Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 15 Kitab Sutji (JAV)

Pamujine para kang unggul

15:1-4

1. Aku tumuli weruh pratandha liyane kang gedhe lan elok ana ing langit: ana malaekat pitu padha mbekta wewelak pitu kang wekasan, awit iku kang dadi pantoging bebenduning Allah.

2. Karodene aku weruh rerupan kaya sagara kaca campur geni, sarta para wong kang wus unggul anggone perang karo si kewan lan recane, sarta cacahe petungane jenenge, padha ngadeg ana ing pinggiring sagara gedhah mau. Sarta iku padha nyekel clempunge Gusti Allah.

3. Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine:“Agung saha elok pakaryan Paduka,dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos!Adil saha leres margi Paduka punika,dhuh Ratunipun sadaya bangsa!

4. Dhuh Pangeran, sinten ingkang boten ajrih,saha boten ngluhuraken Asma Paduka?Awit namung Paduka piyambak ingkang suci;amargi sakathahipun bangsa sami badhe sowansarta nyembah sujud dhateng Paduka,sabab sampun katingal leresing sadaya pangadilan Paduka.”

Malaekat pitu lan tuwung bebenduning Allah pitu

15:5-8

5. Sawuse mangkono aku tumuli weruh wong ngengakake Padaleman Suci -- tarub paseksen -- ing swarga.

6. Sarta malaekat pitu kang mbekta wewelak pitu mau, padha miyos saka ing padaleman Suci, ngagem lawon putih resik tuwin gumilap lan jajane apaningset mas.

7. Makluk siji ing antarane makluk papat mau tumuli ngulungake bokor mas pitu marang malaekat pitu mau, kabeh kebak isi bebenduning Allah kang gesang langgeng ing salawas-lawase.

8. Padaleman Suci mau tumuli kebak pega awit saka kaluhurane lan panguwaosing Allah, sarta ora ana wong siji-sijia kang bisa lumebu ing Padaleman Suci iku, sadurunge wewelak pitu kang kaasta dening malaekat pitu mau rampung.