Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 9 Kitab Sutji (JAV)

Ngakoni dosa lan panyuwunan

9:1-37

1. Ing tanggal patlikur sasi iku uga, wong Israel padha nglumpuk lan puwasa kalawan manganggo sandhangan prihatin sarta sirahe kawur-wuran lemah.

2. Turune wong Israel padha misah saka ing sarupaning wong liya bangsa, tumuli padha ngadeg kambi ngakoni dosane tuwin paneraking para leluhure.

3. Nalika padha ngadeg iku, banjur diwacakake perangan-peranganing kitab Torete Sang Yehuwah, Gusti Allahe, saprapat dina suwene, sarta seprapat dina maneh padha ngakoni dosane, lan sumungkem sujud nyembah marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,

4. Yesua, Bani, Kadmiel, Sebanya, Buni, Serebya, Bani lan Kenani, padha ngadeg ana ing undhak-undhakane wong Lewi, sarta padha sesambat marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kalawan swara sora.

5. Yesua, Kadmiel, Bani, Hasabneya, Serebya, Hodiya, Sebanya, lan Petahya, -- iku wong Lewi kabeh -- banjur padha ngucap mangkene: “Padha ngadega saosa puji marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, langgeng ing salawase! Dhuh Allah, pinujia asma Paduka ingkang mulya, ingkang kaluhuraken ngungkuli saliring pamuji kaliyan pakurmatan!”

6. “Namung Paduka ingkang jumeneng Sang Yehuwah! Paduka ingkang sampun nitahaken langit, malah langiting sadaya langit sabalatantranipun, saha bumi kaliyan sadaya ingkang dumunung ing salumahipun, punapa dene saganten saisen-isenipun sadaya. Punika sadaya Paduka ingkang nggesangi, saha balatantraning langit sami sujud nyembah dhumateng Paduka.

7. Paduka punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ingkang sampun milih Rama Abram, Paduka lampahaken saking Ur-Kasdim, saha paduka paringi nama Abraham.

8. Paduka uningani, bilih manahipun setya tuhu wonten ing ngarsa Paduka, sarta Paduka damel prasetya kaliyan piyambakipun, bilih badhe Paduka paringi tanahipun tiyang Kanaan, tiyang Het, tiyang Amori, tiyang Peris, tiyang Yebus, sarta tiyang Girgasi, kaparingaken dhateng turunipun. Lan Paduka inggih netepi pangandika Paduka, margi Paduka punika asipat leres.

9. Paduka ngudaneni kesrakatipun para leluhur kawula wonten ing tanah Mesir, saha miyarsakaken pasambatipun wonten ing pinggiripun seganten Teberau.

10. Paduka nindakaken pratandha kaliyan kaelokan wonten ing ngarsanipun Prabu Pringon sapunggawanipun sadaya, tuwin rakyat ing nagarinipun, amargi Paduka mirsa, anggenipun atindak gumunggung wonten ing ngajengipun para leluhur wau. Margi saking punika Paduka ndadosaken misuwuripun asma Paduka; bab punika ugi kacihna ing dinten punika.

11. Wonten ing ngajengipun para leluhur wau, Paduka miyak seganten, temah sami saged nyabrang, medal ing gasikan wonten ing satengah-tengahing seganten wau. Nanging ingkang sami mbujeng Paduka cemplungaken ing teleng kados sela wonten ing toya ingkang ngebat-ebati.

12. Ing wanci siyang para leluhur wau sami Paduka irid klayan tugu mega, ing wanci dalu klayan tugu latu, kadamel madhangi margi ingkang dipun langkungi.

13. Paduka tumedhak dhateng ing redi Sinai sarta ndhawuhaken pangandika dhateng para leluhur saking langit; Paduka paringi pranatan-pranatan ingkang adil, angger-angger ingkang leres saha katetepan-katetepan tuwin dhawuh-dhawuh ingkang utami.

14. Paduka ugi paring uninga bab Sabat Paduka ingkang suci, punapa malih Paduka paringi dhawuh-dhawuh, katetepan-katetepan saha angger-angger Paduka lumantar abdi Paduka Musa.

15. Kangge ngicali luwenipun sami Paduka paringi roti ingkang saking ing langit sarta kangge ngicali ngelakipun Paduka angsalaken toya medal saking redi parang. Punapadene Paduka dhawuhi nglebeti lan ngejegi nagari ingkang sampun Paduka janjekaken kalayan supaos badhe Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.

16. Nanging tiyang-tiyang wau, inggih punika para leluhur kawula, sami tumindak gumunggung saha sami ngakenaken githokipun sarta boten mituhu dhateng pepaken-pepaken Paduka.

17. Dene sami lumuh mirengaken tuwin boten ngengeti dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; sami ngakenaken githokipun, malah sami nekad badhe mangsuli pangawulanipun wonten ing tanah Mesir. Nanging Paduka punika Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asihdarma tuwin ambek welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun. Paduka boten karsa negakaken para leluhur kawula wau.

18. Malah sanadyan sami damel pedhet cor-coran tuwin sami ngucap: “Iki Gusti Allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir!”, saha sami nindakaken kanisthan ingkang ageng,

19. ewasamanten boten Paduka tegakaken wonten ing ara-ara samun, margi saking palimirma Paduka ingkang ageng. Tugu mega boten kendhat-kendhat nuntun lampahipun ing wanci siyang, makaten ugi tugu latu tansah madhangi ing wanci dalu wonten ing margi ingkang dipun langkungi.

