Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 10 Kitab Sutji (JAV)

1. Para sadulur, kang dadi pepenginaning atiku lan pandongaku marang Pangeran, wong-wong mau muga padha kapitulungana rahayu.

2. Amarga aku nekseni, yen pancen padha taberi banget anggone ngabekti marang Gusti Allah, nanging tanpa pangreten kang bener.

3. Sabab, padha ora wanuh marang kabeneraning Allah sarta ngarah ngadegake kabenerane dhewe, mulane padha ora sumuyud marang kabeneran kang saka Gusti Allah.

Kabeneran awit saka pracaya

10:4-15

4. Sabab Sang Kristus iku kang wus mungkasi angger-anggering Toret, satemah saben wong kang pracaya banjur oleh kabeneran.

5. Sabab Nabi Musa nyerat bab kabeneran kang marga saka ing angger-anggering Toret iku mangkene: “Sapa kang nglakoni prakara iku, bakal urip marga saka iku.”

6. Nanging kabeneran kang awit saka pracaya iku, wewarahe mangkene: “Aja ana osiking atimu: Sapa ta kang bakal sumengka menyang ing swarga?” yaiku prelu ngaturi Gusti Yesus tumedhak,

7. utawa: “Sapa ta kang bakal mudhun menyang telenganing pati?” yaiku: prelu nginggahake Sang Kristus saka ing antarane wong mati.

8. Nanging kapriye wewarahe? Mangkene:“Pangandika iku cedhak karo kowe,ana ing tutukmu lan ana ing atimu.”Yaiku pangandika bab pracaya, kang dakwartakake.

9. Sabab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.

10. Sabab, kalawan ati wong iku anggone pracaya sarta kabenerake, lan kalawan tutuk wong anggone ngakoni pracaya, sarta kapitulungan rahayu.

11. Awit Kitab Suci ngandika mangkene: “Sapa kang pracaya marang Panjenengane, ora bakal kawirangan.”

12. Sabab wong Yahudi lan wong Yunani iku ora ana bedane. Ujer Gusti Allah mung siji, kang dadi Gustine wong kabeh, sarta luber kadarmane marang sadhengah wong kang padha nyebut marang Panjenengane.

13. Awitdene sapa kang nyebut Asmaning Pangeran bakal kapitulungan rahayu.

14. Nanging kapriye anggone padha bisa nyebut marang Panjenengane? Kapriye anggone padha pracaya ing Panjenengane, yen padha ora krungu bab Panjenengane? Kapriye anggone padha krungu bab Panjenengane manawa ora ana kang martani?

15. Lan kapriye anggone padha bisa aweh pawarta bab Panjenengane, manawa padha ora kautus? Kaya kang katulisan, wiraose: “Iba anggone nyenengake tekane wong kang padha nggawa pawarta becik.”

Bab bangsa Israel anggone ora pracaya

10:16-21

16. Ananging ora kabeh wong padha nampani pawarta becik iku mau. Sabab Nabi Yesaya munjuk mangkene: “Dhuh Pangeran, sinten ingkang pitados dhateng punapa ingkang sami kawula wartosaken?”

17. Dadine pracaya iku thukule awit saka pangrungu, sarta pangrungu iku marga saka pangandikane Sang Kristus.

18. Ananging aku takon: Apa padha ora krungu? Sajatine wus padha krungu:“Swarane wus nyrambahi ing salumahing bumi,Sarta tembunge wis tekan ing tapel watesing jagad.”

19. Nanging aku takon maneh: Apa kirane bangsa Israel ora mangreti? Kang dhisik ana pangandikane Nabi Musa mangkene:“Ingsun bakal nenangi kumerenira marang kang dudu umat,sarta nenangi nepsunira marang bangsa kang bodho.”

20. Lan kalawan kendel Nabi Yesaya ngandika:“Ingsun wus ditemu dening wong kang padha ora ngupaya Ingsun.Ingsun wus ngatingal marang wong-wong kang ora nakokake Ingsun.”

21. Balik tumrap bangsa Israel pangandikane mangkene: “Sadina muput anggoningSun ngegarake astaningSun marang bangsa kang ora mbangun-turut sarta madoni.”