Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 5 Kitab Sutji (JAV)

Kitab kang kasegel lan Sang Cempe

5:1-14

1. Aku tumuli sumurup kitab gulungan ana ing astane tengen kang lenggah ing dhampar mau, kang katulisan ing jero lan ing jaba lan disegel nganggo segel pitu.

2. Tumuli aku weruh malaekat kang prakosa nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Sapa kang sembada ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele?”

3. Nanging ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, ora ana kang bisa ngudhari gulungan kitab mau sarta nyumurupi ing sisih jerone.

4. Aku tumuli nangis kelara-lara, marga ora ana kang tinemu sembada ngudhari utawa nyumurupi sisih jerone gulungan kitab mau.

5. Banjur ana pinituwa kang ngandika marang aku: “Kowe aja nangis! Lah, Sang Singa kang saka trah Yahuda, yaiku sogolane Sang Prabu Dawud, wus unggul, temah bisa ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele pitu.”

6. Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi.

7. Sang Cempe mau banjur nyelak sarta nampani kitab mau saka astane tengen kang pinarak ing dhampar.

8. Nalika Panjenengane mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur iku tumuli sumungkem ana ing ngarsane Sang Cempe, siji-sijine nyekel clempung lan bokor mas, kebak isi menyan; yaiku pandongane para Suci.

9. Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge:“Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah,

10. sarta Paduka dadosaken karajan lan imam sumaos ing Allah kita, sarta sami badhe dados ratu wonten ing bumi.”

11. Aku tumuli ndeleng lan krungu swarane malaekat akeh ing sakubenging dhampar, lan makluk-makluk tuwin para pinituwa; cacahe maleksa-leksa lan maewu-ewu leksa,

12. pangucape kalawan swara sora:“Sang Cempe ingkang sampun kapragat punika sembada nampeni panguwaos, lan kasugihan, sarta kawicaksanan, saha kakiyatan, tuwin kaurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana.”

13. Aku banjur krungu sakehing makluk kang ana ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, sarta ing sagara, apadene kang urip ing jerone, padha ngucap:“Pangalembana lan kaurmatan, tuwin pamuji sarta kamulyan kagem Panjenenganipun ingkang lenggah ing dhampar saha Sang Cempe, ngantos salami-laminipun!”

14. Anadene makluk papat iku padha ngucap: “Amin!” Sarta para pinituwa mau padha sumungkem sujud.