Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 14 Kitab Sutji (JAV)

Aja njeksani sadulurmu

14:1-12

1. Wong kang ringkih pracayane iku tampanana, lan aja ngrembug panemune.

2. Ana wong kang yakin, yen kena mangan sawernaning pangan, nanging wong kang ringkih pracayane mung mangan jejanganan bae.

3. Sapa kang mangan, aja ngremehake kang ora mangan, sarta sapa kang ora mangan aja njeksani wong kang mangan, awit iku wus katampen dening Allah.

4. Kowe iku sapa ta, dene kok njeksani baturing liyan? Wong iku ngadeg apa tiba, iku rak urusane lurahe dhewe. Nanging wong iku bakal tetep ngadeg, marga Pangeran kuwaos njaga supaya terus ngadeg.

5. Sabab ana wong kang duwe panganggep, yen ana dina kang luwih wigati katimbang dina-dina liyane, nanging ana maneh kang ngarani yen kabeh dina iku padha bae. Saben wong iku nemtokna ana ing atine dhewe.

6. Sing sapa ngajeni marang sawijining dina, iku anggone ngajeni kagem Gusti. Lan sing sapa mangan, iku pamangane cumadhang ing Gusti, marga wong iku saos sokur marang Gusti Allah. Lan sing sapa ora mangan, anggone ora mangan iku iya cumadhang ing Gusti, lan uga saos sokur marang Gusti Allah.

7. Awit kita iki siji bae ora ana kang uripe kanggo awake dhewe, sarta sijia bae ora ana kang patine kanggo awake dhewe.

8. Marga manawa kita urip, urip kita cumadhang marang Gusti, lan manawa kita mati, mati kita iya cumadhang marang Gusti. Dadi urip utawa mati, kita iki kagungane Gusti.

9. Sabab, iya iku kang dikarsakake anggone Sang Kristus seda sarta wungu maneh, supaya Panjenengane jumenenga Gustine wong mati lan wong urip.

10. Ananging kowe, yagene kok njeksani sadulurmu? Utawa yagene kowe kok ngremehake sadulurmu? Awit kita kabeh kudu padha seba ing ngarsaning dhampar pangadilane Gusti Allah.

11. Awit ana tulisan, wiraose:“Demi gesangingSun, mangkono pangandikaning Pangeran,kabeh dhengkul bakal padha sujud ana ing ngarsaningSun,sarta sakehe ilat bakal ngluhurake Gusti Allah.”

12. Dadine siji-sijine panunggalan kita iku bakal ngunjukake panjawab marang Gusti Allah bab prakarane dhewe-dhewe.

Aja gawe sandhungan

14:13-23

13. Mulane kita aja padha adil-ingadilan maneh! Nanging luwih becik kowe padha manuta wawasan iki: Kita aja gawe sesandhungan utawa serike sadulur kita.

14. Aku sumurup lan nemtokake ana ing Gusti Yesus, yen ora ana barang kang najis saka dhasare dhewe. Ya mung kanggo wong kang duwe panganggep, manawa ana barang kang najis, iku banjur dadi najis tumrap wong mau.

15. Awit yen kowe nglarakake atine sadulurmu marga saka apa kang kokpangan, lakumu wus ora awewaton katresnan maneh. Kowe aja gawe rusake sadulurmu marga saka panganmu, sabab Sang Kristus wus seda kanggo wong iku.

16. Apa kang becik, kang dadi duwekmu iku, aja nganti dadi jalaraning pangala-ala.

17. Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu sarta suka-pirena marga dening Sang Roh Suci.

18. Awit sapa kang ngladeni Sang Kristus kanthi patrap mangkono, iku dadi keparenge Gusti Allah sarta kajen ing wong.

19. Mulane payo kita padha nggayuh marang apa kang ndadekake rukun sarta bangun-binangun.

20. Kowe aja mbubrah pakaryane Gusti Allah marga dening pangan! Samubarang kabeh iku kalal, nanging ala tumraping wong, yen pangane njalari wong liya kesandhung.

21. Becike kowe aja mangan daging sarta aja ngombe anggur, utawa apa bae kang dadi sandhungan tumrap sadulurmu.

22. Antepana kang dadi keyakinanmu iku tumrap awakmu dhewe ana ing ngarsane Gusti Allah. Rahayu wong kang ora ngluputake awake dhewe tumrap apa kang dianggep becik katindakake.

23. Nanging sing sapa mangan kanthi mangu-mangu, iku ateges wis kaukum, awit anggone nindakake iku ora dilambari pracaya. Mangka samubarang kang ora kalambaran pracaya iku dosa.