Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 13 Kitab Sutji (JAV)

Abdining Allah saka ing Yehuda

13:1-34

1. Nalika Sang Prabu Yerobeam lagi jumeneng ana ing misbyah kambi mbesmi kurban, banjur ana sawijining abdine Pangeran Yehuwah kang teka ing Betel saka ing Yehuda.

2. Marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah wong mau nuli nguwuh-uwuh marang misbyah iku, tembunge: “Heh misbyah, heh misbyah! Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal ana turune Dawud kang lair, jenenge Yosia. Iku bakal nyembeleh ana ing dhuwurira imam-imam tengger pangurbanan kang ngobong kurban ana ing dhuwurira, uga balung-balung manungsa bakal diobong ana ing dhuwurira.”

3. Ing nalika iku uga wong mau aweh sumurup bab sawijining pratandha kaelokan, tembunge: “Iki pratandha kaelokan, yaiku manawa Pangeran Yehuwah wus ngandika: Lah misbyah iki bakal bengkah, satemah awu kang ana ing dhuwure banjur wutah.”

4. Bareng Sang Prabu Yerobeam midhanget tembunge abdining Allah kang katujokake marang misbyah ing Betel iku, nuli ngathungake astane saka ing sadhuwure misbyah lan dhawuh: “Cekelen wong iku!” Nanging astane kang diathungake marang wong mau banjur dadi kejeng, satemah ora kena dibengkelukake maneh.

5. Misbyahe uga tumuli bengkah, awu kang ana ing dhuwure wutah, cocog karo pratandha kaelokan kang dikandhakake dening abdining Allah marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah mau.

6. Sang Prabu banjur ngandika marang abdining Allah mau: “Kula mugi kasuwunaken sih-piwelasipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, saha kula mugi panjenengan dongakaken, supados tangan kula saged wangsul malih.” Abdining Allah banjur nyuwunake sih-piwelase Pangeran Yehuwah, satemah astane Sang Prabu nuli bisa bali maneh, pulih kaya maune.

7. Sawuse mangkono Sang Prabu tumuli ngandika marang abdining Allah mau: “Sumangga sesarengan kaliyan kula dhateng ing kraton, kula aturi nungtumaken sarira panjenengan, sasampunipun punika panjenengan badhe kula caosi atur-atur.”

8. Nanging abdining Allah munjuk marang Sang Prabu: “Sanadyan sapalihing kadhaton dalem panjenengan dalem paringaken dhumateng kawula, kawula boten badhe mampir dhateng ing kadhaton dalem; kawula ugi boten badhe nedha roti utawi ngombe toya wonten ing panggenan punika.

9. Amargi makaten dhawuh pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhumateng kawula: Sira aja mangan roti utawa ngombe banyu sarta aja bali metu ing dalan kang wus sira liwati mau.”

10. Wong mau banjur lunga metu ing dalan liyane lan ora bali metu ing dalan kang wus diliwati, anggone menyang ing Betel.

11. Ing Betel ana sawijining nabi tuwa. Anak-anake padha teka lan nyeritakake sakehing panggawene abdining Allah ing dina iku ana ing Betel. Uga padha nyeritakake marang bapakne tetembungane kang diaturake marang Sang Prabu.

12. Bapakne nuli takon: “Lungane metu ing dalan ngendi?” Anak-anake nuli padha nuduhake dalan kang diliwati dening abdining Allah kang teka saka ing Yehuda iku.

13. Bapakne banjur kandha marang anak-anake: “Kuldiku abah-abahana!” Kuldine tumuli diabah-abahi;

14. bapakne nuli nunggang lan mangkat nututi abdining Allah mau sarta kepranggul lagi lungguh ana ing sangisoring wit gedhe. Banjur ditakoni: “Punapa panjenengan abdining Allah ingkang rawuh saking Yehuda?” Wangsulane: “Inggih kula punika.”

15. Celathune maneh: “Sumangga sesarengan kaliyan kula dhateng ing griya dhahar roti.”

16. Nanging wangsulane: “Kula boten saged wangsul sesarengan kaliyan panjenengan lan mampir ing dalemipun; kula boten badhe nedha roti utawi ngombe toya sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing panggenan ngriki,

17. awit kula sampun kaparingan dhawuh dening Sang Yehuwah: Sira aja mangan roti utawa ngombe banyu ana ing kana. Sira aja bali liwat ing dalan kang wus sira liwati.”

