Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 11 Kitab Sutji (JAV)

Daftare para wong kang padha manggon ana ing kutha Yerusalem lan Yehuda

11:1-36

1. Para panggedhening bangsa padha dedalem ana ing Yerusalem, dene kekarene padha ngumbulake undhi, kagawe nemtokake wong siji saben sapuluhe kang oleh manggon ana ing kutha suci Yerusalem, nuli kang sanga manggon ana ing kutha-kutha liyane.

2. Wong-wong padha ngalembana, saben wong kang kanthi eklas manggon ana ing Yerusalem.

3. Iki pratelane bab para penggedhening propinsi Yehuda kang dedalem ana ing Yerusalem, dene ing kutha-kutha ing tanah Yehuda wong Israel padha manggon ing tanah darbeke dhewe-dhewe ana ing kuthane dhewe-dhewe: yaiku wong lumrah, para imam, para wong Lewi, para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman.

4. Bani Yehuda lan bani Benyamin kang padha manggon ana ing Yerusalem yaiku: saka bani Yehuda: Ataya bin Uzia, bin Zakharia, bin Amarya bin Sefaya bin Mahalaleel, bin Peres,

5. lan Maaseya bin Barukh bin Kolhoze bin Hazaya bin Adaya bin Yoyarib bin Zakharia, turune wong Syela.

6. Sakehe bani Peres kang manggon ana ing Yerusalem, gunggunge ana patang utus sewidak wolu, padha wong gagah prakosa.

7. Lan iki turune bani Benyamin: Salu bin Mesulam bin Yoed bin Pedaya bin Kolaya bin Maaseya bin Itiel bin Yesaya.

8. Nuli Gabai, Salai: gunggunge sangang atus wolulikur.

9. Yoel bin Zikhri kang dadi kepalane, dene Yehuda bin Hasenua dadi wakile kang nguwasani kutha.

10. Saka para imam: Yedaya bin Yoyarib, Yakhin,

11. Seraya bin Hilkia bin Mesulam bin Zadok bin Merayot bin Ahitub, lelurahing Padaleman Suci,

12. lan para sadulure kang ngladeni ana ing padaleman kono: wolung atus rolikur. Uga Adaya bin Yeroham bin Pelalya bin Amzi bin Zakharia bin Pasyhur bin Malkia,

13. sarta para sadulure, panggedhening kulawangsa: rong atus patang puluh loro. Lan Amasai bin Asareel bin Akhzai bin Mesilemot bin Imer,

14. lan para sadulure, para prawira gagah prakosa, satus wolulikur, kang dadi kepalane Zabdiel bin Gedolim.

15. Saka para wong Lewi: Semaya bin Hasub bin Azrikam bin Hazabya bin Buni.

16. Mangkono uga Sabetai lan Yozabad panggedhening para wong Lewi, kang mriksa pagawean ing sajabaning padalemaning Allah.

17. Nuli Matanya bin Mikha bin Zabdi bin Azaf, pemimpin kang pinatah ngrepekake kidung panuwun ing pandonga, lan Bakbukya, wong kang kapindho saka antarane para sadulure, lan Abda bin Samua bin Galal bin Yedutun.

18. Sakabehe wong Lewi ing kutha suci ana rong atus wolung puluh papat.

19. Para jaga gapura: Akub lan Talmon karo para sadulure, kang padha jaga ana ing gapura: satus pitung puluh loro.

20. Saluwihe para wong Israel kang lumrah lan para imam sarta para wong Lewi padha manggon ana ing sakehe kutha ing tanah Yehuda ing tanah pusakane dhewe-dhewe.

21. Nanging para abdi ing padalemane Gusti Allah padha manggon ana ing Ofel. Ziha lan Gispa kang nglurahi para abdi ing padalemaning Allah iku.

22. Kang nglurahi para wong Lewi ing Yerusalem: Uzi bin Bani bin Hasabya bin Matanya bin Mikha saka bani Azaf, yaiku para pasindhen kang ngidung sajroning pangibadah ana ing padalemaning Allah.

23. Amarga tumrap wong-wong iku ana dhawuhe Sang Prabu kang netepake pranatan tumrap para pasindhen miturut kaperluwane ing saben dina.

24. Petahya bin Mesezabeel saka bani Zerah bin Yehuda dibiyantokake marang Sang Prabu tumrap samubarang kang magepokan karo bangsa iku.

25. Mungguh papan panggonan ing dhaerah pategalan bani Yehuda ana saperangan kang manggon ing Kiryat-Arba lan sawewengkone, ing Dibon lan sawewengkone sarta ing Yekabzeel lan desa-desane.

26. Ing Yesua, ing Molada lan ing Bet-Pelet,

27. ing Hazar-Sual, ing Bersyeba sawewengkone,

28. ing Ziklag, ing Mekhona sawewengkone,

29. ing En-Rimon, Zora, Yarmut,

30. Zanoah, Adulam lan desa-desane, ing Lakhis sapategalane ing Azeka lan sawewengkone. Mangkono anggone padha manggon wiwit saka ing Bersyeba nganti tumeka ing lebak Hinom.

31. Lan bani Benyamin manggon wiwit ing Geba, ing Mikhmas, ing Aya, ing Betel lan sawewengkone,

32. ing Anatot, Nob lan Ananya,

33. ing Hazor, Rama lan Gitaim,

34. ing Hadid, Zeboim lan Nebalat,

35. ing Lod lan ing Ono, ing Lebak Tukang.

36. Sawatara golongane wong Lewi saka Yehuda padha ngumpul karo wong Benyamin.