Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 6 Kitab Sutji (JAV)

Mati lan tangi kalawan Sang Kristus

6:1-14

1. Yen mangkono, apa ta sing bakal kita gunem? Apa kita kepareng padha ndlarung ing sajroning dosa, supaya wuwuha gedhene sih-rahmat?

2. Babar pisan ora! Kita rak wis mati tumraping dosa, kapriye anggon kita isih padha bisa urip ing sajroning dosa mau?

3. Apa kowe padha ora sumurup, yen kita kang wus padha kabaptis ana ing Sang Kristus, iku ateges wus padha kabaptis ana ing sedane?

4. Dadi kita wus padha ndherek kakubur kalawan Panjenengane, sarana baptis ing pati mau, supaya padha kayadene Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati dening kamulyaning Sang Rama, mangkono uga kita bakal urip ana ing sajroning urip kang anyar.

5. Sabab yen kita wus padha nunggal kalawan apa kang padha karo sedane, kita iya bakal padha nunggal kalawan apa kang padha karo wungune.

6. Amarga kita padha sumurup yen kamanungsan kita kang lawas iku wus ndherek sinalib, supaya awak kita dununging dosa kita iki sirna panguwasane, lan kita padha ora ngawula marang dosa maneh.

7. Sabab, sapa sing wis mati, iku wus luwar saka ing dosa.

8. Dadi yen kita wus padha ndherek kalawan Sang Kristus kita padha pracaya yen iya bakal padha urip kalawan Panjenengane uga.

9. Amarga kita padha sumurup, yen Sang Kristus sawuse kawungokake saka ing antarane wong mati, ora seda maneh: si pati wis ora nguwasani Panjenengane maneh.

10. Awit sedane iku, seda tumrap ing dosa, mung sapisan kanggo salawase; lan gesange iku gesang lumados marang Gusti Allah.

11. Samono uga anggonmu mawas iya mangkenea: kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus.

12. Mulane si dosa aja nganti nguwasani badanu kang kena ing pati iku maneh, supaya kowe aja nganti nuruti pepenginane maneh.

13. Sarta kowe aja masrahake gegelitaning badanmu marang si dosa kanggo gegamaning duraka, nanging badanmu saosna marang Gusti Allah, kaya wong kang maune mati, nanging saiki urip. Sarta gegelitaning badanmu iku saosna marang Gusti Allah, minangka gegamaning kabeneran.

14. Sabab si dosa ora bakal nguwasani kowe maneh, marga kowe padha ora kawengku ing angger-anggering Toret, nanging kawengku ing sih-rahmat.

Bab pangawula rong warna

6:15-23

15. Tumuli kapriye? Apa kita banjur padha nglakoni dosa marga ora kawengku ing angger-anggering Toret, ananging kawengku ing sih-rahmat? Babar pisan ora!

16. Apa kowe padha ora sumurup, manawa masrahake awakmu marang sawijining wong dadi abdi kang mituhu iku, ateges kowe dadi bature wong iku, sing kudu kokpituhu, embuh ing bab dosa kang nggendeng kowe marang pati, embuh pamituhu kang nuntun kowe marang kabeneran?

17. Nanging sokur marang Gusti Allah! Ing maune kowe iku dadi bature si dosa, nanging ing saiki kanthi gumolonging atimu kowe wus padha mituhu marang piwulang kang kaluntakake marang kowe.

18. Kowe wis padha kaluwaran saka ing dosa lan dadi abdining kabeneran.

19. Bab iki dakpituturake cara manungsa awit saka karingkihanmu. Sabab kayadene kowe wus masrahake gegelitaning badanmu dadi baturing rereged lan duraka tumuju marang duraka, mangkono uga kowe saiki kudu masrahake gegelitaning badanmu dadi abdining kabeneran kang tumuju ing kasucen.

20. Sabab nalika kowe padha dadi kawulaning dosa, kowe padha ora kawengku ing kabeneran.

21. Lan apa oleh-olehanmu? Kabeh iku njalari kowe saiki banjur padha rumangsa isin amarga wekasane iku pati.

22. Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng.

23. Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.