20. Roh Paduka ingkang asihmirma inggih Paduka paringaken, supados mulang. Punapa malih boten nate Paduka endheg roti man peparing Paduka dhateng cangkemipun, sarta kadamel ngicalaken ngelakipun Paduka paringi toya.

21. Kawandasa taun laminipun anggen Paduka maringi panggesangan wonten ing ara-ara samun. Sami boten nate kekirangan, sandhanganipun boten luwas, sarta sukunipun boten sami abuh.

22. Kajawi punika ugi Paduka paringi karajan tuwin bangsa pinten-pinten, lajeng dhaerahipun wau Paduka paringaken dados dhaerah wates, amargi tanahipun sami dipun ebroki: inggih punika tanahipun Sihon, raja ing Hesbon, lan tanahipun Prabu Og, raja ing Basan.

23. Turunipun Paduka tangkar-tangkaraken, cacahipun kados lintang ing langit, saha Paduka irid dhateng ing tanah, ingkang Paduka dhawuhaken dhateng para leluhuripun, supados dipun lebeti saha dipun ejegi.

24. Turunipun wau lajeng sami lumebet ing tanah punika sarta dipun ejegi lan tiyang ingkang ngenggeni, inggih punika tiyang-tiyang Kanaan sami Paduka telukaken wonten ing ngajenganipun, sami kaparingaken dhateng ing tanganipun, dalasan para rajanipun tuwin sakathahipun bangsa ing tanah ngriku, supados kadamela ing sapikajengipun.

25. Kitha-kitha ingkang santosa kaliyan tanah-tanah ingkang subur sadaya dipun rayud; griya-griya ingkang kebak isi barang dandosan sae, kulahan-kulahan tatahan, pakebonan anggur tuwin pakebonan jaitun, sarta karang kitri, ingkang cacahipun langkung dening kathah sami dipun rampasi. Sami nedha ngantos tuwuk lan dados lema saha ngraosaken kamukten, saking kamirahan Paduka ingkang ageng.

26. Ewadene sami wangkot sarta mbalela dhumateng Paduka. Angger-angger Paduka dipun singkur lan para nabi Paduka, ingkang ngengetaken supados wangsul mratobat dhumateng Paduka, sami dipun pejahi. Sami nindakaken kanisthan ingkang ageng.

27. Paduka nunten ngulungaken tiyang-tiyang wau ing tanganing mengsahipun, temah sami nandhang karupekan. Lah salebetipun nandhang karibedan punika lajeng sami sesambat dhumateng Paduka, nunten Paduka piyarsakaken saking langit tuwin awit saking palimirma Paduka ingkang ageng, Paduka paringi tiyang-tiyang ingkang ngluwari saking tanganing mengsah.

28. Nanging manawi sampun angsal katentreman, tumunten sami nglampahi piawon malih wonten ing ngarsa Paduka. Lajeng Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsahipun, saha dipun jajah. Bilih sami sesambat malih dhumateng Paduka, Paduka inggih miyarsakaken malih saking langit, sami Paduka entasaken marambah-rambah, margi saking agenging sih-palimirma Paduka.

29. Paduka engetaken supados sami wangsul dhateng angger-angger Paduka. Nanging sami ngatingalaken gumunggungipun, boten mituhu dhateng pepaken Paduka, sami nerak pranatan-pranatan Paduka, mangka inggih punika ingkang dados marginipun tiyang manggih gesang manawi sami nglampahi makaten. Sami masang pundhakipun kangge nglawan, sami ngakenaken githokipun sarta boten purun mirengaken.

30. Suprandene Paduka karsa nglajengaken anggen Paduka tumindak sabar ngantos pinten-pinten taun laminipun. Sarana Roh Paduka Paduka ngengetaken, inggih punika lumantar para nabi, nanging sami boten nggatosaken, temah Paduka ulungaken dhateng ing tanganipun bangsa-bangsa ing sakathahing nagari.

31. Ewasamanten awit saking agengipun sih-palimirma Paduka inggih boten Paduka tumpes tapis, lan boten Paduka tegakaken, amargi Paduka punika Gusti Allah ingkang mahaasih lan mahamirah.

32. Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.

33. Nanging Paduka ingkang leres tumrap sakathahing samukawis ingkang dhumawah ing kawula punika, amargi Paduka tumindak setya, saha kawula ingkang sami nglampahi duraka.

34. Dalasan para ratu kawula, para pangageng kawula sarta para imam kawula, punapa dene para leluhur kawula sami nglirwakaken angger-angger Paduka. Sami boten ngestokaken dhateng dhawuh saha pepenget Paduka ingkang Paduka paringaken.

35. Ing salebetipun jumeneng ratu sami boten ngabekti dhumateng Paduka, sanadyan Paduka sampun maringi kanugrahan kathah saha nyawisaken tanah ingkang jembar lan loh. Saha sami boten purun mratobat saha nilar pendamelipun ingkang awon.

36. Lah ing wekdal sapunika kawula sami dados abdi tumbasan, mangka wonten ing salebetipun tanah ingkang Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula, amrih sami ngraosaken woh saha kasugihanipun, nanging kawula punika sami dados abdi tumbasan.

37. Tanah punika kathah pamedalipun tumrap ratu-ratu ingkang Paduka kuwaosaken ngereh kawula, margi saking dosa kawula. Para ratu punika sami ngereh kawula saha raja-kaya kawula kanthi sawenang-wenang, temahan kawula sami nandhang karibedan ageng.”

Layang prajanjian

9:38--10:39

38. Adhedhasar iki mau kabeh, aku banjur padha nganakake prajanjian kang kenceng, kang padha daktulis, sarta kaecapan dening para panggedheku, para wong Lewi lan para imamku.