Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 5:13 Kitab Sutji (JAV)

Karodene aku iya ngebutake lempitaning jubahku klawan pangucap: “Kayaa mangkene anggone Gusti Allah bakal ngipatake saben wong kang ora netepi ing kasaguhane iku, dikipatake saka ing omahe lan saka ing wohing kangelane. Mangkono anggone kakipatake lan dadi kopong.” Wong sapasamuwan kabeh tumuli padha muni: “Amin,” banjur padha memuji marang Sang Yehuwah. Rakyat banjur padha netepi ing kasaguhane mau.

maca bab lengkap Nehemya 5

tampilan Nehemya 5:13 ing konteks