Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 2 Kitab Sutji (JAV)

Dhawuh piwelinge Sang Prabu Daud kang wekasan sadurunge seda

2:1-12

1. Nalika wektu sedane Sang Prabu Dawud wus cedhak, panjenengane paring piweling marang Sang Prabu Suleman, putrane:

2. “Aku iki bakal lunga ngliwati dalane samubarang kabeh kang ora langgeng, mulane atimu disantosa lan tumindaka kaya wong lanang.

3. Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe,

4. lan supaya Pangeran Yehuwah karsaa netepi janji kang kapangandikakake tumrap aku, yaiku: Manawa anak-anakira lanang lakune lestari ana ing ngarsaningSun kalawan setya, kalawan gumolonging ati sarta kalawan gumolonging nyawane, turun-turunira ora bakal ana pedhote anggone nglungguhi dhamparing karajan Israel.

5. Karodene kowe uga nyumurupi apa kang ditandukake marang aku dening Yoab anake Zeruya, apa kang ditandukake marang senapati Israel loro, yaiku Abner bin Ner lan Amasa bin Yeter, Yoab mateni loro-lorone iku sarta ngwutahake getih ing jaman tentrem, kaya-kaya lagi ana perang, satemah sabuking bangkekane lan trumpahe sikile kuthah getih.

6. Mulane tumindaka kalawan kawicaksanan lan aja nganti ngolehake kang uwanen iku tumurun ing jagading wong mati kalawan slamet.

7. Nanging marang anak-anake Barzilai, wong ing Gilead kae, kowe nandukna kamurahaning atimu. Iku cikben klebu ing golongan kang oleh pangan saka ing mejamu, amarga iku padha ngetokake kasetyane, yaiku padha nampani aku nalika aku keplayu saka ing ngarepe kakangmu Absalom.

8. Sabanjure ing wewengkonmu isih ana Simei bin Gera, wong Benyamin saka ing Bahurim. Iku kang ngipat-ipati aku kalawan ipat-ipat kang nandhes nalika aku menyang ing Mahanaim, nanging ing tembe banjur methukake aku ana ing pinggire bengawan Yarden sarta aku wus sumpah marang dheweke demi Sang Yehuwah: kowe ora bakal dakpateni kalawan pedhang!

9. Saiki iku aja kokluwari saka ing paukuman; kowe iku wong kang wicaksana mesthi iya sumurup apa kang bakal koktandukake marang iku, supaya anggone tumurun ing jagade wong mati kalawan kuthah getih.”

10. Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur ngaso nunggil kalawan para leluhure, nuli kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud.

11. Anadene Sang Prabu Dawud anggone ngratoni Israel lawase patang puluh taun; ana ing Hebron anggone jumeneng pitung taun lan ana ing Yerusalem, jumenenge telung puluh telu taun.

12. Sang Pangeran Suleman banjur gumanti nglenggahi dhampare Sang Prabu Dawud, ramane, karajane santosa banget.

Apa kang katindakake dening Sang Prabu Suleman kagem nyantosakake dhampare

2:13-46

13. Ing sawijining dina Pangeran Adhonia, putrane Sang Putri Hagit sowan mlebu ngadhep ing ngarsane Sang Putri Batsyeba, ibune Sang Prabu Suleman. Sang Putri banjur ndangu: “Apa tekamu iku kanthi kekarepan becik?” Atur wangsulane: “Inggih sae!”

14. Sabanjure ature mangkene: “Wonten bab ingkang badhe kawula aturaken ing panjenengan dalem.” Pangandikane Sang Putri: “Matura!”

15. Nuli matur: “Panjenengan dalem piyambak mirsa, bilih ingkang wenang jumeneng ratu punika kawula, tuwin tiyang Israel sadaya ngajeng-ajeng supados kawula jumeneng ratu; nanging wusananipun kalenggahan raja dhumawah ing rayinipun dalem, awit punika katampi saking Pangeran Yehuwah.

16. Lah sapunika, namung panyuwunan satunggal kemawon ingkang kawula aturaken wonten ing ngarsa dalem, mila sampun ngantos boten dipun jurungi panyuwunan kawula punika.” Paring wangsulane Sang Putri: “Matura!”

