Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 1 Kitab Sutji (JAV)

Bab nalika Sang Prabu Dawud wus sepuh lan sapa kang nggentosi jumeneng ratu

1:1-27

1. Kacarita Sang Prabu Dawud wus sepuh, wus akeh yuswane lan sanadyan disingebi, ewadene sarirane tetep kraos asrep.

2. Para abdine tumuli padha munjuk marang panjenengane: “Prayoginipun gusti kawula kaupadosaken lare estri legan ingkang ngladosi tuwin rumeksa dhumateng Sang Prabu lajeng dados anget.”

3. Mulane banjur padha ngupaya bocah wadon kang ayu ana ing satlatahe Israel kabeh, wasana kang katemu Abisag, prawan ing Sunem; iku nuli disowanake ing ngarsane Sang Prabu.

4. Prawan iku luwih dening ayu sarta banjur rumeksa lan ngaladosi Sang Prabu, nanging ora disareni dening panjenengane.

5. Kacarita Sang Pangeran Adhonia, putrane Sang Putri Hagit, marga saka kaduk-wanine banjur ngandika: “Aku arep jumeneng ratu.” Nuli nganakake titihan kreta lan bala jaranan apadene wong seket kang padha lumayu njajari ana ing ngarsane.

6. Ing sajege sugenge Sang Adhonia iku durung tau didukani dening kang rama, kalawan dipangandikani: “Yagene kowe kok tumindak mangkono?” Sang Pangeran iku bagus warnane tur putra panenggak, yaiku sawuse Sang Pangeran Absalom.

7. Panjenengane nuli pirembagan karo Sang Yoab bin Zeruya lan karo Imam Abyatar, iku banjur padha ngeloni lan mbiyantu Pangeran Adhonia.

8. Nanging imam Zadhok lan Benaya bin Yoyadha sarta Nabi Natan lan Simei tuwin Rei apadene para prawira abdine Sang Prabu Dawud ora padha ngguyubi Pangeran Adhonia.

9. Sawuse mangkono Pangeran Adhonia banjur ngunjukake wedhus gembel, sapi lan kewan lemon minangka kurban ana ing sacedhake watu Zohelet kang kaprenah ing sandhinge En-Rogel, nuli ngulemi sakehing sadhereke, para putrane Sang Prabu lan sakehing wong Yehuda, punggawane Sang Prabu,

10. nanging nabi Natan lan Benaya sarta para prawira lan Pangeran Suleman, rayine ora diulemi.

11. Nabi Natan tumuli munjuk marang Sang Putri Batsyeba, ibune Pangeran Suleman: “Punapa panjenengan dalem boten midhanget, bilih Pangeran Adhonia, putranipun Sang Putri Hagit sampun jumeneng ratu, mangka gusti kula Sang Prabu Dawud boten mirsa?

12. Awit saking punika keparenga kawula ngaturi pamrayogi, supados panjenengan dalem saged milujengaken nyawa panjenengan dalem saha nyawanipun putra dalem Sang Pangeran Suleman.

13. Panjenengan dalem kawula aturi marek ing ngarsanipun Sang Prabu Dawud saha kawula aturi munjuk dhateng panjenenganipun makaten: Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, panjenengan dalem rak sampun ngandika dhateng adalem kalayan supaos: Putramu Suleman kang bakal jumeneng dadi ratu ing sapungkurku lan dheweke kang bakal nglinggihi dhamparku? Kadospundi dene sapunika Adhonia kok dados ratu?

14. Salajengipun salebetipun panjenengan dalem munjuk wonten ing ngarsanipun Sang Prabu, kawula ugi lajeng badhe sowan mlebet saha mbiyantu anggen panjenengan dalem munjuk punika.”

15. Mulane Sang Putri Batsyeba nuli lumebet marak marang ing ngarsane Sang Prabu ana ing jero kamar. Nalika iku Sang Prabu wus sepuh banget lan Abisag, prawan saka ing Sunem, kang ngladosi panjenengane.

16. Sang Putri Batsyeba tumuli sumungkem sujud lan nyembah ana ing ngarsane Sang Prabu. Sang Prabu ndangu: “Apa kang kokkarepake?”

17. Sang Putri banjur munjuk marang Sang Prabu: “Gusti kawula sampun supaos piyambak demi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah paduka, dhumateng kawula: Putramu Suleman bakal jumeneng ratu ing sapungkurku lan dheweke bakal lungguh ing dhamparku.

18. Nanging sapunika, lah Adhonia sampun dados ratu, mangka gusti kawula Sang Prabu piyambak boten nguningani.

19. Adhonia sampun mragat lembu kathah, kewan leman saha menda gembel, sarta sampun ngulemi sadaya putra dalem tuwin Imam Abyatar saha Senapati Yoab, nanging abdi dalem Suleman boten dipun ulemi.

20. Nanging sadaya tiyang Israel, dhuh gusti kawula Sang Prabu, sami mandeng dhateng paduka, supados panjenengan dalem paring sumerep, sinten ingkang badhe nglenggahi dhampar paduka, sapengker paduka.

21. Manawi boten makaten, benjing manawi gusti kawula Sang Prabu sampun kaparengaken ngaso sesarengan kaliyan leluhur dalem, adalem tuwin anakipun dalem Suleman tamtu lajeng badhe kadakwa lepat.”

22. Ing sajrone Sang Putri Batsyeba munjuk ana ing ngarsane Sang Prabu iku, Nabi Natan lumebet sowan.

23. Sang Prabu diunjuki uninga: “Punika Nabi Natan sowan.” Bareng wus lumebet lan ana ing ngarsane Sang Prabu, Nabi Natan nyembah sarta sumungkem, wedanane nganti konjem ing bumi,

24. nuli munjuk: “Dhuh gusti kawula Sang Prabu kados-kados Sang Prabu piyambak ingkang sampun ngandika: Sapungkurku Adhonia bakal dadi ratu lan nglungguhi dhamparku!

25. Amargi ing dinten punika sampun mragat lembu kathah, kewan leman saha menda gembel, para putra dalem sadaya, para senapati saha Imam Abyatar sami kauleman, lah sapunika saweg sami nedha lan ngombe wonten ing ngarsanipun kalayan alok-alok: Sugenga Sang Prabu Adhonia!

26. Nanging abdi dalem kawula, Imam Zadhok lan Benaya bin Yoyadha saha abdi dalem Pangeran Suleman boten sami kauleman.

27. Manawi bab punika kalampahanipun margi sampun kakersakaken dening Sang Prabu, panjenengan dalem kok boten paring sumerep dhateng para abdi dalem punika, sinten ingkang badhe nglenggahi dhamparipun gusti kawula Sang Prabu, sapengkeripun gusti kawula.”

Sang Pangeran Suleman jinebadan dadi ratu

1:28-53

28. Sang Prabu Dawud banjur paring wangsulan, pangandikane: “Batsyeba timbalana.” Sang Putri tumuli lumebet marak lan jumeneng ana ing ngarsaning Sang Prabu.

29. Sang Nata nuli supaos pangandikane: “Demi Pangeran Yehuwah kang gesang, kang wus ngluwari nyawaku saka ing sakehing karubedan,

30. ing dina iki aku bakal nindakake apa kang wus dakjanjekake marang kowe demi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kalawan sumpah mangkene: Putramu Suleman bakal dadi ratu sawuse aku, sarta iya dheweke kang bakal nglungguhi dhamparku, nggenteni aku.”

31. Sang Putri Batsyeba banjur jengkeng kalawan sumungkem wedanane nganti konjem ing bumi, tuwin sujud nyembah marang Sang Prabu sarta munjuk: “Gusti kawula Sang Prabu Dawud mugi sugenga ing salaminipun!”

32. Sang Prabu Dawud ngandika maneh: “Timbalana Imam Zadhok, Nabi Natan tuwin Benaya bin Yoyadha.” Iku padha lumebu sowan ing ngarsane Sang Prabu,

33. nuli padha dipangandikani mangkene: “Para abdine gustimu padha gawanen, putraku Suleman tunggangna ing bihal titihanku dhewe, banjur gawanen menyang ing Gihon.

34. Imam Zadhok lan Nabi Natan nuli njebadana dheweke ana ing kana, kadadekna ratu ing Israel; sawuse mangkono, kowe padha ngunekna kalasangka kalawan padha alok-aloka: Sugenga Sang Prabu Suleman!

35. Yen wus mangkono, nuli padha balia kalawan ngiringake dheweke; dheweke banjur lumebua sarta lungguha ing dhamparku, amarga dheweke iku kang kudu lungguh ing dhampar nggenteni aku sarta iya dheweke kang daktuding supaya dadi ratu ing Israel lan Yehuda.”

36. Senapati Benaya bin Yoyadha tumuli munjuk marang Sang Prabu: “Amin! Inggih makatena dhawuhipun Sang Yehuwah Allahipun gusti kawula Sang Prabu.

