Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 3 Kitab Sutji (JAV)

Kaluwihane wong Yahudi lan kasetyaning Allah

3:1-8

1. Yen mangkono, apa ta kaluwihane wong Yahudi, lan apa ta paedahe tetak iku?

2. Akeh banget lan warna-warna, kang dhisik iki: Sabab wong mau padha dipitayani pangandikane Gusti Allah.

3. Dadine kapriye, manawa ana ing antarane wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggone ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyane Gusti Allah?

4. Babar pisan ora! Malah kosokbaline: Gusti Allah iku asipat bener, lan manungsa kabeh padha dora cara, kaya kang katulisan, wiraose:“Supados Paduka kacihna manawi leres ing sapangandika Paduka, saha Paduka unggula manawi dipun hakimi.”

5. Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? -- Calathuku iki cara manungsa. --

6. Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?

7. Nanging manawa setya tuhune Gusti Allah iku marga saka gorohku malah sangsaya cetha banget temah njalari kaluhurane, yagene aku kok isih diadili maneh padha kaya wong dosa?

8. Rak iya ora bener, ta, panacade wong kang kandha, yen kita padha duwe ujar mangkene: “Payo kita padha nglakoni panggawe ala supaya bisaa thukul kang becik saka ing kono. Wong kang kaya mangkono iku wis samesthine tampa paukuman.

Wong kabeh padha kawengku ing dosa

3:9-20

9. Kang iku kapriye? Apa kita luwih onjo katimbang karo wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep rak wis kita dakwa, wong Yahudi lan wong Yunani iku padha kawengku ing dosa kabeh,

10. iya kaya kang wus katulisan, wiraose:“Ora ana wong kang bener, siji bae ora ana.

11. Ora ana wong siji-sijia kang duwe budi,ora ana wong siji-sijia kang ngupaya Gusti Allah.

12. Kabeh wong padha nyleweng,kabeh tanpa guna,ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.

13. Gurunge iku kaya kubur menga,ilate dianggo nyenyidrani,lambene ngemu wisa.

14. Cangkeme kebak pangipat-ipat.

15. Entheng sikile yen arep ngwutahake getih.

16. Karusakan lan kasrakatan ana ing dedalane,

17. lan dalaning tentrem-rahayu ora disumurupi;

18. padha ora duwe wedi asih marang Gusti Allah.”

19. Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.

20. Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.

Manungsa iku kabenerake marga saka pracaya

3:21-31

21. Balik ing saikine, tanpa angger-anggering Toret, kaya kang kapratelakake ing kitab Toret lan kitab-kitabe para nabi, kabeneraning Allah iku wus kalairake,

22. yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.

23. Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,

24. lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.

25. Panjenengane wus dipesthekake dening Gusti Allah dadi srananing karukunan, awit saka pracaya marang rahe. Bab iki katindakake kagem ngatingalake kaadilane, sabab Panjenengane wus ngendelake dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarane Gusti Allah.

26. Karsane yaiku kagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki, supaya tetelaa manawa Panjenengane iku bener, lan uga mbenerake wong kang pracaya marang Gusti Yesus.

27. Yen mangkono, apa dhasare gumunggung? Ora ana. Banjur manut waton apa? Apa wewaton panggawe? Ora, nanging wewaton pracaya.

28. Marga kita yakin, yen manungsa iku anggone kabenerake awit saka pracaya, ora marga saka anggone netepi angger-anggering Toret.

29. Karomaneh Gusti Allah iku apa mung dadi Gusti Allahe wong Yahudi bae? Apa Panjenengane iku dudu Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga? Iya, Panjenengane iya dadi Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga.

30. Tegese, manawa Gusti Allah iku siji, kang bakal mbenerake wong kang padha tetak awit saka pracaya, lan wong kang padha ora tetak iya awit saka pracaya.

31. Yen mangkono apa aku padha mbatalake angger-anggering Toret awit saka pracaya? Babar pisan ora. Aku malah padha njejegake.