Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 3 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Suleman ndedonga nyuwun kawicaksanan

3:1-15

1. Sang Prabu Suleman banjur kapundhut mantu dening Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, marga panjenengane mundhut garwa putrane putri Sang Prabu Pringon, iku nuli kaboyong menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud, nganti rampunge anggone panjenengane yasa kedhatone lan padalemane Sang Yehuwah sarta balowarti ing sakubenge Yerusalem.

2. Mung bae bangsa iku anggone nyaosake kurban isih ana ing tetengger pangurbanan, amarga nganti ing wektu iku asmane Sang Yehuwah durung diyasakake padaleman.

3. Lan Sang Prabu Suleman ngatingalake sih-sutresnane marang Sang Yehuwah kalawan netepi pranatan-pranatane Sang Prabu Dawud, kang ramane; mung bae panjenengane isih caos kurban sembelehan lan kekutug ana ing tetengger pangurbanan.

4. Ing sawijining dina Sang Prabu tindak menyang Gibeon, prelu caos kurban, sabab iku tetengger pangurbanan kang gedhe dhewe; sewu kurban obaran kang dicaosake Sang Prabu Suleman ana ing misbyah kono.

5. Ana ing Gibeon iku Sang Yehuwah ngatingal marang Sang Prabu Suleman ing sajroning supena ing wayah bengi. Gusti Allah ngandika: “Nyuwuna apa kang bakal Sunparingake marang sira.”

6. Sang Prabu Suleman banjur munjuk: “Paduka ingkang sampun ngatingalaken sih-kadarman ingkang ageng dhumateng abdi Paduka Rama Dawud, rama kawula, amargi sugengipun wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya, leres lan jujur dhumateng Paduka; sarta Paduka sampun nglestantunaken sih-kadarman ingkang ageng punika dhumateng rama, Paduka paringi anak ingkang linggih ing dhamparipun kados ingkang kalampahan ing dinten punika.

7. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, Paduka ingkang njumenengaken abdi Paduka punika dados ratu nggentosi Rama Dawud, rama kawula, sanadyan kawula taksih anem sanget lan dereng gadhah pengalaman.

8. Inggih kados makaten punika abdi Paduka wonten ing satengahing umat Paduka ingkang Paduka pilih, satunggaling umat ingkang ageng, ingkang cacahipun boten kenging kaetang sarta boten kenging kakinten-kinten.

9. Milanipun Paduka mugi karsaa maringi dhumateng abdi Paduka manah ingkang saged nenimbang prakawis supados saged ngakimi umat Paduka kalayan saged mbedakaken punapa ingkang sae lan ingkang awon, awit sinten ta ingkang sagah ngakimi umat Paduka ingkang ageng sanget punika?”

10. Panyuwune Sang Prabu Suleman kang kaya mangkono iku tinemu becik ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

11. Mulane Gusti Allah nuli ngandika marang panjenengane: “Ing sarehne iku kang dadi panyuwunira lan ora nyuwun umur dawa utawa kasugihan apa nyawaning mungsuhira, nanging kalimpadan aweh putusan ing sajroning pangadilan,

12. mulane lah Ingsun bakal nindakake kang laras karo panyuwunira iku, lah Ingsun maringi marang sira ati kang kebak kawicaksanan lan kalimpadan, nganti sadurunge sira ora ana wong siji-sijia kang kaya sira, lan sawuse sira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira.

13. Sarta kang ora sira suwun iya Sunparingake, yaiku kasugihan lan kaluhuran, satemah sajege uripira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira ing antarane para raja.

14. Lan manawa lakunira metu ing dalan kang Suntedahake lan lestari manut sakehing katetepan lan parentahingSun, padha kaya ramanira Dawud, Ingsun bakal paring tambahing umurira.”

15. Sang Prabu Suleman banjur wungu; jebul panjenengane supena. Sakondure menyang ing Yerusalem, panjenengane nuli jumeneng ana ing ngarepe pethi prajanjianing Yehuwah lan ngaturake kurban-kurban obaran lan kurban-kurban kaslametan. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur nganakake bujana kalawan para punggawa.

Kawicaksanane Sang Prabu Suleman nalika paring putusan

3:16-28

16. Ing nalika samana ana wanita tuna susila loro kang marak marang ing ngarsane Sang Prabu lan banjur ngadeg ana ing ngarsane.

17. Unjuke wong wadon kang siji: “Dhuh Gusti kawula! Kawula kaliyan tiyang estri punika manggen tunggil sagriya, lan kawula nglairaken jabang bayi nalika tiyang punika wonten ing griya.

18. Sasampunipun makaten, ing dintenipun ingkang kaping tiga sasampunipun kawula, tiyang estri punika ugi nglairaken jabang bayi; kawula namung tiyang kalih punika, boten wonten tiyang sanesipun ingkang manggen sesarengan kaliyan kawula, namung kawula kekalih ingkang wonten ing griya.

19. Ing wanci dalu anakipun tiyang estri punika pejah, margi katindhihan ing piyambakipun.

20. Sareng tengah dalu piyambakipun tangi lajeng mendhet anak kawula saking ing sandhing kawula; nalika abdi dalem kawula tilem, anak kawula dipun tilemaken ing pangkonipun, dene anakipun ingkang pejah dipun tilemaken ing sandhing kawula.

21. Sareng enjing kawula tangi badhe nesepi anak kawula, bayi punika sampun tilar, nanging sareng kawula tamataken ing wanci enjing punika, katingal bilih punika sanes bayi ingkang kawula lairaken.”

22. Wong wadon sijine celathu: “Ora! Anakku kang urip, lan anakmu kang mati.” Nanging wong wadon kang kapisan celathu maneh: “Dudu! Anakmu kang mati, lan anakku kang urip.” Kaya mangkono anggone padha padu ana ing ngarsane Sang Prabu.

23. Sang Prabu banjur ngandika: “Kang siji kandha: Anakku kang urip iki lan anakmu kang mati. Sijine celathu: Dudu! Anakmu kang mati dene anakku kang urip.”

24. Sawuse mangkono Sang Prabu dhawuh: “Ingsun pundhutna pedhang!” Banjur kacaosan pedhang.

25. Sang Prabu dhawuh: “Bayi kang urip iku pedhangen dadi loro lan separo sira wenehna marang kang siji, separone marang sijine.”

26. Wong wadon kang anake urip mau, marga saka welase marang anake, banjur munjuk marang Sang Prabu: “Dhuh, gusti kawula! Bayi ingkang gesang punika kaparingna kemawon dhateng piyambakipun, sampun ngantos paduka pejahi.” Nanging sijine celathu: “Supaya ora dadi duwekmu utawa duwekku, sumangga kasigara!”

27. Nanging Sang Prabu mangsuli, pangandikane: “Bayi kang urip iku sira wenehna marang wong wadon kae, aja pisan-pisan sira pateni. Wong wadon kae biyunge.”

28. Bareng wong Israel kabeh krungu putusaning pangadilan kang diparingake dening Sang Prabu, kabeh banjur padha wedi marang Sang Prabu, amarga padha sumurup, manawa panjenengane kadunungan kawicaksananing Allah kagem nindakake pangadilan.