37. Kadosdene anggenipun Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan gusti kawula Sang Prabu, makaten ugi Panjenenganipun inggih nunggila kaliyan Sang Prabu Suleman; mugi Panjenenganipun karsaa damel dhamparipun Sang Prabu Suleman langkung ageng tinimbang dhamparipun Sang Prabu Dawud.”

38. Nuli padha budhalan, yaiku Imam Zadhok, Nabi Natan lan Senapati Benaya bin Yoyadha, kalawan kadherekake dening bala Kreti lan Pleti. Sang Pangeran katitihake ing bihal titihane Sang Prabu Dawud lan kairingake menyang ing Gihon.

39. Imam Zadhok wus ngasta sungu isi lenga saka ing tarub, Sang Pangeran Suleman banjur jinebadan. Sawuse mangkono kalasangka nuli kaunekake sarta rakyat padha alok-alok: “Sugenga Sang Prabu Suleman!”

40. Sang Prabu Suleman tumuli kairingake dening rakyat kabeh, kambi padha ngunekake suling kalawan padha suka pari suka rame, swarane nganti kaya mbelah-mbelahna bumi.

41. Anadene bab iku keprungu dening Sang Pangeran Adhonia lan sakehe para uleman kang padha ndherek, nalika lagi bae rampung anggone padha dhaharan. Bareng Senapati Yoab mireng unining kalasangka, banjur ngunandika: “Ana apa ta dene kutha kok rame temen?”

42. Nalika lagi ngunandika iku, Yonatan putrane Imam Abyatar teka. Sang Pangeran Adhonia nuli ngandika: “Lumebua, sabab kowe iku satriya lan mesthi nggawa kabar becik.”

43. Nanging Yonatan matur marang Pangeran Adhonia: “Boten! Gusti kita Sang Prabu Dawud sampun njumenengaken Pangeran Suleman dados ratu.

44. Sang Prabu sampun dhawuh, supados Imam Zadhok, Nabi Natan saha Senapati Benaya bin Yoyadha, tuwin wadya-bala Kreti lan Pleti sami ngiringna Pangeran Suleman, katitihna ing bihalipun Sang Prabu.

45. Imam Zadhok saha Nabi Natan sami njebadi Sang Pangeran wonten ing Gihon kajumenengaken ratu; saking ngrika lajeng sampun sami wangsul kaliyan bingah-bingah, satemah kitha lajeng rame sanget. Punika swara ingkang kapireng punika wau.

46. Sang Prabu Suleman sapunika lenggah ing dhampar keprabon;

47. para punggawanipun Sang Prabu ugi sampun sami sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Dawud sami ngaturaken sugeng, kalayan munjuk: Mugi Gusti Allahipun gusti kawula karsaa damel misuwuring asmanipun Sang Prabu Suleman nglangkungi asma dalem saha dhamparipun mugi nglangkungi agungipun dhampar dalem. Salajengipun Sang Prabu inggih sampun sumungkem sujud wonten ing pasareanipun sarta ngandika makaten:

48. Pinujia asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang ing dina iki wus paring wong kang lungguh ing dhamparku, mangka aku dhewe isih diparengake nyumurupi.”

49. Ing kono sakehe ulemane Pangeran Adhonia padha kaget, banjur padha ngadeg lan lunga sowang-sowangan.

50. Kacarita Pangeran Adhonia ajrih marang Sang Prabu Suleman, mulane banjur enggal-enggal tindak lan nyepeng sungu-sunguning misbyah.

51. Sang Prabu Suleman nuli diunjuki uninga bab iku: “Nyatanipun Pangeran Adhonia ajrih dhateng Sang Prabu Suleman saha lajeng nyepeng singat-singating misbyah kaliyan ngandika: Sang Prabu Suleman cikben supaos dhisik ing bab aku, yen ora bakal mateni abdine iki kalawan pedhang.”

52. Sang Prabu Suleman tumuli ngandika: “Manawa tumindake ngetrepi kasatriyane, rambute saeler bae ora bakal ana kang runtuh ing bumi, nanging manawa kabukten nduwe kekarepan ala, mesthi dipateni.”

53. Sang Prabu Suleman banjur utusan methuk marang ing misbyah. Bareng Sang Pangeran sowan tumuli sujud lan nyembah ana ing ngarsane Sang Prabu Suleman; Sang Prabu nuli ngandika marang panjenengane: “Wis muliha.”