Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 9 Kitab Sutji (JAV)

Prasetyane Gusti Allah iku mesthi kalakon

9:1-29

1. Kandhaku iki temen-temen ana ing Sang Kristus, aku ora goroh. Sabab osiking atiku melu nekseni marga dening Sang Roh Suci,

2. manawa aku nandhang prihatin banget, lan tansah sedhih.

3. Awit aku iki iya saguh kena ing ipat-ipat, sarta kapegat saka Sang Kristus marga saka para sadulurku, golonganing bangsaku mungguhing daging.

4. Sabab iku kabeh padha wong Israel kang wus kaangkat dadi putra lan wis kaparingan kamulyan tuwin prajanjian-prajanjian sarta angger-anggering Toret, apadene sarengat lan prasetya-prasetya.

5. Kang padha dadi tedhak turune para rama leluhur, kang nurunake Sang Kristus mungguh ing daging, kang ngungkuli samubarang kabeh. Panjenengane iku Gusti Allah kang kudu pinuji-puji ing salawas-lawase. Amin.

6. Ewadene pangandikane Gusti Allah iku mokal yen wurunga. Awit ora saben trahe Israel iku wong Israel,

7. lan iya ora kabeh kang kagolong turune Rama Abraham iku tedhake Rama Abraham, nanging: “Kang asale saka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.”

8. Tegese: Dudu para anak kang miturut ing daging kang dadi para putrane Gusti Allah, nanging para anak prasetyan kang kaetang dadi turun kang sah.

9. Sabab pangandika iku isi prasetya mangkene: “Ing watara pendhak mangsa iki Ingsun bakal rawuh, sarta Sarah bakal duwe anak lanang.”

10. Malah ora ngamungake iku bae. Luwih cetha maneh Ibu Ribkah kang mbobot kembar saka priya siji, yaiku Rama Iskak, rama leluhur kita.

11. Sabab nalika bayi-bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawe becik utawa ala, -- supaya rancangane Gusti Allah bab pamilihe tetepa, ora adhedhasar ayahan nanging adhedhasar timbalane, --

12. dipangandikakake marang Ribkah, mangkene:“Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom,”

13. iya kaya kang katulisan, wiraose:“Yakub Sunkasihi, nanging Esau Sunsengiti.”

14. Yen mangkono, apa kang bakal kita gunem? Apa Gusti Allah ora adil? Mokal!

15. Sabab Panjenengane wus ngandika marang Nabi Musa, mangkene: “Ingsun bakal melasi marang sapa bae kang Sunkarsakake Sunwelasi, sarta Ingsun bakal paring sih-kamirahan marang sapa bae kang Sunkarsakake Sunparingi sih-kamirahan.”

16. Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa reka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahane Gusti Allah.

17. Marga ing Kitab Suci ana pangandika marang Sang Prabu Pringon, mangkene: “Yaiku sababe anggoningSun ngadegake sira, yaiku supaya Ingsun bisa ngatingalake panguwaosingSun ana ing sira, sarta AsmaningSun supaya kasuwurna ing salumahing bumi.”

18. Dadi Panjenengane maringi sih-piwelas marang sapa bae kang dikarsakake, lan Panjenengane mangkotake marang sapa bae kang dikarsakake.

19. Saiki kowe arep padha tutur marang aku: “Yen mangkono, apa maneh kang kaanggep luput dening Panjenengane? Sabab sapa kang bisa nglawan karsane?”

20. Nanging, heh manungsa, kowe iku sapa ta, dene kok madoni marang Gusti Allah? Apa iya bisa, ta, barang gegawean calathu marang kang gawe mangkene: “Yagene dene anggonmu gawe aku kok kaya mangkene?”

21. Apa kundhi iku ora duwe wewenang tumrap lempunge; prongkolan kang padha, salong kagawe barang kang mulya, salong kagawe barang liyane kang lumrah?

22. Lan kapriye saupama kagem ngatingalake bebendu lan nedahake panguwaose, Gusti Allah paring kasabaran kang gedhe marang para kang minangka wadhahing bebendu, kang wus kacadhangake marang karusakan,

23. mangka iku malah kagem ngatingalake anggone sugih kamulyan marang para kang minangka wadhahing sih-piwelase, kang wis cinadhangake marang kamulyan?

24. Yaiku kita kang wus padha katimbalan, ora mung saka ing antarane wong Yahudi bae, nanging uga saka ing antarane bangsa-bangsa liya,

25. kaya kang wus dipangandikakake uga ana ing kitabe Nabi Hosea, wiraose:“Kang dudu umatingSun bakal Sunsebut umatingSun,lan kang dudu kekasih, iku Sunsebut kekasih.”

26. Lan ing panggonan kang wong-wonge dipangandikani:“Sira iku dudu umatingSun,”ing kono wong-wong mau bakal dipangandikani:“Para Putrane Gusti Allah kang sipat gesang.”

27. Lan Nabi Yesaya nguwuh ing ngatase bangsa Israel, mangkene: “Sanadyan Banisrael iku cacahe kaya wedhine sagara, nanging mung kekarene bae kang bakal pinaringan rahayu.

28. Sabab apa kang wus dipangandikakake, bakal tumuli katindakake dening Pangeran ana ing bumi, kalawan sampurna.”

29. Karodene kaya kang kawecakake dening Nabi Yesaya ing sadurunge mangkene:“Saupama Gusti Allah kang murbeng dumadiora ngarekake turun marang kita,kita wus dadi kaya Sodomlan padha kaya Gomora.”

Karahayone bangsa-bangsa liya lan pamblasare bangsa Israel

9:30--10:3

30. Yen mangkono, apa kang bakal kita gunem? Iki: Bangsa-bangsa liya kang padha ora ngupaya kabeneran, wus padha oleh kabeneran, yaiku kabeneran kang awit saka pracaya.

31. Nanging: Bangsa Israel sanadyan ngupaya angger-angger kang bakal nekakake kabeneran, ora nganti nyandhak marang angger-angger mau.

32. Yagene kok ora? Sabab bangsa Israel anggone ngupaya ora marga saka pracaya, nanging marga saka panggawe, marga padha kasandhung ing watu sesandhungan,

33. kaya kang katulisan, wiraose:“Lah ing Sion Sundokoki watu tetanggoran tuwin watu sesandhungan, lan:Sapa kang pracaya marang iku, ora bakal kawirangan.”