Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 11 Kitab Sutji (JAV)

Kekarene bangsa Israel

11:1-10

1. Kang iku aku takon: Apa kirane Gusti Allah wus nampik umate? Babar pisan ora! Awit aku dhewe iya wong Israel trahe Rama Abraham, saka taler Benyamin.

2. Gusti Allah ora nampik umate kang dipilih. Apa kowe padha ora sumurup, apa kang wus dipangandikakake ing Kitab Suci bab Nabi Elia, nalika nggugat bangsa Israel ana ing ngarsane Gusti Allah:

3. “Dhuh Pangeran, para nabi Paduka sampun sami dipun pejahi, misbyah-misbyah Paduka sampun dipun risaki, namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang sami ngangkah pejah kawula.”

4. Nanging kapriye pangandikane Gusti Allah marang Nabi Elia mau? Mangkene: “Ingsun isih ngengehake wong pitung ewu kagem Ingsun, kang ora tau sujud nyembah marang Baal.”

5. Mangkono uga ing wektu saiki, iya ana kekaren, awewaton pamilihe sih-rahmat.

6. Nanging manawa bab iku kalakone awit saka sih-rahmat, dadine wis ora marga saka panggawe maneh, sabab yen ora mangkono, kang diarani sih-rahmat iku wis dudu sih-rahmat maneh.

7. Kang iku kapriye? Israel ora bisa nggayuh apa kang diupaya, nanging kang nampani iku para wong kang pinilih. Dene liyane padha mangkotake atine,

8. kaya kang katulisan, wiraose:“Gusti Allah ndadosake wong-wong mau padha turu kepati,maringi mripat kang ora kanggo ndeleng,lan kuping kang ora kanggo ngrungokake,nganti tumeka ign dina iki.”

9. Sarta Sang Prabu Dawud munjuk:“Pakembulanipun dadosa kalajiret saha jaring,tuwin sesandhungan,punapadene piwales tumrap tiyang-tiyang punika.

10. Saha mripatipun sami kadamela peteng,satemah sami boten ningali,

Bangsa Israel kasandhung, bangsa-bangsa liya padha rahayu

11:11-24

11. Kang iku aku takon: Apa wong mau anggone padha kasandhung iku supaya tiba? Babar pisan ora! Nanging awit saka panerake, karahayon banjur tumiba marang bangsa-bangsa liya, supaya padha thukul kumerene.

12. Awit manawa panerak mau njalari kasugihaning jagad, lan kakurangane dadi kasugihane bangsa-bangsa liya mendahane maneh mungguh ing kasampurnane.

13. Aku pitutur marang kowe, heh para bangsa saliyane bangsa Yahudi. Iya marga aku iki dadi rasule para bangsa saliyane bangsa Yahudi, aku nganggep yen bab iki dadi kamulyaning pangabdiku,

14. yaiku bokmanawa aku bisa nenangi rasa kumeren sajroning batine para kadangku tunggal bangsa miturut daging, sarta bisa mitulungi rahayu marang panunggalane sawatara.

15. Sabab yen panampike iku ateges pirukun tumrap ing jagad, wong-wong iku anggone nampani apa ora ateges kauripan saka ing antarane wong mati?

16. Manawa panenan wiwitan iku suci, jladrene iya suci kabeh, lan yen oyode suci, pang-pange iya suci.

17. Mulane, manawa pang-pange wus ana sawatara kang dikethoki, lan kowe kang dadi thukulan alas sing ditancebake ana ing antarane, temahan melu oleh panduman saka oyode wit jaitun kang kebak tlutuh iku,

18. kowe aja padha gumunggung marang pang-pang iku! Manawa gumunggung dieling, yen dudu kowe kang nyangga oyod iku, nanging oyod iku kang nyangga kowe.

19. Bisa uga kowe bakal calathu: Mulane ana pang kang padha dikethoki, iku supaya aku ditancebake ana ing antarane minangka thukulan.

20. Iya bener! Anggone padha dikethoki iku, awit saka anggone ora pracaya, lan kowe anggonmu tetep iku marga saka pracaya. Kowe aja kumlungkung, aluwung wedia!

21. Sabab, manawa Gusti Allah ora ngeman marang pangpang kang asli, iya ora bakal ngeman marang kowe uga.

22. Mulane waspadakna sih-kamirahane Gusti Allah, sarta kekerasane uga, yaiku kekerasane tumrap wong kang wis padha tiba, nanging kamirahane tumrap kowe, samono iku manawa kowe tetep ana ing kamirahane, manawa ora, kowe iya bakal padha kapagas uga.

23. Nanging mungguh pang kang wis padha kapagas mau, yen ora ngantepi anggone ora pracaya bakal katancebake maneh, jalaran Gusti Allah kagungan panguwasa nancebake maneh.

24. Sabab manawa kowe wis padha kakethok saka ing wit jaitun alas lan cengkah karo dhasarmu kowe padha katancebake ing wit jaitun sajati, mendahane maneh pangpang kang tunggal dhasar, mesthi bakal katancebake ing wit jaitun asline dhewe.

Anggone Israel kapitulungan rahayu

11:25-36

25. Awitdene para sadulur, supaya kowe aja padha nganggep pinter awakmu dhewe, karepku kowe padha nyumurupana wewadi iki: Bangsa Israel iku salong padha mangkotake atine nganti lumebune bangsa-bangsa liyane saganepe.

26. Kalawan patrap mangkono bangsa Israel bakal kapitulungan rahayu kabeh, kaya kang katulisan, wiraose:“Saka ing Sion bakal rawuhe Sang Juru Panebus,Panjenengane bakal nyingkirake sakehing pamblasare Yakub.

27. Lan iki kang dadi prajanjianingSun kalawan wong-wong iku, samangsa Ingsun mbirat dosane.”

28. Manut Injil, wong-wong iku padha dadi satrune Gusti Allah marga saka kowe, ananging manut ing pilihan, wong-wong iku padha dadi kekasihe Gusti Allah awit saka para leluhur.

29. Sabab Gusti Allah ora kagungan raos kaduwung tumrap peparinge sih-rahmat sarta timbalane.

30. Sabab iya padha kaya kowe ing maune, anggonmu padha ora mbangun-miturut marang Gusti Allah, nanging saiki wis oleh sih-piwelas marga saka anggone ora mbangun-miturut wong-wong iku,

31. mangkono uga wong iku saiki iya padha ora mbangun-miturut, supaya awit saka sih-piwelas kang wus kaparingake marang kowe iku, wong mau iya bakal padha oleh sih-piwelas.

32. Sabab wong-wong mau wus padha kakurung dening Gusti Allah kabeh ana ing kaanan ora mbangun-miturut, supaya Panjenengane saged ngetingalake sih-piwelase marang wong kabeh mau.

33. Wah, saiba agunging kasugihan, kawicaksanan sarta kawaskithane Gusti Allah! Kabeh putusane pranyata ora kena jinajagan, sarta kabeh tindake ora kena katlusur.

34. Ujer sapa ta kang nyumurupi panggalihane Pangeran?Utawa, sapa ta kang wis tau dadi juru pirembuge?

35. Utawa, sapa ta kang wis tau misungsung apa-apa marang Panjenengane, temahan banjur kaparingan leliru?

36. Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane, lan marga dening Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane: Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase!