Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 14 Kitab Sutji (JAV)

Sambungan riwayate Sang Prabu Yerobeam

14:1-20

1. Nalika samana Pangeran Abia, putrane Sang Prabu Yerobeam kecandhak gerah.

2. Sang Prabu Yerobeam banjur ngandika marang kang garwa: “Tata-tataa, nyamura laku cikben ora kasumurupan ing wong, manawa kowe iku garwane Prabu Yerobeam sarta mangkata menyang Silo. Nabi Ahia rak ana ing kana! Iku kang wus meca bab aku, manawa aku bakal jumeneng dadi ratune bangsa iki.

3. Kowe nggawaa roti sepuluh, kuwih kismis lan madu saguci, banjur menyanga ing daleme. Panjenengane bakal paring sumurup marang kowe, kapriye bakal kadadeane bocah iki.”

4. Garwane Sang Prabu Yerobeam iya tumuli nindakake mangkono. Sawuse tata-tata nuli tindak menyang ing Silo sarta banjur lumebet ing daleme Nabi Ahia. Nabi Ahia wus ora bisa mirsani maneh, amarga paningale wus tidha-tidha jalaran wus sepuh.

5. Nanging Yehuwah wus ngandika marang Nabi Ahia: “Lah bojone Yerobeam teka arep takon marang sira bab anake kang lagi lara. Sira kandhaa mangkene-mangkene.”Nalika putri mau lumebet, rewa-rewa wong liya.

6. Nanging bareng Nabi Ahia mireng swarane lampahe putri mau nalika lumebet ing lawang, enggal banjur diacarani: “Sumangga kula aturi lumebet, dhuh garwanipun Sang Prabu Yerobeam! Punapa sababipun dene panjenengan dalem kok ndadak nyamur lampah? Kawula kadhawuhan ngaturaken piweling ingkang awrat dhumateng panjenengan dalem.

7. Sumangga kawula aturi tindak, kawula aturi matur dhumateng Sang Prabu Yerobeam: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Ingsun wus njunjung sira saka ing satengahe bangsa iki lan njumenengake sira dadi ratuning umatingSun Israel;

8. Ingsun wus mecah karajane tedhake Dawud sarta Sunparingake marang sira, nanging sira ora kaya abdiningSun Dawud kang tetep nglakoni sakehing dhawuhingSun tuwin manut miturut marang Ingsun kalawan gumolonging atine sarta mung tansah nindakake apa kang bener tumrap paningalingSun.

9. Sarehne sira wus nglakoni panggawe ala ngluwihi sakehe wong sadurunge sira tuwin wus gawe allah liyane lan reca-reca cithakan, temah sira gawe gerahe panggalihingSun, malah sira wus ngungkurake Ingsun,

10. mulane Ingsun bakal ndhatengake bilai marang turune Yerobeam. Ingsun bakal nyirnakake saben wong lanang saka turune Yerobeam, kang dhuwur lan kang endhek pangkate ana ing Israel. Ingsun bakal nyaponi turune Yerobeam kaya patrape wong nyaponi sesuker nganti resik.

11. Panunggalane turune Yerobeam kang mati ana ing kutha bakal kamangsa dening asu, dene kang mati ana ing ara-ara bakal kapangan dening manuk ing awang-awang. Awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.

12. Nanging panjenengan dalem, sumangga kawula aturi jumeneng saha lajeng kondur. Manawi panjenengan dalem mangke wiwit tumapak ing salebeting kitha, putra punika badhe seda.

13. Tiyang Israel sadaya sami badhe nangisi, saha lajeng badhe nyarekaken, awit dene tedhakipun Sang Prabu Yerobeam inggih namung panjenenganipun ingkang badhe lumebet ing pasarean, awit ing antawising turunipun Sang Prabu Yerobeam inggih namung panjenenganipun punika ingkang kadunungan prakawis ingkang sae wonten ing paningalipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel.

14. Saha Pangeran Yehuwah badhe njumenengaken ratu ing Israel ingkang badhe nyirnakaken turunipun Sang Prabu Yerobeam -- kadosdene lelampahan sapunika ingkang nyata punika.

