Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 2 Kitab Sutji (JAV)

Marang pasamuwan ing Efesus

2:1-7

1. “Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Efesus: Iki pangandikane kang ngasta lintang pepitu ing astane tengen lan kang mlampah-mlampah ing antarane padamaran mas pepitu iku.

2. Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira: iya marang rekasanira iya marang kaantepanira. Ingsun ngudaneni, manawa sira ora bisa nyabari para wong duraka, lan manawa sira wus ndadar wong-wong kang ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatane dudu, manawa sira wus meruhi manawa iku padha tukang goroh.

3. Apa maneh sira tetep sabar sarta nandhang sangsara marga saka AsmaningSun; lan sira ora tau ngrasa sayah.

4. Sanadyan mangkono sira Ingsun waoni, dene sira wus ninggal katresnanira kang kawitan.

5. Kang iku sira elinga sapira jerone anggonira keplorod! Mula mratobata sarta nglakonana kaya panggawenira kang sakawit. Manawa ora mangkono, Ingsun mesthi bakal ngrawuhi sira, sarta Ingsun bakal mundhut padamaranira saka ing panggonane, manawa sira ora mratobat.

6. Nanging iki kang dumunung ing sira, yaiku dene sira nyengiti panggawene para panganute Nikolaus, kang uga Ingsun sengiti.

7. Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dipangandikakake dening Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.Sing sapa unggul, iku bakal Sunparingi mangan wohe wit panguripan kang ana ing Patamanane Pirdus Gusti Allah.”

Marang pasamuwan ing Smirna

2:8-11

8. “Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awal lan Sang Akhir, kang wus seda lan gesang maneh:

9. Ingsun ngudaneni ing kasusahanira lan kamlaratanira, -- ananging sira sugih -- apadene pangala-alane wong kang ngaku-aku wong Yahudi, mangka sanyatane dudu; dene satemene wong-wong iku paguyubane Iblis.

10. Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.

11. Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan:Sing sapa unggul, iku bakal ora nandhang susah ana ing pati kang kapindho.”

Marang pasamuwan ing Pergamus

2:12-17

12. “Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Pergamus: Iki pangandikane kang ngasta pedhang landhep kiwatengen:

13. Ingsun ngudaneni ana ing ngendi panggonanira, iya iku ing panggonane dhampare Iblis; ewadene sira ngugemi asmaningSun, sarta ora nyelaki pracayanira marang Ingsun, uga ora ing nalika jamane Antipas, seksiningSun, kang setya marang Ingsun kang dipateni ana ing ngarepira, ing padunungane Iblis.

14. Ananging sira ana sawatara kang Sunwaoni; ing antaranira ana sawatara kang padha ngugemi piwulange Bileam, kang ngajani Balak supaya njlomprongake wong Israel, supaya padha mangana sesajene brahala sarta laku jina.

15. Mangkono uga ing antaranira ana kang padha ngugemi piwulange panganute Nikolaus.

16. Marga saka iku sira mratobata! Manawa ora mangkono, Ingsun bakal dumrojog ngrawuhi sira sarta Ingsun bakal nempuh perang marang wong-wong mau kalawan pedhang kang ana tutukingSun iki.

17. Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan:Sing sapa unggul, bakal Sunparingi mangan mana kang piningit, sarta Sunganjar watu putih, kang ing dhuwure katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani.”

Marang pasamuwan ing Tiatira

2:18-29

18. “Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Tiatira: Iki pangandikane putraning Allah, kang tingale kaya urubing geni lan sampeyane kaya tembaga:

19. Ingsun ngudaneni panggawenira kabeh: iya katresnanira, iya pracayanira, apadene pangabdinira lan kaantepanira. Ingsun nguningani, manawa panggawenira kang wekasan iku ngluwihi kang wiwitan.

20. Nanging sira Sunwaoni, amarga sira ngumbar Izebel, wong wadon kang ngaku-aku nabi, memulang lan nasarake para abdiningSun supaya laku jina lan mangan sesajene brahala.

21. Lan Ingsun wus paring inah marang wong mau supaya mratobata, nanging ora gelem mratobat saka anggone laku jina.

22. Wruhanira, wong iku bakal Sungluntungake ing paturon, Sundadekake lara lan para kang laku jina karo wong mau bakal Suntempuh ing sangsara gedhe, manawa padha ora mratobat mareni pratingkahe iku.

23. Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.

24. Nanging sira, iya iku wong-wong liyane kang ana ing Tiatira, kang ora ngugemi piwulang iku, lan kang ora nyinau ing wadi-wadining Iblis, kayadene anggone ngarani, iku Sundhawuhi mangkene: Ingsun ora karsa ngetrapi momotan liyane marang sira.

25. Nanging apa kang sira duweni iku kukuhana nganti sarawuhingSun.

26. Dene sing sapa unggul lan nindakake ayahaningSun nganti tumeka ing wekasan, iku bakal Sunganjar panguwasa mengku para bangsa,

27. lan iku bakal padha direh kalawan teken wesi; sarta wong-wong iku bakal karemuk kaya grabah, -- padha kaya kang Ingsun tampeni saka RamaningSun --,

28. apadene bakal Sunganjar lintang panjer esuk.

29. Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”