Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 6 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu yasa Padaleman Suci

6:1-38

1. Kacarita taun kang kaping patang atus wolung puluh sawuse wong Israel metu saka ing tanah Mesir, ing taun kang kaping pat sawuse Sang Prabu Suleman jumeneng ratu ing Israel, ing sasi Ziw, yaiku sasi kang kapindho, Sang Prabu Suleman wiwit yasa padaleman kagem Sang Yehuwah.

2. Padaleman kang kaadegake Sang Prabu Suleman kagem Sang Yehuwah iku dawane sawidak asta, lan ambane rong puluh asta sarta dhuwure telung puluh asta.

3. Pendhapa ing sangarepe bale-agung ing padaleman iku dawane rong puluh asta, manut ambane padaleman iku lan ambane sapuluh asta ing ujure padaleman mangarep.

4. Padaleman iku uga didokoki cendhela-cendhela nganggo krepyak kang rapet.

5. Ing sakubenge padaleman mepet ing tembok diyasani kamar tambahan, ing sakubenge bale-agung lan bale pungkuran lan kabeh iku kagawe sungsun-sungsun.

6. Larikan kang ngisor ambane limang asta, kang tengah enem asta, dene kang katelu pitung asta, amarga ing sajabane padaleman mubeng wus diyasani bantalan, pamurihe supaya ora usah mboboki temboking padaleman.

7. Nalika yasa padaleman iku kang dianggo watu-watu kang wus diwangun ana ing papan pandhudhuke satemah ora keprungu swaraning palu utawa pethel utawa sadhengah piranti wesi sajrone mbangun padaleman iku.

8. Lawange larikan ngisor ana ing satengahe padaleman lan manawa wong menyang ing larikan tengah menyang larikan katelu, liwat andha kang menggak-menggok.

9. Bareng anggone yasa padaleman mau wus rampung, padaleman mau banjur dipasangi pyan, yaiku palang-palang ditrapi blabag kayu eres.

10. Sabanjure bareng anggone ngadegake kamar-kamar tambahan mubeng wus rampung, yaiku saben larikan dhuwure limang asta, padaleman mau nuli ditrapi payon kayu eres.

11. Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Sang Prabu Suleman mangkene:

12. “Bab padaleman kang lagi sira degake iku, manawa lakunira manut ing sakehing pranataningSun, lan tetep nindakake sakehing dhawuhingSun sarta ora nyimpang saka iku, Ingsun bakal netepi janjiningSun marang sira kang wus Sunpangandikakake marang Dawud, ramanira,

13. yaiku manawa Ingsun bakal dedalem ana ing satengahe wong Israel lan ora bakal nilar umatingSun Israel.”

14. Bareng Sang Prabu Suleman wus rampung anggone yasa padaleman iku,

15. temboke padaleman mau ing jerone dirangkepi blabag kayu eres; wiwit ing jrambah nganti tekan ing wengkuning pyan dirangkepi gebyog kayu eres, nanging jrambahe padaleman dilapisi blabag kayu beros.

16. Perangane mburi padaleman mau kang rong puluh asta banjur didokoki singgetan kayu eres, wiwit ing jrambah nganti tekan ing blandar pangeret; perangan iku nuli kadadekake kamar pungkuran, dadi papan sucining asuci.

17. Perangan ing sangarepe kamar pungkuran iku dawane patang puluh asta, iku kamar gedhe.

18. Gebyog kayu eres ing sisih njerone padaleman mau karengga ing ukir-ukiran arupa woh labu lan kembang mekar; kabeh iku kayu eres, ora ana watune kang katon.

19. Dadine kamar pungkuran ing sajrone padaleman, ing sisih njero dhewe, karakit mangkono iku, bakal kanggo ndokok pethining prajanjiane Sang Yehuwah.

20. Kamar pungkuran iku dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta, dhuwure rong puluh asta. Iku kalapis ing emas lembaran, ing ngarepe kadokokan misbyah kayu eres.

21. Sawuse Sang Prabu Suleman nglapisi sisih njerone padaleman kalawan emas lembaran, ing sisihe ngarep kamar pungkuran kapasangan klambu, kang karagangan rante-rante emas. Kamar mau nuli kalapisan emas.

22. Padaleman mau warata kalapisan emas, iya padaleman iku sakabehe; misbyah ing sangarepe kamar pungkuran iku uga kalapis emas.

23. Sabanjure ing sajroning kamar pungkuran diyasakake kerub kayu jaitun alas loro, siji-sijine dhuwure sapuluh asta.

24. Swiwine kerub iku kang siji dawane limang asta, lan swiwi sijine uga limang asta, dadi saka pucuking swiwi kang siji tekan ing pucuke swiwi sijine dawane ana sapuluh asta.

25. Kerub sijine dawane uga sapuluh asta. Kerub loro-lorone iku ukurane padha sarta wujude uga padha.

26. Kerub kang siji dhuwure sapuluh asta, kerub sijine uga mangkono.

27. Kerub-kerub iku diprenahake ana ing satengahe kamar kang njero dhewe, karo-karone padha ngegarake swiwine, nganti kerub kang siji nyenggol tembok kalawan swiwine, lan kerub sijine nyenggol tembok liyane, dene swiwi-swiwi kang ana ing satengahe padaleman padha adu pucuk.

28. Kerub-kerub iku kalapis emas.

29. Temboke padaleman kabeh iku mubeng rinengga ing gambar kerub, wit kurma tuwin kembang mekar ukir-ukiran, yaiku ing kamar jero lan ing kamar njaba.

30. Jrambahing padaleman uga kalapis emas, ing kamar njero lan ing kamar njaba.

31. Lawang kang anjog ing kamar pungkuran iku kang digawe kayu jaitun; dhempel, pipi lan sirahing lawang, wangune maju lima.

32. Inebing lawang loro-lorone kang digawe kayu jaitun sarta karengga ing gambar kerub, wit kurma lan kembang mekar ukir-ukiran, banjur kalapis ing emas; kerube lan wite kurma uga kalapis ing emas.

33. Samono uga lawang kang anjog ing gedhong gedhe, pipine kang digawe iya kayu jaitun lan wangune maju pat; inebe loro-lorone kang digawe kayu beros.

34. Inebe lawang kang siji awujud rong perangan kang kena kalempit, samono uga inebe lawang sijine.

35. Iku iya banjur karengga ing gambar kerub, wit kurma lan kembang mekar ukir-ukiran, nuli lawang mau kalapis emas tipis, kang kalapisake ing gambar ukir-ukiran mau.

36. Sang Prabu banjur yasa tembok plataran njero nganggo watu tatahan sap telu lan nganggo kayu eres tatahan sasap.

37. Tetalese padalemane Sang Yehuwah iku kagawe ing taun kang kaping pat, ing sajroning sasi Ziw,

38. lan ing sajrone taun kang kaping sawelas, ing sajrone sasi Bul, yaiku sasi kang kaping wolu, padaleman mau wus rampung dalasan sakehing perang-perangane sarta cocog karo rancangane; dadi Sang Prabu anggone yasa padaleman iku lawase pitung taun.