Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 12 Kitab Sutji (JAV)

Pratelane bab para imam lan para wong Lewi

12:1-26

1. Iki pratelane bab para imam lan para wong Lewi, kang bali mulih bareng karo Sang Zerubabel bin Sealtiel lan Yesua: Seraya, Yeremia, Ezra,

2. Amarya, Malukh, Hatus,

3. Sekhanya, Rehum, Meremot,

4. Ido, Ginetoi, Abia,

5. Miyamin, Maaja, Bilga,

6. Semaya, Yoyarib, Yedaya,

7. Salu, Amok, Hilkia, lan Yedaya, iku para pangarepe imam kanthi para sadulure, nalika jamane Yesua.

8. Mungguh para wong Lewi yaiku: Yesua, Binui, Kadmiel, Serebya, Yehuda lan Matanya. Matanya iki lan para sadulure padha nuntun manawa ngrepekake kidung panuwun,

9. dene Bakbukya lan Uni sarta para sadulure padha ngadeg ana ing ngarepe gegolongan manut bubuhane.

10. Yesua nurunake Yoyakim, Yoyakim nurunake Elyasib, Elyasib nurunake Yoyadha,

11. lan Yoyadha nurunake Yonatan, dene Yonatan nurunake Yadua.

12. Nalika jamane Yoyakim mau kang dadi imam para panggedhene kulawangsa yaiku: Meraya saka kulawangsane Seraya, Hananya saka kulawangsane Yeremia,

13. Mesulam saka kulawangsane Ezra, Yohanan saka kulawangsane Amarya,

14. Yonatan saka kulawangsane Melikhu, Yusuf saka kulawangsane Sabanya,

15. Adna saka kulawangsane Harim, Helkai saka kulawangsane Merayot,

16. Zakharia saka kulawangsane Ido, Mesulam saka kulawangsane Gineton,

17. Zikhri saka kulawangsane Abia saka kulawangsane Minyamin; Piltai saka kulawangsane Moaja,

18. Samua saka kulawangsane Bilga, Yonatan saka kulawangsane Semaya,

19. Matnai saka kulawangsane Yoyarib, Uzi saka kulawangsane Yedaya,

20. Kalai saka kulawangsane Salai, Heber saka kulawangsane Amok,

21. Hasabya saka kulawangsane Hilkia lan Netaneel saka kulawangsane Yedaya.

22. Mungguh para wong Lewi iku para panggedhening kulawargane padha kacathet nalika jamane Elyasib, Yoyadha, Yohanan lan Yadua, dene para imam kacathet nganti nalika jumenenge Sang Prabu Dharius, ratu ing Persi.

23. Para panggedhening kulawangsane bani Lewi padha kacathet ana ing buku sejarah nganti jamane Yohanan bin Elyasib.

24. Para panggedhening kulawangsane bani Lewi yaiku: Hasabya, Serebya, Yesua bin Kadmiel lan para sadulure kang padha ngadeg ana ing ngarepe, nalika padha ngrepekake pepujian lan panuwun, ngetrepi dhawuhe Sang Prabu Dawud, abdine Gusti Allah, apepanthan jejer-jejer.

25. Matanya, Bakbukya, Obaja, Mesulam, Talmon lan Akub, iku padha dadi jaga gapura, kang kapatah jaga ana ing gudhang-gudhang piranti ing gapura.

26. Wong-wong iku uripe nalika jamane Yoyakim bin Yesua bin Yozadak lan ing jamane Sang Bupati Nehemya lan Imam Ezra, ahli kitab.

Nucekake balowartine kutha Yerusalem

12:27-43

27. Nalika balowartine kutha Yerusalem kasucekake, para wong Lewi padha ditimbali saka ing sakehe papan panggonane, kadhawuhan nglumpuk ana ing Yerusalem, supaya padha nucekake balowarti mau kalawan gambira, kambi ngucap sukur lan ngrepekake kidung, binarung swaraning kecer, slukat lan clempung.

28. Para pasindhen banjur padha nglumpuk saka king wewengkon ing sakiwa-tengene Yerusalem lan saka ing desa-desane wong Netofa,

29. saka ing Bet-Gilgal, saka ing ara-ara ing Geba lan Asmawet, awit para pasindhen mau padha ngadegake desa-desa ana ing sakubenge Yerusalem.

