa kemawon ingkang badhe kelampahan, kula inggih kalilana mangkat mlajeng, nusul tiyang Etiopia punika.” Nanging Senapati Yoab ngandika: “Yagene kowe kok kadereng arep mangkat, ngger? Apa kowe nggawa pawarta kang ana pituwase?”

23. Wangsulane: “Punapa kemawon ingkang badhe kelampahan, kula badhe mlajeng mangkat.” Yoab banjur ngandika: “Yen mangkono iya wis mlayua!” Ahimaas banjur lumayu metu dalan kang saka Lebak Yarden, temah tekane ndhisiki wong Etiopia iku.

24. Kacarita Sang Prabu Dawud lagi lenggah ana ing antarane gapura loro, dene prajurit jaga munggah ing payone gapura iku, ana ing ndhuwur balowarti. Nalika prajurit iku ngawasake, ndeleng wong teka mlayu-mlayu ijen bae,

25. nuli nguwuh-uwuh, ngaturi uninga marang Sang Prabu, banjur dipangandikani: “Yen tekane ijen bae, mesthi nggawa pawarta becik.” Nalika wong mau sangsaya nyedhak,

26. prajurit iku weruh wong liyane, banjur nguwuh-uwuh aweh weruh marang kang jaga gapura: “Lah punika wonten tiyang malih ingkang mlajeng piyambakan kemawon.” Sang Prabu banjur ngandika: “Iku mesthi nggawa pawarta becik.”

27. Sawuse iku pecalang munjuk: “Tiyang ingkang dhateng rumiyin punika caranipun mlajeng kados caranipun Ahimaas bin Zadhok.” Pangandikane Sang Prabu: “Iku wong becik, tekane mesthi nggawa pawarta becik.”

28. Ahimaas banjur nguwuh-uwuh, unjuke marang Sang Prabu: “Sugeng!” Banjur sujud nyembah marang Sang Prabu, raine konjem ing bumi sarta munjuk: “Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem ingkang sampun masrahaken para tiyang ingkang sami ngagagaken tanganipun dhumateng gusti kawula Sang Prabu.”

29. Sang Prabu banjur ndangu: “Absalom, bocah anom iku apa slamet?” Atur wangsulane Ahimaas: “Kala wau kawula ningali kawontenan ingkang rame sanget, nalika Sang Yoab ndhawuhi kawula mangkat sowan dhateng ngarsa dalem, nanging abdi dalem boten mangretos punika punapa.”

30. Sang Prabu banjur ngandika: “Sumingkira menyang ing sandhingingsun, ngadega ing kene.” Banjur sumingkir nisih lan ngadeg terus.

31. Wong Etiopia teka, banjur munjuk mengkene: “Dhuh gusti kawula Sang Prabu, angsal pawartos sae, amargi Sang Yehuwah sampun paring adil dhateng panjenengan dalem ing dinten punika, dene sampun ngluwari gusti kawula saking tanganipun sadaya tiyang ingkang nglawan dhateng gusti kawula.”

32. Nanging Sang Prabu ndangu marang wong Etiopia iku: “Absalom wong anom iku apa slamet?” Atur wangsulane wong Etiopia iku: “Mugi mengsahipun gusti kawula Sang Prabu sami dadosa kados sang anem punika saha sakathahipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng gusti kawula sumedya tumindak awon.”

Sang Prabu Dawud nandhang prihatos

18:33--19:8

33. Sang Prabu temah kaget lan sungkawa banget, nuli minggah menyang lotenging gapura, sarta banjur muwun. Sajrone tindak pangandikane mangkene: “Adhuh anakku engger Absalom, ngger, anakku Absalom! Bok luwung aku bae kang mati dadia lirumu. Adhuh Absalom, anakku, anakku!”