Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 5 Kitab Sutji (JAV)

Pasambate para wong Yahudi digatosake Sang Nehemya

5:1-13

1. Nuli ana pangresulane rakyat kang banget dalah wonge wadon marang para sadulure, wong Yahudi.

2. Ana kang matur kalawan swara sora: “Anak kula jaler lan estri kathah, kula sami betah gandum, supados kula sami saged nedha lan gesang.”

3. Lan ana maneh kang matur: “Kula sami kapeksa nggantosaken pasiten saha pakebonan anggur sarta griya kula, supados sageda sami angsal gandum ing mangsa paceklik punika.”

4. Ana uga kang matur: “Kula sampun sami nyambut arta kangge mbayar paos ingkang dipun tetepaken dening Sang Nata tumrap pasiten saha pakebonan anggur kula.

5. Lah, sanadyan kula punika tunggil kulit daging kaliyan para sadherek sabangsa, lan anak-anak kula sami kaliyan anak-anakipun, ewadene kula kapeksa kendel kemawon para anak kula jaler lan estri sami dados abdi, malah anak kula estri wonten sawatawis ingkang kapeksa dados darbekipun tiyang. Kula sami boten saged tumindak punapa-punapa, amargi pasiten saha pakebonan anggur kula sampun dhumawah ing tanganipun tiyang sanes.”

6. Bareng aku krungu pangresulane wong-wong mau lan pawarta kang mangkono iku, aku banjur nepsu banget.

7. Sawise daktimbang-timbang sajroning atiku, aku tumuli nggugat marang para pemimpin lan para panggedhe kang nyekel pangwasa. Kandhaku marang wong-wong iku: “Panjenengan kok sami mendhet bathi langkung saking samesthinipun saking sadherek-sadherek panjenengan!” Aku banjur nganakake parepatan gedhe kang daktujokake marang wong-wong iku.

8. Pangucapku marang wong-wong mau: “Kula sadaya sasaged-saged tansah mbudidaya nebusi para sadherek kula tiyang Yahudi ingkang sampun sami kasade dhateng tiyang bangsa sanes. Nanging sapunika panjenengan kok malah sami nyade sadherek-sadherek panjenengan, supados sami kula tumbas malih!” Ing kono wong-wong mau padha meneng bae, marga ora bisa mangsuli apa-apa.

9. Aku nyambungi maneh: “Prakawis ingkang sami panjenengan tindakaken punika boten pantes! Panjenengan rak sami kawajiban tumindak klayan ajrih-asih dhumateng Gusti Allah kita, supados sampun ngantos dados cacadan tumrap bangsa-bangsa sanes, mengsah kita?

10. Ugi kula saha para sadherek kula lan andhahan kula sami nyambutaken arta kanthi sareman punapa dene gandum dhateng tiyang-tiyang punika. Sambutanipun punika prayogi kita lilakaken kemawon.

11. Sumangga ing dinten punika ugi panjenengan wangsulaken pasitenipun, pakebonanipun anggur kaliyan pakebonanipun jaitun punapa dene griyanipun dhateng ingkang gadhah, ugi sambutanipun kaicalna, inggih punika arta saha gandum, anggur kaliyan lisahipun ingkang sampun panjenengan sambutaken dhateng piyambakipun.”

12. Ing kono pangucape wong-wong mau: “Inggih badhe kula wangsulaken, sarta tiyangipun boten badhe kula tagih punapa-punapa. Punapa pangandika panjenengan punika badhe kula lampahi.” Aku banjur nekakake para imam sarta wong mau padha dakkon ngucapake sumpah, yen bakal nglakoni ing kasaguhane iku.

13. Karodene aku iya ngebutake lempitaning jubahku klawan pangucap: “Kayaa mangkene anggone Gusti Allah bakal ngipatake saben wong kang ora netepi ing kasaguhane iku, dikipatake saka ing omahe lan saka ing wohing kangelane. Mangkono anggone kakipatake lan dadi kopong.” Wong sapasamuwan kabeh tumuli padha muni: “Amin,” banjur padha memuji marang Sang Yehuwah. Rakyat banjur padha netepi ing kasaguhane mau.

Sikepe Sang Nehemya kang ora golek kauntungan

5:14-19

14. Malah uga wiwit aku winisudha dadi bupati ana ing tanah Yehuda, yaiku wiwit ing taun kang kaping rong puluh nganti tekan ing taun kang kaping telung puluh loro ing paprentahane Sang Prabu Artahsasta, dadi rolas taun lawase, aku karo para sadulurku padha ora tau njupuk panduman, kang dadi wewenange bupati.

15. Nanging para bupati sadurunge aku iku padha ngebot-eboti sesanggane rakyat. Para bupati iku padha mundhuti kanggo roti lan anggur sadinane patang puluh sekel salaka; malah para andhahane padha meres rakyat. Nanging aku ora tumindak mangkono, amarga wedi marang Gusti Allah.

16. Sarta maneh aku iya miwiti nglakoni pagawean mbangun balowarti iki, sanadyan aku padha ora oleh pategalan. Lan sakehing andhahanku padha dakkerigake mrana mligi kagawe nandangi pagawean iku.

17. Wong Yahudi lan para panggedhe, kehe wong satus seket, kang kembul mangan ing mejaku, iku kajaba wong kang padha nekani aku saka ing antarane bangsa-bangsa kang ana ing sakiwa-tengenku.

18. Mungguh kang disadhiyakake ing sadina-dinane kang dadi tanggunganku yaiku: sapi siji lan wedhus pilihan nenem karo sato iwen sawatara; kajaba iku saben sapuluh dina anggur warna-warna nganti turah-turah. Ewadene aku ora njaluk panduman wewenanging bupati, amarga ayahan sesanggane rakyat wus abot.

19. Dhuh Allah kawula, supados kawula ngraosaken karaharjan, Paduka mugi karsaa ngengeti sakathahing pandamel kawula kangge bangsa punika!