18. Wangsulane wong tuwa mau: “Kula punika ugi nabi kados panjenengan saha margi saking dhawuhipun Pangeran Yehuwah wonten malaekat ingkang sampun ngandika dhateng kula: Wong iku jaken bali bebarengan karo sira menyang ing omahira, dimen mangan roti lan ngombe banyu.”

19. Nanging wong tuwa mau nggorohi abdining Allah. Abdining Allah iku banjur bali bebarengan karo dheweke lan mangan roti lan ngombe banyu ana ing omahe.

20. Nalika lagi padha lungguh ngadhepake meja, banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang nabi kang ngajak bali,

21. kang tumuli nguwuh mangkene marang abdining Allah kang teka saka ing Yehuda: “Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Sarehne sira mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah lan ora nindakake sakehing dhawuhe kang kaparingake marang sira dening Sang Yehuwah, Gusti Allahira,

22. nanging banjur bali lan mangan roti sarta ngombe banyu ana ing panggonan kene, sanadyan Panjenengane wus ngandika marang sira: Sira aja mangan roti utawa ngombe banyu, mulane jisimira ora bakal lumebu ing kubure leluhurira.”

23. Wong mau sawuse mangan roti lan ngombe banyu, banjur diabah-abahake kuldi, tumuli mangkat.

24. Nanging ana ing dalan banjur tinempuh ing singa lan dipateni. Jisime gumlethak ana ing dalan, kuldine ngadeg ana ing sandhinging jisime mau; singane uga ngadeg ana ing sandhinging jisim.

25. Wong-wong kang liwat padha ndeleng jisim kang gumlethak ana ing dalan lan singa kang ngadeg ing sandhinge iku. Wong-wong mau banjur padha nyritakake bab iku ana ing kutha panggonane nabi tuwa mau.

26. Nalika nabi tuwa kang mbujuk abdining Allah supaya bali, krungu bab mau banjur celathu: “Iku abdining Allah kang mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah. Sang Yehuwah nuli ngulungake dheweke marang singa, kang nyuwek-nyuwek lan mateni wong iku, ngetrepi pangandikaning Sang Yehuwah kang diparingake marang dheweke.”

27. Banjur kandha marang anak-anake: “Kuldiku abah-abahana.” Tumuli padha ngabah-abahi kuldine.

28. Nabi tuwa mau nuli mangkat lan nemu jisime kang gumlethak ana ing dalan, sarta ndeleng kuldi lan singa kang ngadeg ana ing sandhinge. Singa iku ora mangsa jisim mau lan ora nyempal-nyempal kuldine.

29. Nabi tuwa iku banjur njunjung jisime abdining Allah mau katumpangake ing kuldine nuli kagawa bali menyang ing kuthane dhewe, arep ditangisi lan dikubur.

30. Jisim mau dikubur ana ing kuburane dhewe lan banjur ditangisi: “Adhuh sadherek kula!”

31. Salebare ngubur nuli celathu marang anak-anake: “Manawa aku mati, aku kuburen ana ing kuburan iki nunggal karo abdining Allah iku sarta balung-balungku dekekna ing sandhinge balung-balunge.

32. Amarga tetembungan kang diucapake marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah, marang misbyah kang ana ing Betel iku lan marang sakehing omah pamujan ing tengger-tengger ing kutha-kutha ing Samaria, iku mesthi bakal kelakon temenan.”

33. Sawuse kelakon mau Sang Prabu Yerobeam meksa ora nilar pandamele kang ala iku, nanging isih bae ngadegake imam-imam saka kalangan rakyat kanggo tengger-tengger pangurbanan. Sapa bae kang gelem, iku banjur katetepake dadi imam ing tengger-tengger pangurbanan.

34. Anadene panggawe kang mangkono iku dadi lan dosane tedhake Sang Prabu Yerobeam, satemah banjur padha kasirnakake saka ing salumahing bumi.