30. Para imam tuwin para wong Lewi sawuse nucekake badan, tumuli uga nucekake wong saumat kabeh lan uga gapurane tuwin balowartine.

31. Aku banjur akon para panggedhening wong Yehuda munggah ing dhuwur balowarti lan banjur ndhapuk juru ngidung rong golongan gedhe. Kang siji lumaku ana ing dhuwur balowarti manengen menyang ing gapura Pawuhan.

32. Ing saburine Hosaya karo saduman saka para panggedhene wong Yehuda,

33. uga Azarya, Ezra, Mesulam,

34. Yehuda, Benyamin, Semaya lan Yeremia,

35. lan para imam kang padha nggawa kalasangka yaiku: Zakharia bin Yonatan bin Senaya bin Matanya bin Mikha bin Zakur bin Azaf,

36. lan para sadulure, yaiku: Semaya, Azareel, Milalai, Gilalai, Maai, Netaneel, Yehuda lan Hanani karo unen-unene Sang Prabu Dawud, abdining Allah, dene Ezra, ahli kitab, lumaku ana ing ngarepe.

37. Bareng tekan ing gapura Sendhang, banjur padha munggah ing undhak-undhakaning kuthane Prabu Dawud, ing unggah-unggahaning balowarti kang ngliwati kadhatone Prabu Dawud, tutug ing gapura Banyu sisih wetan.

38. Golongan pangidung sijine lumaku mangiwa lan aku ngetutake karo saperanganing rakyat ngliwati balowarti lan menara Prapen tumeka ing balowarti Amba.

39. Aku tumuli padha ngliwati gapura Efraim, gapura Lawas, gapura Iwak, menara Hananeel lan menara Mea nganti tekan ing gapura Wedhus Gembel. Tumuli padha mandheg ana ing gapura Pajagan.

40. Sawuse iku golongan pangidung loro mau banjur padha ngadeg ana ing padalemaning Allah. Mangkono uga aku lan saperanganing para panggedhe,

41. lan para imam, yaiku: Elyakim, Maaseya, Minyamin, Mikha, Elyoenai, Zakharia, Hananya kambi nyekel kalasangka,

42. lan Maaseya, Semaya, Eleazar, Uzi, Yohanan, Malkia, Elam lan Ezer. Para pasindhen banjur ngrepekake kidung katuntun dening Yizrahya.

43. Ing dina iku wong padha nyaosake kurban sembelehan akeh banget. Padha bungah-bungah amarga diparingi kabungahan kang luwih gedhe dening Gusti Allah. Dalasan para wong wadon lan bocah-bocah iya padha bungah-bungah, temah karamean Yerusalem iku keprungu nganti adoh.

Tanggungan tumrap panguripane para imam lan para wong Lewi

12:44-47

44. Ing wektu iku ana wong sawatara kang dipatah nglurahi kamar-kamar parawatan, kamar-kamar pisungsung mligi, panenan kawitan tuwin pisungsung prasupuluhan, supaya sumbangan kang manut pranatan dadi pandumane para imam lan para wong Lewi lan kang cundhuk karo kaanane pategalane saben kutha, diklumpukake ana ing kamar-kamar kono. Awit bani Yehuda padha bungah-bungah ing ngatase para imam sarta para wong Lewi kang padha nindakake ayahan.

45. Amarga wong-wong iku kang padha nindakake kawajiban leladi marang Gusti Allah lan padha kawajiban nucekake, mangkono uga para pasindhen lan jaga gapura, cundhuk karo pranatane Sang Prabu Dawud lan Sang Prabu Suleman, putrane.

46. Amarga wus wiwit jaman biyen, nalika jamane Sang Prabu Dawud lan Asaf, ana lurah pasindhen, ana kidung pamuji lan kidung panuwun kang kagem Gusti Allah.

47. Nalika jamane Sang Zerubabel lan Sang Nehemya sakehe wong Israel padha ngaturake pasumbang kanggo para pasindhen lan para jaga gapura minangka cadhong ing saben dinane lan ngaturake pisungsung suci marang para wong Lewi. Lan para wong Lewi padha ngaturake pisungsung suci marang para putra-putrane Imam Harun.