Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 12 Kitab Sutji (JAV)

Kurban kang satuhu

12:1-8

1. Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.

2. Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.

3. Adhedhasar sih-rahmat kang kaparingake marang aku, aku pitutur marang saben wong ing antaramu: Kowe aja nganti mikir prakara-prakara kang ngluwihi kang prayoga kokpikir, nanging anggonmu mikir kudu kanthi duga-prayoga, satemah kowe padha bisa ngereh badanmu miturut ukuraning pracaya, kang kaparingake dening Gusti Allah marang kowe dhewe-dhewe.

4. Sabab padha kaya kita, badan siji nduweni gegelitan akeh, nanging gegelitan mau ayahane ora padha,

5. mangkono kita iki, sanadyan akeh, padha dadi badan siji ana ing Sang Kristus; ananging kita iki kang siji padha dene dadi gegelitane sijine.

6. Iya mangkono iku, dadi kita iki padha duwe ganjaran beda-beda, miturut sih-rahmat kang kaparingake marang kita: manawa ganjaran mau kanggo medhar wangsit prayoga anggon kita nindakake laras karo iman kita.

7. Yen ganjaran mau kanggo leladi, iya padha leladia; manawa ganjaran memulang, iya padha memulanga;

8. yen ganjaran mau kanggo mituturi, iya padha mituturana. Sapa kang ngedum apa-apa, anggone nindakake akanthia ati kang eklas; sapa kang mimpin, iya kang kanthi taberi: sing sapa olah kawelasan, iya nindakna kanthi bungah.

Pangatag-atag marang olah katresnan

12:9-21

9. Tresna iku ditanpa lamis! Padha gethinga ing piala sarta nglakonana panggawe becik.

10. Kowe padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan dadia tuladha ing bab ajen-ingajenan.

11. Anggonmu taberi aja nganti kendho, padha dibanter ing roh, lan padha leladia marang Gusti.

12. Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning karupekan, dimantep anggonmu ndedonga!

13. Padha mitulungana ing kekuranganing para suci, sarta padha merlokna aweh pamondhokan!

14. Wong kang nguya-uya kowe, pujekna becik, lan aja koksupatani.

15. Wong kang bungah biyantonana bungahe, wong kang nangis biyantonana panangise.

16. Ditunggal ati ing sajroning pitepungan; aja ngarah marang kang dhuwur-dhuwur, nanging padha ngudia marang kang prasaja. Aja kuminter!

17. Aja males ala marang wong kang gawe piala; padha nindakna kang becik tumrap sadhengah wong.

18. Sabisa-bisa yen pancen gumantung marang kowe, andona rukun karo wong kabeh.

19. Para sadulurku kang kinasih, aja nganti kowe dhewe padha nandukake piwales, nanging iku pasrahna marang bebendune Gusti Allah, sabab ana tulisan mangkene: “Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesake,” mangkono pangandikaning Pangeran.

20. Balik manawa satrumu kaluwen, wenehana mangan; yen ngelak, wenehana ngombe. Sabab kanthi patrap mangkono iku, kowe prasasat numplek mawa ana ing sirahe.

21. Kowe aja nganti dikalahake dening piala, malah piala iku kalahna sarana kabecikan.