Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 6 Kitab Sutji (JAV)

Segel nenem wiwit kaklethek

6:1-17

1. Lah aku banjur sumurup Sang Cempe iku nglethek segel kang kapisan saka segel pitu mau, lan aku krungu makluk papat mau kang kapisan ngucap, swarane kaya gludhug: “Mara ndelenga!”

2. Tumuli aku ndeleng: Lah, ana jaran putih, kang nunggang nyekel panah lan nganggo makutha ganjaran. Wong mau banjur maju kaya kang wus unggul banjur ngrebut kaunggulan maneh.

3. Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kang kapindho, aku krungu makluk kang kapindho ngucap: “Mara ndelenga!”

4. Tumuli ana jaran liyane maju, ulese abang mbaranang sarta kang nunggang kaparingan panguwasa ngilangi tentrem-rahayu saka ing bumi, supaya wong padha paten-pinatenan, lan uga kaparingan pedhang gedhe.

5. Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kang katelu aku krungu makluk kang katelu ngucap: “Mara ndelenga!” Tumuli aku weruh: lah, ana jaran ireng, kang nunggangi nyekel timbangan.

6. Aku tumuli krungu ana swara ing tengah-tengahe makluk papat iku tembunge: “Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusakake lenga lan anggur iku.”

7. Lan nalika Sang Cempe nglethek segel kang kapat, aku krungu makluk kang kapat ngucap: “Mara ndelenga!”

8. Tumuli aku weruh: lah ana jaran ijo-kuning siji sarta kang nunggang jenenge si Pati, lan dietutake dening teleng palimengan. Lan iku padha kaparingan panguwasa mateni isining jagad saprapat srana pedhang, pailan sarta pageblug, tuwin kalawan kewan-kewan galak ing bumi.

9. Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kalima, aku tumuli weruh sangisore misbyah ana nyawane para kang wus kapatenan marga saka pangandikane Gusti Allah lan marga saka paseksene.

10. Nyawa-nyawa mau padha nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Ngantos pinten laminipun malih, dhuh Sang Kristus ingkang Maha Suci sarta Sajati, anggen Paduka boten ngadili saha malesaken rah kawula dhateng tiyang ingkang manggen wonten ing bumi?”

11. Tumuli padha kaparingan jubah putih, sarta kadhawuhan, supaya lerem sawatara mangsa engkas nganti tumeka saganeping cacahe para kancane abdi lan sadulur-sadulure, kang iya bakal padha dipateni, kaya wong-wong mau.

12. Bareng Sang Cempe nglethek segel kang kanem, aku tumuli weruh: lah ana lindhu kang nggegirisi lan srengenge dadi ireng kaya kanthong wulu lan rembulan dadi abang mbranang kaya getih.

13. Lan lintang-lintang ing langit padha rontog marang ing bumi, kaya wit anjir ngrontogake wohe kang isih mentah, manawa katempuh ing angin gedhe.

14. Langit tumuli nglunthung kaya kitab sarta sakehing gunung lan pulo padha ngalih saka ing panggonane.

15. Para raja ing bumi lan para panggedhe sarta para prawira, lan para wong sugih sarta para wong kang kuwasa, lan sakehing batur sarta wong mardika padha ndhelik menyang ing guwa-guwa lan ing antarane watu-watu karang ing gunung.

16. Iku mau kabeh padha calathu marang gunung-gunung lan marang watu parang: “Aku padha jugrugana lan dhelikna supaya aja kauningan ing Panjenengane, kang lenggah ing dhampar lan kena ing bebendune Sang Cempe iku.”

17. Sabab dinaning bebendune kang wingit wus teka, mangka sapa kang kuwasa nadhahi?