Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 17 Kitab Sutji (JAV)

Putusan tumrap kutha Babil

17:1-18

1. Salah sawijining malaekat pitu kang ngasta bokor pitu mau, rawuh sarta ngandika marang aku: “Mrenea, kowe daktuduhi paukumane si sundel gedhe, kang lungguh ana ing papan kang akeh banyune.

2. Kang dadi bedhangane para raja ing bumi, lan para wong kang manggon ing bumi wus padha mendem dening angguring bedhange.”

3. Sajrone aku kalimputan ing Roh aku kagawa menyang ing pasamunan. Ing kono aku weruh ana wong wadon nunggang kewan abang sulak wungu, kang awake sakojur kacirenan jeneng-jeneng panyenyamah. Endhase pitu lan sungune sapuluh.

4. Dene wong wadon mau nganggo jarit wungu lan jingga, sarta nganggo pasren mas, sesotya tuwin mutyara, tangane nyekel tuwung mas kang kebak isi sakehing barang kang saru lan jejembering laku jina.

5. Lan ing bathuke kacirenan jeneng, sawijining wewadi: “Babil gedhe baboning para tunasusila lan sakehing kanisthan ing bumi.”

6. Anadene aku weruh wong wadon mau mendem getihe para suci lan para seksine Gusti Yesus.Aku gumun banget nalika ndeleng iku mau.

7. Malaekat mau tumuli ngandika marang aku: “Yagene kowe kok gumun? Kowe dakkandhani bab wadine wong wadon lan wadine kewan tunggangane kang endhase pitu lan sungune sapuluh iku.

8. Kewan kang kokdeleng iku maune ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng, sarta marani ing karusakan. Anadene para kang manggon ana ing bumi, kang jenenge ora katulisan ing buku kauripan wiwit jagad tinalesan, iku bakal padha kaeraman, samangsa padha weruh si kewan, dene maune ana saiki ora ana, mangka bakal ana maneh.

9. Kang prelu ing kene yaiku budi kang wicaksana: endhas pitu iku ngibarati gunung pitu, kang dilungguhi dening wong wadon mau.

10. Karodene uga ngibarati ratu pitu; kang lima wus padha ambruk, kang siji saiki ana, sijine durung teka, dene samangsa wus teka, iku tetep mung sawatara mangsa.

11. Anadene si kewan kang maune ana, saiki ora ana, iku dhewe dadi raja kang kawolu lan sanadyan mangkono dadi panunggalane kang pitu iku, sarta marani karusakan.

12. Dene sungu sapuluh kang kokdeleng iku ratu sapuluh kang durung wiwit mrentah, nanging bakal padha nampani panguwasaning ratu, bebarengan karo si kewan suwene sajam.

13. Iku padha sarujuk, masrahake kasekten lan panguwasane marang si kewan iku.

14. Lan iku kabeh bakal padha nempuh perang nglawan Sang Cempe. Nanging bakal dikalahake dening Sang Cempe lan para kang tinimbalan lan kang padha pinilih apadene kang setya, amarga Panjenengane iku Gustine para gusti lan Ratune para ratu.”

15. Malaekat mau tumuli ngandika marang aku: “Kabeh banyu kang kokdeleng, kang dilungguhi dening wanita tunasusila iku ngibarati para bangsa lan rakyat akeh tuwin golongan apadene basa.

16. Dene sungu sapuluh kang kokdeleng lang kewan iku bakal padha sengit marang si tunasusila iku, lan bakal didadekake kapiran lan diwudani tuwin dipangan daginge, wasana diobong kalawan geni.

17. Amarga atine wus diwangsit dening Gusti Allah supaya nglakoni kang dadi karsane kanthi tunggal sedya, apadene supaya masrahake paprentahane marang si kewan, nganti tumeka pangandikane Gusti Allah wus padha katetepan kabeh.

18. Anadene wong wadon kang kokdeleng iku, ngibarati kutha gedhe kang ngereh para ratu ing bumi.”