Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 9 Kitab Sutji (JAV)

Kalasangka kan kalima

9:1-12

1. Malaekat kang kalima tumuli ngungelake kalasangkane, aku banjur weruh ana lintang kang tiba ing bumi saka ing langit, sarta lintang mau kaparingan kuncine lawanging teleng palimenganing pati.

2. Tumuli lawanging teleng mau kabukak, banjur ana pega kumelun saka ing teleng kaya pegane pawon gedhe, temahan srengenge lan awang-awang padha kapetengan dening pegane teleng mau.

3. Tumuli pega iku metu walange akeh padha neba ing bumi lan padha kaparingan daya kayadene dayane kalajengking ing bumi.

4. Lan padha kadhawuhan, supaya aja padha ngrusak suket-suket ing bumi, utawa marang sadhengaha thethukulan lan wit-witan, kajaba mung marang manungsa kang ing bathuke ora ana cape Gusti Allah.

5. Karodene walang-walang mau ora diparengake mateni manungsa, ananging mung nyiksa bae lawase limang sasi, lan anggone nyiksa iku kaya panyiksane kalajengking, samasa ngentup wong.

6. Ing mangsa iku wong-wong bakal ngupaya pati, nanging ora bisa, lan padha kapengin mati, ananging padha kaoncatan ing pati.

7. Anadene mungguh rupane walang-walang mau kaya jaran kang samekta ing perang, ing endhase ana kang saemper makutha emas, raine kaya raine manungsa,

8. lan rambute kaya rambute wong wadon, lan untune kaya untune singa,

9. lan dhadhane kaya nganggo kere wesi, kumrasaking elare kaya gumrubyuging kareta kang digered ing jaran akeh, kang padha mlayu menyang ing paperangan.

10. Buntute kaya kalajengking, lan uga ana entupe, dene buntute iku gunane kanggo milara manungsa lawase limang sasi.

11. Anadene kang dadi ratune iya iku malaekat panggedhening teleng palimenganing pati, jenenge ing basa Ibrani Abadon, lan ing basa Yunani Apolion.

12. Kasangsaran kang kapisan wus kliwat. Saiki isih ana kasangsaran loro kang bakal nekani.

Kalasangka kang kanem

9:13-21

13. Malaekat kang kanem tumuli ngungelake kalasangkane, aku banjur krungu swara metu saka sungu papat ing misbyah mas kang ana ing ngarsane Gusti Allah,

14. Kang dhawuh marang malaekat kang kanem kang ngasta kalasangka mau mangkene: “Malaekat papat kang padha kabanda ana ing sacedhake bengawan Efrat iku uculana.”

15. Malaekat papat kang padha kacawisake ngenteni jam, dina, sasi lan taun kang wus pinanci iku tumuli diuculi, supaya padha mateni sapratelone umat manungsa.

16. Lan cacahe wadyabala jaranan iku rongpuluh ewu leksa; aku krungu pira cacahe.

17. Mungguh jarane lan kang padha nunggangi iku ana ing wahyu iki katone mangkene: padha nganggo kere, warnane abang kaya geni lan biru tuwin kuning walirang; endhase jaran memper kaya endhasing singa, tuwin cangkeme ngetokake geni, lan pega sarta welirang.

18. Sapratelone umat manungsa padha dipateni dening wewelak telu iku, yaiku geni, lan pega tuwin welirang kang padha metu saka ing cangkeme.

19. Awitdene dayane jaran-jaran mau dumunung ana ing cangkeme lan buntute; amarga buntute iku kaya ula; padha nganggo endhas, iku kanggo nganakake karusakan.

20. Ananging kekarene wong kang ora dipateni kalawan wewelak iku mau, meksa ora padha mratobat nyingkiri pagaweaning tangane: ora mareni anggone padha nyembah marang para dhemit lan brahala-brahala mas, salaka, tembaga, watu apadene kayu kang ora bisa ndeleng, krungu utawa lumaku.

21. Apamaneh uga padha ora mratobat sumingkir saka anggone memateni, utawa nenung, sarta laku jina, apadene nyenyolong.