Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 7 Kitab Sutji (JAV)

Bab angger-anggering Toret

7:1-12

1. Para sadulur, apa kowe padha ora sumurup, -- awit aku pitutur marang kang padha paham ing bab angger-angger, -- yen ta angger-angger iku anggone mengku wong ing sajege urip?

2. Sabab wong wadon iku kecencang ing angger-angger marang sing lanang, sasuwene sing lanang iku isih urip, nanging manawa sing lanang wis mati, wong wadon mau uwal saka ing angger-angger kang nancang mau.

3. Dadi yen gelem diepek bojo wong lanang liyane sajrone kang lanang isih urip, wong wadon mau diarani laku bedhang. Nanging manawa kang lanang wus mati, wong wadon mau wus uwal saka angger-angger, satemah manawa diepek bojo wong lanang liya, ora diarani laku bedhang.

4. Yen mangkono, para sadulurku, kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengane, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokna woh, sumaos kagem Gusti Allah.

5. Awit nalika kita isih padha urip ana ing daging, hawa-nepsuning dosa kang kagugah dening angger-anggering Toret, iku ndayani ana ing gegelitaning badan kita, satemah kita padha metokake woh kanggo si pati,

6. ananging saiki kita wus kauwalake saka ing angger-anggering Toret, awit kita wus padha mati tumrap kang maune ngunjara kita, satemah saiki kita leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh, ora ana ing kaanan lawas manut ing sastrane angger-anggering Toret.

7. Yen mangkono apa sing arep kita gunem? Angger-anggering Toret iku apa dosa? Babar pisan ora! Malah marga saka angger-anggering Toret iku aku nyumurupi dosa. Aku mangsa ngretia bab kamelikan yen angger-anggering Toret ora dhawuh: “Sira aja melik!”

8. Nanging marga saka pepakon mau, dosa oleh jalaran kanggo nenangi sarupaning kamelikan ana ing aku, sabab tanpa angger-anggering Toret, dosa iku mati.

9. Ing maune aku iki urip tanpa angger-anggering Toret, nanging satekane pepakon mau, dosa wiwit urip,

10. balik aku mati. Sarta pepakon kang mesthine nuntun marang urip, nanging tumraping aku malah dadi jalaraning pati.

11. Awit saka ananing pepakon iku, dosa oleh jalaran nasarake aku, lan marga saka pepakon iku mau si dosa mateni aku.

12. Dadi angger-anggering Toret iku suci, lan pepakon iku iya suci, bener lan becik.

Perange angger-anggering Toret lan dosa

7:13-26

13. Yen mangkono, apa bab kang becik iku dadi jalaraning patiku? Babar pisan ora! Nanging amrih tetelaa yen iku mau si dosa, dosa iku migunakake bab kang becik kanggo nekakake patiku, satemah marga saka pepakon mau, banjur saya luwih cetha maneh wujude si dosa.

14. Sabab kita sumurup, manawa angger-anggering Toret iku awatak kasukman, nanging aku iki awatak kadagingan, kaedol dadi budhake si dosa.

15. Sabab apa bae kang daklakoni iku, aku dhewe ora sumurup. Ujer apa kang daklakoni iku mau dudu bab kang dakkarepake; nanging apa kang daksengiti, iku kang daklakoni.

16. Dadi manawa aku nglakoni bab kang ora dakkarepake iku, ateges aku ngakoni yen angger-anggering Toret iku becik.

17. Manawa mangkono dudu aku maneh kang nglakoni, ananging si dosa kang dumunung ana ing atiku.

18. Sabab aku sumurup, yen aku iki, yaiku dagingku, ora kadunungan bab kang becik. Sabab karep iku pancen ana ing aku, nanging dudu bab nglakoni apa kang becik.

19. Sabab kang daklakoni iku dudu bab kang dakkarepake, yaiku bab kang becik, nanging kang daklakoni iku bab kang ala, dudu kang dakkarepake.

20. Dadi yen aku nglakoni bab kang ora dakkarepake, ateges wis dudu aku maneh kang nglakoni, nanging si dosa kang dumunung ana ing aku.

21. Kang iku, aku nemu wewaton mangkene: Manawa aku kepengin nindakake kang becik, kang ala wis cumawis ana ing aku.

22. Sabab sajroning batinku, aku seneng marang angger-anggere Gusti Allah,

23. nanging gegelitaning badanku kadunungan angger-angger liya kang narungi angger-anggering akal-budiku, sarta njalari aku dadi tawananing angger-anggere dosa kang dedunung ana ing gegelitaning badanku.

24. Wong cilaka aku iki! Sapa kang bakal ngluwari aku saka badan reh-rehane pati iki?

25. Aku ngucap sokur marang Gusti Allah, iku marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

26. Dadi kalawan akal-budiku, aku ngawula marang angger-anggere Gusti Allah, nanging kalawan daging ngawula marang angger-anggere si dosa.