Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 4 Kitab Sutji (JAV)

Rama Abraham kabenerake awit saka pracaya

4:1-25

1. Kang iku apa kang bakal dakkandhakake tumrap Rama Abraham, leluhur kita mungguh ing daging?

2. Sabab yen Rama Abraham anggone kabenerake marga saka pandamele, panjenengane bisa gumunggung, nanging ora ana ing ngarsane Gusti Allah.

3. Sabab apa kang kapratelakake ing ayating Kitab Suci? “Rama Abraham banjur pracaya marang Gusti Allah, lan iya bab iku kang kaetang dadi kabeneran tumrap panjenengane dening Gusti Allah.”

4. Dene wong kang nyambut-gawe iku, opahe ora kena kaetung ganjaran, nanging hake.

5. Yen wong kang ora nyambut-gawe, nanging kumandel marang Panjenengane kang mbenerake wong duraka, kumandele iku kang kaetung dadi kabeneran.

6. Kayadene Sang Prabu Dawud iya mastani rahayu wong kang kaanggep bener dening Gusti Allah ora wewaton ayahane:

7. “Rahayu wong kang padha kaapura panerake,lan kang kaaling-alingan dosa-dosane;

8. rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Gusti Allah.”

9. Anggone mastani rahayu iku apa mung tumuju marang wong kang tetak bae, apa iya marang kang padha ora tetak uga? Aku rak wis tutur, mungguh kumandel iku tumrap Rama Abraham kaetang dadi kabenerane.

10. Dene anggone kaetang mangkono iku genahe kapriye? Sadurunge apa sawise supit? Ora sawise supit, nanging sadurunge.

11. Sarta pratandha tetak iku ditampani minangka ecaping kabeneran awewaton pracayane ing sadurunge supit. Iya mangkono iku anggone panjenengane banjur bisa dadi ramane para wong pracaya kang ora tetak, supaya kabeneran kaetunga tumrap wong-wong iku mau,

12. lan uga dadi ramane para wong tetakan, yaitu para wong kang ora mung padha tetak bae, nanging uga padha nurut labeting pitadose leluhur kita Rama Abraham, nalikane durung supit.

13. Sabab mungguhing prasetya kang kaparingake marang Rama Abraham satedhak-turune yen bakal tampi warisan jagad, iku ora lumantar angger-anggering Toret, nanging lumantar kabeneran kang wewaton pracaya.

14. Awit manawa wong-wong kang pangarep-arepe lumantar angger-anggering Toret padha melu tampa panduman kang kaprasetyakake Gusti Allah, pracaya iku banjur dadi muspra lan prasetyane dadi batal.

15. Amarga angger-anggering Toret iku nekakake bebendu, nanging ing ngendi ora ana angger-anggering Toret, ing kono iya ora ana panerak.

16. Mulane kabeneran iku adhedhasar pracaya supaya mujudna sih-rahmat, satemah prasetya iku tumuju marang sakehe tedhak-turune Rama Abraham, ora ngamungake kang kawengku ing angger-anggering Toret bae, nanging uga kang padha kadunungan pracayane Rama Abraham. Sabab Rama Abraham iku leluhur kita kabeh, --

17. iya kaya kang katulisan, wiraose: “Sira iku wus Sunpasthekake dadi bapakne bangsa akeh,” -- ana ing ngarsane Gusti Allah kang wus diandelake, kang nguripake wong mati sarta kang nyabdakake apa kang ora ana dadi ana.

18. Sabab sanadyan ora ana dhasaring pangarep-arep, ewasamono Rama Abraham tansah kumandel kanthi pangajeng-ajeng, yen panjenengane bakal dadi ramane bangsa akeh, landhesan apa kang wus dipangandikakake: “Samono bakal cacahing turunira.”

19. Lan pracayane ora dadi kendho, sanadyan ngraosake yen sarirane wus lungse, awit yuswane wis watara satus taun, sarta manawa Ibu Sara wus lungse ing wanci.

20. Ewasamono panjenengane tetep ngugemi prasetyane Gusti Allah, tanpa mangu-mangu kang awit saka pamaido, nanging malah panjenengane kasantosakake ing pracayane, sarta ngluhurake Gusti Allah,

21. kanthi ing pangandel, manawa Gusti Allah mesthi kuwaos nindakake apa kang wus kaprasetyakake.

22. Mulane bab iki kaetang dadi kabenerane.

23. Tetembungan iki, yaiku “bab iki kaetang tumrap panjenengane”, iku anggone katulis ora mung mligi kagem Rama Abraham bae,

24. nanging iya katulis kanggo kita uga; sabab kita bakal kaetung kaya mangkono uga, awit kita padha pracaya ing Panjenengane kang wus mungokake Gusti Yesus, iya Gusti kita, saka ing antarane wong mati,

25. yaiku Gusti Yesus kang wus kaulungake awit saka panerak kita, sarta kawungokake awit saka anggon kita padha kabenerake.