17. Unjuke Pangeran Adhonia: “Bab punika mugi panjenengan dalem karsaa ngandika dhateng Sang Prabu Suleman, amargi Sang Prabu tamtu boten badhe nduwa pamundhut dalem. Inggih punika supados Abisag, lare estri saking Sunem punika kaparingna dhateng kawula, dados semah kawula.”

18. Sang Putri Batsyeba mangsuli, pangandikane: “Iya becik, bab iki bakal dakrembug karo Sang Prabu.”

19. Sang Putri Batsyeba banjur lumebet marang ing ngarsane Sang Prabu Suleman prelu ngrembag panyuwune Pangeran Adhonia. Sang Prabu nuli methukake kang ibu sarta banjur tumelung nyembah, tumuli lenggah ing dhampar. Sang Prabu nuli dhawuh mundhut kursi kagem lenggah Sang Prameswari Ibu, kang ibu banjur lenggah ing satengene Sang Prabu.

20. Sang Putri tumuli ngandika: “Aku arep ngaturake panyuwunan kang ora sapiraa marang sliramu, aja nganti sliramu nduwa panyuwunanku iku.” Atur wangsulane Sang Prabu: “Mangga, ibu, awit kula boten badhe nduwa pamundhutipun ibu.”

21. Sang Putri ngandika: “Abisag, bocah wadon Sunem iku bok kaparingake marang kamasmu Adhonia, dadia bojone.”

22. Nanging Sang Prabu Suleman nuli matur marang kang ibu: “Punapaa, dene ibu namung mundhut Abisag, lare estri Sunem punika, kangge Adhonia? Bok inggih mundhut kalenggahaning ratu pisan kangge piyambakipun! Punika rak sadherek kula ingkang langkung sepuh, tur ingkang mbiyantu piyambakipun Imam Abyatar saha Yoab, anakipun Zeruya?”

23. Sang Prabu Suleman banjur supaos demi Sang Yehuwah: “Gusti Allah mugi karsaa nandukaken dhateng kula makaten, malah nglangkungana punika, manawi Adhonia boten ngetohaken nyawanipun kangge panyuwunan punika!

24. Awit saking punika, demi Sang Yehuwah ingkang gesang, ingkang njejegaken kula saha ingkang nglenggahaken kula ing dhamparipun Sang Prabu Dawud, rama kula, saha ingkang maringi kula brayat kados ingkang kaprasetyakaken: ing dinten punika ugi Adhonia kedah dipun pejahi.”

25. Sang Prabu Suleman nuli masrahake bab iku marang Sang Benaya bin Yoyadha, kang iya banjur nempuh marang Pangeran Adhonia dadi lan sedane.

26. Anadene Imam Abyatar didhawuhi dening Sang Nata mangkene: “Sira menyanga ing tanah Anatot, ing tanah duwekira, awitdene sanadyan sira iku wus sapantese tampa paukuman, nanging ing dina iki ingsun ora bakal mateni sira amarga sira wus ngusung pethine Sang Yehuwah Allah ana ing ngarsane ramaningsun, Sang Prabu Dawud, lan sira wus ndherek nandhang kasrakatan ing sajrone sakehning kasangsarane ramaningsun.”

27. Imam Abyatar banjur kapecat dening Sang Prabu Suleman saka ing kalenggahane anggone dadi imame Sang Yehuwah, satemah katetepan pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake tumrap turune imam Eli ana ing Silo.

28. Bareng pawarta mau kapireng dening Senapati Yoab -- senapati Yoab iku pancen ngeloni Pangeran Adhonia, sanadyan ora ngeloni Pangeran Absalom -- dadine Sang Yoab banjur mlajeng menyang ing tarube Sang Yehuwah lan nyepeng sunguning misbyah.

29. Sang Prabu Suleman nuli kaunjukan uninga, yen Senapati Yoab wus ngungsi menyang ing tarube Pangeran Yehuwah lan wus ana ing sandhinging misbyah. Sang Prabu Suleman nuli dhawuh marang Sang Benaya bin Yoyadha: “Mangkata, patenana wong iku.”

30. Sang Benaya banjur lumebet ing tarube Pangeran Yehuwah lan matur marang Sang Yoab: “Dhawuhipun Sang Prabu: Sira metua.” Ature Sang Yoab: “Boten, sabab kula milaur pejah wonten ing ngriki.” Sang Benaya tumuli ngaturake wangsulan iku marang Sang Prabu, unjuke: “Makaten wicantenipun Yoab lan makaten wangsulanipun dhateng kawula.”

31. Pangandikane Sang Prabu: “Tindakna kaya dene kang diucapake. Patenana wong iku lan banjur kuburen; kalawan mangkono sira ngedohake saka ingsun lan kulawarganingsun kaluputan ing bab getih kang diwutahake dening Yoab tanpa sebab.

32. Dadine Pangeran Yehuwah nempuhake utange getih marang awake dhewe, amarga wong iku wus mateni wong loro kang luwih bener lan luwih becik tinimbang dheweke, yaiku anggone mateni wong loro mau kalawan pedhang ora kanthi kauningan dening ramaningsun Dawud, yaiku Abner bin Ner, senapati Israel lan Amasa bin Yeter, senapatine Yehuda.

33. Mulane getihe wong loro iku bakal tumempuh marang Yoab lan turun-turune ing salawas-lawase, nanging Rama Dawud lan para tedhak-turune lan kulawargane apadene dhampare bakal ginanjar slamet dening Sang Yehuwah nganti ing salawas-lawase.”

34. Sang Benaya bin Yoyadha banjur tindak, Senapati Yoab tinempuh lan kasedanan. Sawuse mangkono banjur kasarekake ing daleme piyambak ana ing pasamunan.

35. Sang Prabu tumuli misudha Sang Benaya bin Yoyadha dadi gegentine Sang Yoab, dadi senapati; tuwin Imam Zadhok kaangkat dening Sang Prabu dadi gegentine Imam Abyatar.

36. Sawuse mangkono Sang Nata nuli dhawuh nimbali Simei sarta dipangandikani mangkene: “Sira ngedegna omah kanggo sira ana ing Yerusalem banjur enggonana sarta sira aja metu saka ing kono arepa menyang ngendi bae.

37. Amarga sumurupa, samangsa sira metu lan nyabrang ing kali Kidron, sira mesthi bakal dipateni lan getihira bakal tumempuh marang sira dhewe.”

38. Simei banjur munjuk marang Sang Prabu: “Inggih sendika, adalem badhe nglampahi dhawuh dalem Sang Prabu punika.” Simei nuli manggon ana ing Yerusalem nganti antara lawas.

39. Nanging sawuse telung taun banjur kelakon ana bature Simei loro kang minggat menyang ing ngarsane Sang Prabu Akhis bin Maakha, ratu ing Gat; Simei nuli kawartanan: “Kauningana, abdi panjenengan kalih wonten ing Gat.”

40. Simei banjur enggal-enggal ngabah-abahi kuldine nuli mangkat menyang ing Gat, ing wewengkone Sang Prabu Akhis, nggoleki bature mau. Sawuse mangkono tumuli mulih kanthi nggawa batur-bature mau saka ing Gat.

41. Bareng Sang Prabu Suleman diunjuki uninga, manawa Simei mentas lunga saka ing Yerusalem menyang Gat lan saiki wus mulih,

42. Sang Prabu banjur utusan nimbali Simei kang tumuli dipangandikani mangkene: “Sira rak wus sundhawuhi sumpah demi Sang Yehuwah lan wus sunparingi pepeling mangkene: Iki sumurupana kang temenan, yaiku samangsa sira metu lan lunga menyanga ngendi bae, sira mesthi bakal kapatenan. Lan sira wus munjuk: Inggih sendika, adalem badhe nglampahi dhawuh dalem.

43. Yagene dene sira kok ora netepi sumpahira demi Sang Yehuwah iku lan uga dhawuh kang sunparingake marang sira?”

44. Sabanjure Sang Prabu ngandika marang Simei mangkene: “Sira dhewe sumurup ing sajrone atinira marang sakehing piala kang sira tandukake marang Sang Prabu Dawud, ramaningsun, mulane Sang Yehuwah wus nempuhake pialanira iku marang sira dhewe.

45. Nanging Sang Prabu Suleman muga kaberkahana lan muga dhampare Sang Prabu Dawud santosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah nganti ing salawas-lawase.”

46. Sang Prabu banjur paring dhawuh marang Benaya bin Yoyadha; Benaya nuli mundur, Simei ditigas nganti mati. Kaya mangkono karajan iku dadi santosa ana ing astane Sang Prabu Suleman.