Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 7 Kitab Sutji (JAV)

Rekadaya kanggo ngayomi kutha

7:1-3

1. Bareng balowartine wus rampung, aku banjur masang lawang-lawange. Sawuse iku banjur ngangkat jaga-gapura, pasindhen lan para wong Lewi.

2. Kawajiban ngawat-awati Yerusalem dakpasrahake marang sadulurku Hanani lan Hananya, panggedhening beteng, amarga Hananya iku wong kang kena dipracaya lan wedi marang Gusti Allah ngungkuli wong-wong liyane.

3. Aku banjur kandha marang wong-wong iku: “Gapura-gapura Yerusalem aja nganti diwengakake sadurunge srengenge panas sumelet, lan lawang-lawange kudu diinebake sarta padha kaslarakna ing sajrone wong isih padha nyambutgawe ana ing panggonane. Apadene padha mataha wong jaga panunggalane wong ing Yerusalem, siji-sijine anaa ing papan pajagan lan ing ngareping omahe.”

Pratelan bab wong-wong kang bali saka ing pambuwangan

7:4-73

4. Anadene kutha iku gedhe lan jembar, nanging wong kang manggon ing kono mung sathithik, lan omah-omah durung nganti padha dibangun.

5. Gusti Allahku tumuli ngosikake atiku supaya aku nglumpukake para pemimpin lan para panggedhe kang padha nyekel pangwasa lan rakyat, supaya padha kacathetana ing sarasilah. Aku banjur nemu layang sarasilahe wong kang wus luwih dhisik anggone mulih. Ing sajroning cathetan iku tinemu pratelan kaya ing ngisor iki:

6. Iki pratelane ing propinsi Yehuda kang padha mangkat mulih saka ing pambuwangan, yaiku para tawanan kang biyen padha diangkatake dening Sang Prabu Nebukadnezar ratu ing tanah Babil, nuli padha bali mulih menyang ing Yerusalem lan ing Yehuda, sawiji-wijine menyang ing kuthane dhewe-dhewe.

7. Tekane iku padha kairid dening Sang Zerubabel, Yesua, Nehemya, Azarya, Raamya, Nahamani, Mordekhai, Bilsan, Misperet, Bigwai, Nehum lan Baana.Iki pratelane bab wong-wong bangsa Israel:

8. bani Paros: rong ewu satus pitung puluh loro;

9. bani Sefaca: telung atus pitung puluh loro;

10. bani Arakh: nem atus seket loro;

11. bani Pahat-Moab yaiku bani Yesua lan Yoab: rong ewu wolung atus wolulas;

12. bani Elam: sewu rong atus seket papat;

13. bani Zatu: wolung atus patang puluh lima;

14. bani Zakai: pitung atus sawidak;

15. bani Binui: nem atus patang puluh wolu;

16. bani Bebai: nem atus wolulikur;

17. bani Azgad: rong ewu telung atus rolikur;

18. bani Adonikam: nem atus sawidak pitu;

19. bani Bigwai: rong ewu sawidak pitu;

20. bani Adin: nem atus seket lima;

21. bani Ater, yaiku bani Hizkia: sangang puluh wolu;

22. bani Hasum: telung atus wolu likur;

23. bani Bezai: telung atus patlikur;

24. bani Harif: satus rolas;

25. bani Gibeon: sangang puluh lima;

26. wong ing Betlehem lan ing Netofa: satus wolung puluh wolu;

27. wong Anatot: satus wolulikur;

28. wong ing Bet-Asmawet: patang puluh loro;

29. wong ing Kiryat-Yearim, ing Kefira lan ing Beerot: pitung atus patang puluh telu;

30. wong ing Rama lan ing Gaba: nem atus selikur;

31. wong ing Mikhmas: satus rolikur;

32. wong ing Betel lan ing Ai: satus telulikur;

33. wong ing Nebo liyane: seket loro;

34. bani Elam yaiku Elam liyane: sewu rong atus seket papat;

35. bani Harim: telung atus rong puluh;

36. wong ing Yerikho: telung atus patang puluh lima;

37. wong ing Lod, ing Hadid lan ing Ono: pitung atus selikur;

38. bani Senaa: telung ewu sangang atus telung puluh.

