Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 19 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Elia minggah ing gunung Horeb

19:1-8

1. Bareng Sang Prabu Akhab paring sumurup marang Sang Prameswari Izebel bab apa kang katindakake dening Nabi Elia lan bab anggone Nabi Elia mejahi sakehing nabi kalawan pedhang,

2. Sang Prameswari Izebel banjur utusan wong nglantarake pangandikane marang Nabi Elia mangkene: “Aku muga diganjara paukuman mangkene dening para allah, malah ngluwihana iku, manawa sesuk kira-kira wayah mangkene iki nyawamu ora dakgawe padha kaya nyawane sawiji-wijine wong iku.”

3. Nabi Elia temah ajrih sarta banjur tindak ngungsi gesang; bareng rawuh ing Bersyeba, kang klebu wewengkon Yehuda, abdine ditilar ana kono.

4. Dene panjenengane piyambak lumebet ing pasamunan dohe nganti lakon sedina, nuli lenggah ing sangisoring wit rotem. Panjenengane banjur kepengin seda, unjuke: “Sampun samanten kemawon! Sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula, sabab kawula punika boten langkung sae katimbang para leluhur kawula.”

5. Sawuse mangkono panjenengane nuli leyeh-leyeh lan sare ana ing ngisor wit rotem mau. Nanging dumadakan ana malaekat kang njawil panjenengane kalawan ngandika: “Tangia, mangana!”

6. Bareng mirsani ing sakubenge, ing ulon-ulone ana roti panggang lan kendhi isi banyu. Banjur dhahar lan ngunjuk, tumuli sarean maneh.

7. Nanging malaekate Yehuwah rawuh maneh kang kaping pindhone tuwin njawil panjenengane kalawan ngandika: “Tangia, mangana! Sabab manawa ora, lakunira mengko bakal kadohen tumrap sira.”

8. Mulane panjenengane nuli wungu tuwin dhahar lan ngunjuk, sarta marga saka dayaning dhaharan mau panjenengane banjur bisa tindak nganti patang puluh dina patang puluh bengi suwene, nganti tekan ing gununging Allah, yaiku gunung Horeb.

Gusti Allah ngatingal ana ing gunung Horeb

19:9-18

9. Bareng ana ing kono panjenengane banjur lumebet ing guwa lan nyare ana ing kono. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang panjenengane mangkene: “Ana apa sira ana ing kene iki, Elia?”

10. Atur wangsulane: “Sanget-sanget anggen kawula ngudi tumindak ing damel kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun sadaya ingkang tumitah, amargi tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka, sami mbibrahi misbyah-misbyah Paduka saha sami mejahi nabi-nabi Paduka kalawan pedhang; namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih sami kepengin njabut nyawa kawula.”

11. Pangeran banjur ngandika: “Sira metua lan ngadega ana ing dhuwur gunung iki ana ing ngarsaning Sang Yehuwah!”Ing kono Pangeran Yehuwah nuli tindak langkung! Angin gedhe lan banter, kang mbengkahake gunung-gunung lan nggempalake parang-parang ndhisiki tindake Sang Yehuwah. Nanging Pangeran Yehuwah ora ana ing sajroning angin iku. Lan sawuse angin mau banjur ana lindhu. Nanging Sang Yehuwah ora ana ing sajroning lindhu iku.

12. Sawuse lindhu nuli ana geni kang teka, nanging Pangeran Yehuwah ora ana ing sajroning geni kono. Sawuse geni iku tumuli ana swaraning angin kang midid.

13. Bareng Nabi Elia mireng iku, pasuryane banjur ditutupi kalawan ageme jubah sarta nuli miyos lan jumeneng ana ing lawanganing guwa. Banjur mireng swara kang ngandika marang panjenengane: “Ana apa sira ana ing kene iki, Elia?”

14. Atur wangsulane: “Kawula tumindak ing damel kalayan sagiyat-giyatipun kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, awit tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka saha mejahi para nabi Paduka kalayan pedhang, nanging kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih kepengin njabut nyawa kawula.”

15. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang panjenengane: “Sira mangkata, metua ing dalanira, kang wus sira liwati ngliwati pasamunan menyanga ing Damsyik, lan sawuse sira tekan ing kana, Hazael sira jebatana dadi ratu ing Aram.

16. Uga Yehu putune Nimsi, sira jebatana dadi ratu ing Israel, sarta Elisa anake Safat, saka ing Abel-Mehola, sira jebatana dadi Nabi, cikben nggenteni sira.

17. Nuli sing sapa oncat saka pedhange Hazael bakal dipateni dening Yehu; lan singa sapa oncat saka pedhange Yehu, bakal dipateni dening Elisa.

18. Nanging Ingsun bakal ngarekake wong pitung ewu ana ing Israel, yaiku sakehe wong kang ora sujud nyembah marang Baal lan kang cangkeme ora nucup marang Baal iku.”

Nabi Elisa katimbalan

19:19-21

19. Sawuse Nabi Elia tindak saka ing kono, banjur ketemu karo Elisa anake Safat, kang lagi mluku kalawan sapi rolas rakit, Elisa dhewe nglakokake kang karolas. Nalika Nabi Elia tindak ana ing sacedhake nuli nguncalake ageme jubah marang dheweke.

20. Elisa banjur ninggal sapine lan mlayu nututi Nabi Elia, kalawan matur: “Keparenga kula badhe ujung dhateng bapak saha ibu kula rumiyin, mangke lajeng badhe ndherek panjenengan.” Paring wangsulane: “Iya becik, muliha dhisik, nanging elinga marang apa kang wus daktindakake marang kowe.”

21. Elisa nuli bali saka ing ngarsane Nabi Elia, banjur njupuk sapi rakitane mau, kasembeleh lan daginge kaolah nganggo kayu abah-abahane sapi mau; daging iku tumuli kaedum-edum marang para wonge, sawuse mangkono nuli padha mangan. Salebare mangan Elisa tata-tata sarta banjur ndherek Nabi Elia dadi abdine.