15. Sasampunipun makaten Sang Yehuwah lajeng badhe ngrangket tiyang Israel, ngantos sempoyongan kados glagah wonten ing toya, saha badhe kabedhol saking ing siti ingkang sae, ingkang sampun kaparingaken dhateng leluhuripun punika, lajeng badhe kasebar wonten ing sabrangipun benawi Efrat, amargi sampun sami damel saka-saka brahala sarta amargi saking makaten lajeng damel gerahing panggalihipun Pangeran Yehuwah.

16. Panjenenganipun badhe ngeculaken tiyang Israel margi saking dosa-dosa ingkang sampun dipun lampahi dening Sang Prabu Yerobeam saha ingkang njalari tiyang Israel inggih lajeng damel dosa.”

17. Sawuse mangkono garwane Sang Prabu Yerobeam banjur jumeneng lan tindak sarta rawuh ing Tirza. Nalika lagi jumangkah lumebet ing korining kadhaton, sang timur seda

18. lan banjur disarekake; wong Israel padha nangisi kabeh, cocog karo pangandikane Pangeran Yehuwah kang kalairake lumantar Nabi Ahia abdine.

19. Mungguh kekarene riwayate Sang Prabu Yerobeam, anggone andon perang lan anggone ngasta paprentahan, lah iku kabeh wus tinulis ing layang sejarahe para ratu ing Israel.

20. Anadene anggone Sang Prabu Yerobeam ngasta paprentahan lawase rolikur taun, nuli mapan ngaso nunggil karo para leluhure sarta kang putra banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

Sambungane riwayate Sang Prabu Rehabeam

14:21-31

21. Anadene Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman, iku kang ngasta paprentahan ing Yehuda. Nalika jumeneng ratu iku Sang Prabu Rehabeam yuswane patang puluh siji taun sarta pitulas taun anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem, kutha kang kapilih dening Pangeran Yehuwah saka ing antarane taler Israel kabeh kagem nglestarekake asmane ana ing kono. Dene kang ibu asmane Naama, putri bangsa Amon.

22. Nanging wong Yehuda padha nglakoni apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah tuwin padha gawe bentering panggalihe marga dosa kang dilakoni iku ngungkuli kabeh kang ditindakake dening para leluhure.

23. Awit iya padha ngedegake papan-papan pangurbanan lan tugu-tugu brahala tuwin saka-saka brahala ana ing saben tengger kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit kang ngrembuyung.

24. Malah ing nagara kono uga ana pelacuran kanggo ngibadah. Wong-wong padha nglakoni sakehing panggawe nistha kang ditindakake dening para bangsa kang wus katundhung dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

25. Nanging ing taun kang kalima jamane Sang Prabu Rehabeam, Sang Prabu Sisak, ratu ing nagara Mesir, rawuh lan nempuh Yerusalem.

26. Barang-barang praboting padalemane Sang Yehuwah lan barang-barang ing kraton padha dijarah-rayah; kabeh padha dirampas. Uga sakehe tameng emas yasane Sang Prabu Suleman.

27. Minangka gantine Sang Prabu Rehabeam yasa tameng-tameng tembaga, kang banjur kapasrahake marang para panggedhe prajurit kang jaga ana ing lawanging kraton.

28. Saben Sang Prabu lumebet ing padalemaning Pangeran Yehuwah, para prajurit mau kang ngampil lumebu tameng-tameng iku sarta iya prajurit-prajurit iku kang nggawa bali menyang ing kamar pajagane.

29. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Rehabeam lan kabeh kang katindakake, iku rak wus padha katulisan kabeh ana ing layang sejarahe para raja ing Yehuda.

30. Sarta tanpa ana pedhote anggone Sang Prabu Rehabeam perang kalawan Sang Prabu Yerobeam.

31. Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam banjur mapan ngaso nunggil karo para leluhure sarta disarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Dene asmane kang ibu Naama, putri bangsa Amon. Kang putra, Pangeran Abiam, banjur nggentosi jumeneng ratu.