Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 9 Kitab Sutji (JAV)

Pangeran Yehuwah ngatingal kang kaping pindhone marang Sang Prabu Suleman

9:1-9

1. Bareng Sang Prabu Suleman wus rampung anggone yasa padalemane Sang Yehuwah lan kratone Sang Prabu sarta anggone damel samubarang kabeh kang dikersakake,

2. Pangeran Yehuwah nuli ngatingal marang Sang Prabu Suleman kang kaping pindhone, kaya nalika ngatingal ana ing Gibeon.

3. Pangandikane Sang Yehuwah marang panjenengane mangkene: “Ingsun wus midhangetake pandonga lan panyuwunira kang sira unjukake marang Ingsun; Ingsun wus nucekake padaleman kang sira yasa kagem paleremaning asmaningSun ing salawas-lawase. PaningalingSun lan galihingsun bakal tansah ana ing kono.

4. Anadene sira, manawa lakunira ana ing ngarsaningSun padha kaya Dawud, ramanira, kalawan ati mulus lan jujur sarta tumindakira nocogi sakehing dhawuhingSun marang sira, tuwin manawa sira tetep nglakoni sakehing katetepaningSun lan pranataningSun,

5. Ingsun bakal nyantosakake dhamparing karajanira tumrap Israel nganti ing salawas-lawase kaya kang wus dakjanjekake marang Dawud, ramanira, kalawan pangandikaningSun: Turunira ora bakal kapethal saka ing dhamparing karajan Israel.

6. Nanging manawa sira lan anak-anakira padha ngungkurake Ingsun lan ora netepi sakehing dhawuh lan katetepaningSun kang wus Sunparingake marang sira, tuwin banjur padha lunga ngabekti marang allah liyane sarta sujud nyembah marang iku,

7. wong Israel bakal Sunsirnakake saka ing tanah kang wus Sunparingake, tuwin padaleman kang wus Sunsucekake kagem asmaningSun iku bakal Sunbucal saka ing ngarsaningSun; ing kono Israel bakal dadi pocapan lan pepoyokan ana ing antarane sakehe para bangsa.

8. Sabanjure padaleman iki bakal dadi jugrugan, satemah saben wong liwat bakal gumun, singsot sarta celathu: Apa sababe dene Pangeran Yehuwah matrapi kang mangkono iku marang nagara iki lan marang padalemane iki?

9. Ing kono wong bakal celathu: Amarga wong-wong padha ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, kang wus ngirid para leluhure metu saka ing tanah Mesir lan marga saka anggone padha rumaket marang allah liyane tuwin sujud nyembah sarta ngabekti marang iku. Yaiku mulane Pangeran Yehuwah banjur ndhatengake sakehe bilahi iki marang wong-wong iku.”

Pambudi-dayane Sang Prabu Suleman sawatara

9:10-28

10. Sawuse rong puluh taun Sang Prabu Suleman anggone yasa padaleman loro mau wus rampung, yaiku padalemaning Yehuwah lan kadhatoning Sang Prabu.

11. Ing sarehne Sang Prabu Hiram, ratu ing Tirus, wus mbiyantu Sang Prabu Suleman kayu eres, kayu beros lan emas, sapira kang dikarsakake, mulane ing nalika iku Sang Prabu Suleman banjur nyaosi marang Sang Prabu Hiram kutha ing tanah Galilea rong puluh.

12. Nanging bareng Sang Prabu Hiram rawuh saka ing Tirus prelu mirsani kutha-kutha kang dicaosake dening Sang Prabu Suleman marang panjenengane iku, kabeh iku kurang gawe renaning panggalihe.

13. Mulane pangandikane: “Kitha-kitha punapa ingkang panjenengan paringaken dhateng kula punika, sadherek?” Mulane tekan saprene wewengkone kutha-kutha mau banjur karan tanah Kabul.

14. Dene Sang Prabu Hiram wus ngintunake satus rong puluh talenta emas marang Sang Prabu.

15. Anadene anggone para wong nyangga karya kaklempakake dening Sang Prabu Suleman iku mangkene: Wong mau padha diklempakake kagem yasa padalemaning Pangeran Yehuwah, kadhatoning Sang Prabu, beteng Milo lan temboke kutha Yerusalem sarta uga didhawuhi nyantosani kutha Hazor, Megido lan Gezer --

16. Sabab Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, wus majeng perang lan ngrebat kutha Gezer, kang banjur kaobong sarta para wong Kanaan kang manggon ing kono padha dipateni. Sawuse mangkono kutha mau nuli kaparingake marang putrane putri, garwane Sang Prabu Suleman, minangka ganjaran nalika kramane;

17. kutha Gezer iku banjur disantosani dening Sang Prabu Suleman. -- Ana maneh wong nyangga karya kang padha didhawuhi nglumpuk ana ing kutha Bet-Horon Lebak,

18. ing Baalat, ing Tamar ing pasamunan kang ana ing tanah Yehuda

19. lan ing sakehe kutha pasimpenan kagungane Sang Prabu Suleman, ing kutha-kutha panggonane kareta, ing kutha-kutha panggonaning wong nunggang jaran sarta ana ing ngendi bae kang dikarsakake Sang Prabu Suleman anggone arep yeyasa ana ing Yerusalem ana ing gunung Libanon, utawa ana ing sawewengkone nagara kang dikwaosi kabeh.

20. Sakehe kekarene bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus, kang ora kagolong bangsa Israel,

21. yaiku wong-wong kang isih padha manggon ing nagara kono turune bangsa-bangsa mau lan kang ora bisa ditumpes dening Israel, iya wong-wong iku kang padha diklempakake dening Sang Prabu Suleman kadadekake abdi nyangga karya, mangkono iku nganti saprene.

22. Nanging wong Israel ora ana kang kadadekake abdi kaya mangkono dening Sang Prabu Suleman; iku padha kadadekake prajurit, abdi dalem, panggedhe, opsir utawa panggedhening wadya-bala kang nunggang kreta lan wadya-bala jaranan.

23. Iki para pemimpin umum kang manggedheni pakaryane Sang Prabu Suleman: limang atus seket cacahe wong kang padha ngereh wong akeh kang nglakoni pagawean mau.

24. Sawuse putri putrane Sang Prabu Pringon pindhah saka ing kutha Dawud menyang ing dalem anggone ngyasakake Sang Prabu Suleman, Sang Prabu enggal banjur yasa Milo.

25. Saben taun Sang Prabu Suleman caos kurban obaran lan kurban kaslametan ping telu ana ing misbyah kang kaadegake kagem Pangeran Yehuwah sarta mbesmi dupa ana ing ngarsaning Sang Yehuwah. Mangkono wus rampung anggone yasa padaleman mau.

26. Sang Prabu Suleman uga yasa kapal-kapal ana ing Ezion-Geber kang ana ing sacedhake Elot, ing sapinggire Sagara Teberau, ing tanah Edom,

27. kapal-kapal iku kaagem dening Sang Prabu Hiram ngintunake para abdine, yaiku para punggawa kapal kang padha ngreti bab sagara, mbarengi para abdine Sang Prabu Suleman.

28. Lakune tekan ing Ofir, ana ing kono padha njupuk emas patang atus rong puluh talenta kang banjur padha kaaturake marang Sang Prabu Suleman.