39. Iki para imam:bani Yedaya, yaiku kulawangsa Yesua: sangang atus pitung puluh telu;

40. bani Imer: sewu seket loro;

41. bani Pasyhur: sewu rong atus patang puluh pitu;

42. bani Harim: sewu pitulas.

43. Iki para wong Lewi:bani Yesua lan Kadmiel, lan bani Hodewa: pitung puluh papat.

44. Iki para pasindhen:bani Asaf: satus patang puluh wolu.

45. Iki para jaga gapura:bani Salum, bani Ater, bani Talmon, bani Akub, bani Hatita, bani Sobai: satus telung puluh wolu.

46. Iki para abdi ing padalemane Gusti Allah:bani Ziha, bani Hasufa, bani Tabaot,

47. bani Keros, bani Sia, bani Padon;

48. bani Lebana, bani Hagaba, bani Salmai;

49. bani Hanan, bani Gidel, bani Gahar;

50. bani Reaya, bani Rezin, bani Nekoda;

51. bani Gazam, bani Uza, bani Paseah;

52. bani Besai, bani Meunim, bani Nefusim;

53. bani Bakbuk, bani Hakufa, bani Harhur;

54. bani Bazlit, bani Mehida, bani Harsa;

55. bani Barkos, bani Sisera, bani Temah;

56. bani Nesiah, bani Hatifa.

57. Iki para turune abdine Sang Prabu Suleman:bani Sotai, bani Soferet, bani Perida;

58. bani Yaala, bani Darkon, bani Gidel;

59. bani Sefaca, bani Hatil, bani Pokheret-Hazebaim, bani Amon.

60. Sakehe abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Sang Prabu Suleman iku gunggunge telung atus sangang puluh loro.

61. Iki wong kang padha mangkat mulih saka ing Tel-Malah, Tel-Harsa, Kerub, Adon lan ing Imer, nanging padha ora bisa nerangake kulawangsane lan asal-usule, apa iya klebu bangsa Israel:

62. bani Delaya, bani Tobia, bani Nekoda, gunggung nem atus patang puluh loro;

63. lan saka ing panunggalane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku kang ngrabeni panunggalane anake Barzilai, wong Gilead, banjur karan jenenge kulawarga iku.

64. Iku padha niti-priksa, apa jenenge padha kasebut ana ing sarasilah, nanging ora tinemu, mulane banjur kaanggep ora suci lan ora kena dadi imam.

65. Lan tumrap wong-wong iku ditetepake dening kepala dhaerah, manawa ora kena mangan sesengkeran kang pinunjul, nganti ana imam kang tumindak kanthi ngasta Urim lan Tumim.

66. Sagolongane wong kabeh iku mau gunggunge ana patang puluh loro ewu telung atus sawidak;

67. iku kajaba abdine lanang lan wadon, kang cacahe ana pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhene lanang lan wadon rong atus patang puluh lima.

68. Jarane wong-wong mau ana pitung atus telung puluh nenem, bihale rong atus patang puluh lima,

69. untane patang atus telung puluh lima, kuldine nem ewu pitung atus rong puluh.

70. Panunggalane para panggedhene kulawangsa iku padha nguruni kanggo wragading pagawean, dene kepala dhaerah anggone asok kanggo pasadhiyan waragad rupa mas sewu dirham, bokor panyiraman seket iji lan klambi rangkepan pangagemaning imam limang atus telung puluh.

71. Sumbangane para panggedhening kulawangsa kanggo pasadhiyan waragad rupa mas rong puluh ewu dirham, salaka rong ewu rong atus mina.

72. Anadene kang disumbangake dening wong liyane rupa mas rong puluh ewu dirham, salaka rong ewu mina, lan klambi rangkepan pangagemaning imam sawidak pitu.

73. Anadene para imam, para wong bani Lewi sarta para jaga-gapura apadene pasindhen, tuwin uga saperangane rakyat, para abdi ing padalemane Gusti Allah tuwin para wong Israel liyane kabeh padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe.